Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 2 >> 

1Kawula namung presasat sekar alasan ing Saron. Sekar bakung ing lebak paredèn. Pengantèn lanang:

2Kaya kembang ing antarané eri, ya mengkono kekasihku ing antarané para wong wadon. Pengantèn wadon:

3Kaya wit apel ing antarané wit-witan ing alas, ya mengkono kekasihku yèn katandhing karo para priya. Aku seneng ngéyub ing ngisoré, lan legining rasané dadi pekaremanku.

4Aku diajak menyang gedhong pésta, lan sih-katresnané tansah dakrasakaké.

5Kekuwatanku bali menèh merga mangan kismis, lan awakku pulih seger mangan apel, merga awakku mauné lemes déning kasmaran.

6Sirahku disangga nganggo astané kiwa, astané tengen ngelus-elus aku.

7Hé para putri ing Yérusalèm. Kowé padha janjia dadia kidang utawa menjangan, ora arep ngganggu aku sing lagi kasmaran. Pengantèn wadon:

8Aku krungu swarané kekasihku, rawuhé presasat nglumpati gunung-gunung, nrabas metu punthuk-punthuk enggoné marani aku.

9Kekasihku kaya kidang, kaya menjangan lanang sing isih nom. Panjenengané jumeneng ing sisihé témbok, banjur ngungak ing jendhéla, mirsani liwat sela-selaning ruji.

10Kekasihku banjur ngandika. Pengantèn lanang: Mrénéa kekasihku, lungguha ing kéné karo aku!

11Mangsa bedhidhing wis liwat, udané wis terang.

12Ing pedésan kembang-kembang wis mekar, saiki mangsané menyanyi; pambekuré manuk dara keprungu ing ara-ara.

13Wohé wit ara wis wiwit padha mateng, gandané kembang wit anggur sumebar ing endi-endi. Mrénéa wong ayu, kekasihku, mrénéa karo aku.

14Kowé kaya dara sing ndhelik ing sela-selané gunung karang. Aku dakndeleng ayuné rupamu, lan ngrungokaké swaramu sing ngresepaké.

15Ayo padha dicekel asu wawar sing ngrusak kebon anggur kita, sing saiki lagi kembang. Pengantèn wadon:

16Kekasihku kuwi duwèkku dhéwé, lan aku kagungané kekasihku, kang nunggoni wedhusé ana ing ara-ara bakung,

17nganti tekané angin wayah ésuk, lan pepeteng sumilak. Kekasihku banjur kondur, tindaké kaya playuné kidang, kaya menjangan lanang sing mlumpat-mlumpat ing pegunungan.



 <<  Kidung Agung 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel