Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 6 >> 

1Para wong wadon ing Yérusalèm: Hé wong sing ayu dhéwé, menyang endi ta parané kekasihmu? Kandhaa, lakuné menyang ngendi, supaya aku bisa mèlu nggolèki? Pengantèn wadon:

2Kekasihku tindak menyang petamanané, panggonané wit-witan sing metokaké blendok mur. Panjenengané angèn wedhus-wedhusé, karo methiki kembang bakung.

3Kekasihku kuwi duwèkku, lan aku iki kagungané; Panjenengané angèn ana ing tengahé kembang-kembang bakung. Pengantèn lanang:

4Kekasihku, ayumu kaya kutha Yérusalèm, nengsemaké kaya kutha Tirza, nggumunaké kaya kutha gedhé loro mau.

5Mripatmu aja ngawasaké aku, sebab aku kepéncut banget. Rambutmu ngombak banyu, kaya pepanthan wedhus gèmbèl medhun saka Gunung Giléad.

6Untumu putihé kaya pepanthaning wedhus gèmbèl sing mentas diguyang. Kabèh padha meteng kembar, ora ana sing gabug.

7Pipimu sing ndurèn sajuring sumringah ana ing sangisoring krudhungmu.

8Karebèn Sang Prabu kagungan pramèswari sewidak, selir wolung puluh, lan prawan tanpa pétungan!

9Nanging sing dakkasihi mung siji, lan kuwi ayuné kaya manuk dara. Wong kuwi anak ontang-antingé ibuné, anak sing ditresnani banget. Saben wong wadon kepéngin ndeleng lan ngalem, para pramèswari lan para selir kabèh padha ngalem!

10Sapa ta wong sing mripaté mencorong kaya wayah byar, éndah kaya rembulan, kencar-kencar kaya srengéngé?

11Aku mau medhun ndeleng kebonku kenari, lan tanduran-tanduran sing ana ing lebak, sarta wit-wit anggur sing lagi padha ngetokaké pupus, mengkono uga wit dlima sing kembangé lagi padha mekar.

12Aku gemeter, aku gemeter merga kasmaran karo kowé, rumangsaku kaya-kaya aku nunggang kréta sing arep maju perang. Para putri ing Yérusalèm:

13Njogèd-njogèda putri Sulam. Ayo padha ndeleng jogèdané putri Sulam. Pengantèn wadon: Yagéné kowé padha seneng ndeleng putri Sulam njogèd? Yèn aku njogèd, jogèdanku kuwi jogèd perang!



 <<  Kidung Agung 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel