Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 5 >> 

1Pengantèn lanang: Adhikku, kekasihku, aku mlebu ing tamanku, aku nglumpukaké wewangèn lan blendok mur; aku mangan madu lan tala, aku ngombé anggur lan powan. Pengantèn wadon: Mangga kadhahara lan kaunjuka, kekasih ingkang kasmaran, ngantos mendema katresnan. Pengantèn wadon:

2Aku teturon, nanging atiku melèk, sajroning ngimpi aku krungu kekasihku thothok-thothok lawang, pangandikané: Pengantèn lanang: "Hé adhikku, kekasihku, dara ingon-ingonku, aku wenganana. Sirahku klebus ebun, lan rambutku teles déning pedhut." Pengantèn wadon:

3"Kawula sampun cucul rasukan, menapa kedah dandan malih? Kawula sampun wisuh suku, menapa kedah kawula damel reged malih?"

4Kekasihku ndemèk cekelané lawang, mula atiku trataban bareng Panjenengané cedhak.

5Aku banjur tangi arep ngengakaké lawang, rumangsaku tanganku glumut blendok mur. Bareng ndemèk pentholing lawang drijiku teles merga déning lenga mur.

6Lawangé dakbukak arep nglebokaké kekasihku, jebul Panjenengané wis ora ana. Panjenengané wis tindak. Kaya pecata nyawaku saka kepéngin ngrungu pangandikané. Panjenengané dakgolèki, nanging ora ketemu, dakundang, nanging ora mangsuli. Kaya semaput-semaputa aku bareng Panjenengané ngical.

7Aku kepethuk karo wong jaga kutha; aku digebugi nganti babak-belur, lan kemulku direbut.

8Hé putri ing Yérusalèm, kowé janjia marang aku, samasa ketemu karo kekasihku, matura yèn aku nandhang lara brangta. Para wong wadon ing Yérusalèm:

9Hé wong sing ayu dhéwé, kekasihmu kuwi kacèké apa karo wong-wong liyané? Sing kinacèk kuwi apané, déné aku kokkon janji mengkono? Pengantèn wadon:

10Kekasihku bagus lan rosa; munjuli wong saleksa.

11Pasuryané abang sumringah lan alus; rémané ngombak banyu, ireng kaya wuluné gagak.

12Tingalé élok kaya manuk dara sing mabur ing sandhuwuré kali; dara sing adus powan, ngadeg ing pinggiring kali.

13Pipiné kaya tamanan, kebak tetuwuhan sing wangi. Lathiné kaya kembang bakung, teles déning lenga mur.

14Astané élok, ngagem sesupé akik sing adi. Srirané kaya gadhing lemes, sing ditrètès akik safir.

15Sampéyané kaya watu marmer ing umpak emas, dedegé kaya gunung ing Libanon, agung lan pinunjul kaya wit èrès.

16Tutuké manis yèn dicucup, sekabèhé sing ana Panjenengané nengsemaké aku. Kaya mengkono mau kekasihku, hé putri-putri ing Yérusalèm.



 <<  Kidung Agung 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel