Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 10 >> 

1Ing kutha Kaisaréa ana wong, jenengé Kornélius. Kornélius kuwi pangkaté kaptèn ana ing angkatan darat Rum, sing karan: ‘Pasukan Italia’.

2Kornélius mau wong sing precaya marang Gusti Allah, dhèwèké dhéwé lan brayaté kabèh padha ngabekti marang Gusti Allah, mula ajeg olèhé ndedonga ana ing ngarsané Gusti Allah, apa déné akèh pitulungané marang wong Yahudi sing miskin.

3Ing sawijining dina kira-kira jam telu soré, Kornélius ana ing sajroné wahyu, diketingali déning malaékat. Malaékat mau ngandika: "Kornélius!"

4Kornélius wedi banget ndeleng malaékat mau, nuli mangsuli: "Kawula Gusti!" Malaékat nuli ngandika menèh: "Pandongamu lan dedanamu wis ditampi becik lan dièngeti déning Gusti Allah.

5Saiki kowé akona wong sawetara supaya lunga menyang kutha Yopé, ngundang wong sing jenengé Simon Pétrus.

6Simon Pétrus mau nginep ana ing omahé tukang samak, sing jenengé uga Simon. Omahé ana ing pinggir segara."

7Salungané malaékat mau, Kornélius nuli ngundang baturé loro lan prejurit siji, wong precaya.

8Kornélius nuli nyritakaké apa sing mentas kelakon, banjur akon wong-wong mau padha mangkat menyang kutha Yopé.

9Ésuké, wetara tengah dina, bareng lakuné kongkonan mau wis mèh tekan kutha Yopé, Rasul Pétrus munggah ing payoning omah, arep ndedonga.

10Rasul Pétrus krasa luwé lan kepéngin mangan. Sajroné méjané lagi ditata, Rasul Pétrus olèh wahyu.

11Sajroning wahyu mau katon langité kawiyak, lan ana kaya mori amba sing poncoté papat ditalèni. Mori mau diulur mudhun saka langit menyang bumi.

12Ing njeroné mori mau ana kéwan dharat rupa-rupa, ana kéwan sikil papat, ana kéwan sing rumangkang, lan manuk-manuk alasan.

13Nuli ana swara sing dhawuh marang Rasul Pétrus: "Pétrus, ngadega! Sembelèhen lan panganen!"

14Nanging Rasul Pétrus matur: "Mboten Gusti! Kawula dèrèng naté nedha tetedhan ingkang karam utawi najis!"

15Nanging swara mau nuli ngandika menèh marang Rasul Pétrus: "Kowé aja nganggep karam marang sing wis dikalalaké déning Gusti Allah."

16Kedadéan kaya mengkono mau nganti rambah kaping telu. Sawisé kuwi mori mau diunggahaké menèh menyang langit.

17Rasul Pétrus mikir-mikir apa maknané wahyu mau. Nalika iku wong-wong sing dikongkon déning Kaptèn Kornélius, sawisé takon-takon endi omahé sing dipondhoki Rasul Pétrus, wis tekan ngareping régol.

18Wong-wong mau padha takon: "Menapa ing ngriki wonten tamu, ingkang asmanipun Pétrus?"

19Nalika Rasul Pétrus isih nggagapi maknané wahyu mau, banjur dingandikani déning Sang Roh Suci: "Pétrus, ana wong telu nggolèki kowé.

20Énggal mudhuna, lan aja mangu-mangu mangkat bebarengan karo wong-wong kuwi, sebab Aku wis ngutus wong-wong mau mréné."

21Rasul Pétrus nuli mudhun lan kandha marang wong-wong mau: "Iya aku iki wong sing kokgolèki. Ana prelumu apa kowé padha mréné?"

22Wong-wong mau nuli padha matur: "Dhateng kula mriki dipun kèngkèn déning Kaptèn Kornélius. Piyambakipun menika tiyang saé, ingkang ngabekti dhateng Gusti Allah lan kajèn ing antawisipun bangsa Yahudi sedaya. Kaptèn Kornélius menika dipun ketingali déning malaékatipun Gusti Allah, ingkang dhawuh supados ngaturi panjenengan rawuh ing griyanipun, supados Kaptèn Kornélius saged mireng menapa ingkang panjenengan dhawuhaken."

23(10-23a) Wong-wong mau nuli dikon nginep ana ing kono. (10-23b) Ésuké Rasul Pétrus, sawisé tata-tata, nuli mangkat bareng wong-wong kongkonané Kaptèn Kornélius. Ana sawetara wong precaya saka kutha Yopé, sing uga padha mèlu.

24Ésuké menèh Rasul Pétrus lan rombongané tekan ing kutha Kaisaréa. Kaptèn Kornélius wis ngentèni, mengkono uga sanak seduluré lan kanca-kancané cedhak sing padha diundang mrono.

25Bareng Rasul Pétrus rawuh Kornélius nuli methukaké lan sungkem ana ing ngarepé Rasul Pétrus.

26Nanging Rasul Pétrus akon Kornélius ngadeg, karo dikandhani: "Kula aturi ngadeg, awit kula menika tiyang limrah kémawon."

27Sambi ngandikan karo Kornélius, Rasul Pétrus mlebu omah lan ketemu karo wong akèh sing padha ngumpul ana ing kono.

28Rasul Pétrus nuli ngandika marang wong-wong mau: "Panjenengan sami mangertos, bilih tiyang Yahudi menika dipun awisi déning agaminipun tetuwi utawi sesrawungan kaliyan tiyang-tiyang sanès Yahudi. Nanging Gusti Allah sampun maringi pirsa dhateng kula, bilih mboten leres menawi kula nganggep tiyang najis utawi karam.

29Awit saking menika, nalika kula dipun pethuk kapurih mriki, kula sagahi. Samenika kula aturi ngandikakaken menapa wigatosipun, déné kula panjenengan timbali mriki?"

30Kornélius banjur mangsuli: "Wetawis tigang dinten kepengker, nalika kula ngleresi ndedonga jam tiga siang, wonten ing griya kula, wonten malaékat rawuh, ngagem ageman gilap, jumeneng wonten ing ngajeng kula.

31Malaékat wau ngandika: ‘Kornélius! Gusti Allah wis miyarsakaké pandongamu lan ngèngeti enggonmu seneng dedana.

32Kongkonana wong menyang kutha Yopé, konen ngundang wong sing jenengé Simon Pétrus. Pétrus mau nginep ana ing omahé tukang samak, jenengé Simon, sing omahé ana ing pinggir segara.’

33Menika sebabipun kula énggal-énggal ngaturi panjenengan, lan saking saéné penggalih panjenengan, panjenengan sampun kersa tindak mriki. Samenika kula sampun sami ngempal wonten ing ngriki, wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, kepéngin mirengaken menapa kémawon ingkang sampun kadhawuhaken déning Gusti Allah ingkang prelu panjenengan wedharaken dhateng kula sedaya."

34Rasul Pétrus nuli ngandika mengkéné: "Nembé samenika kula mangertos saèstu, bilih Gusti Allah menika mboten mbédak-mbédakaken tiyang.

35Sinten ke’mawon ingkang pitados dhateng Panjenenganipun, sarta nindakaken ingkang leres, mboten preduli saking bangsa menapa kémawon, tiyang wau mesthi katampi.

36Panjenengan sami pirsa pawartos, ingkang kaparingaken déning Gusti Allah dhateng bangsa Israèl, inggih menika Injil, inggih menika bab katentreman lantaran Gusti Yésus Kristus, Gustinipun manungsa sedaya.

37Panjenengan sami pirsa menapa ingkang kedadosan ing satanah Yudéa sedaya, wiwit saking tanah Galiléa, sasampunipun baptisan ingkang dipun wartosaken déning Nabi Yohanes Pembaptis.

38Panjenengan temtunipun inggih sampun naté mireng bab Gusti Yésus ingkang kaparingan Roh Suci sarta pangwaos. Gusti Yésus wau lajeng tindak mider-mider paring pitulungan sarta nyarasaken tiyang-tiyang sedaya, ingkang dipun kwaosi déning Iblis, sebab Gusti Allah nunggil kaliyan Gusti Yésus.

39Kula sedaya menika seksi-seksinipun tumrap sedaya prekawis ingkang dipun tindakaken déning Gusti Yésus ing negarinipun tiyang Yahudi lan ing kitha Yérusalèm. Éwadéné Gusti Yésus dipun salib lan dipun sédani déning tiyang Yahudi.

40Nanging ing tigang dintenipun Gusti Allah mungokaken saking séda, sarta ngetingalaken Panjenenganipun.

41Nanging mboten dhateng angger tiyang, namung kula sedaya, ingkang sampun kapilih déning Gusti Allah dados seksi-seksinipun. Kula sami nedha lan ngombé sesarengan kaliyan Gusti Yésus, sasampunipun Gusti Allah mungokaken Gusti Yésus wau saking séda.

42Gusti Yésus wau ndhawuhi kula sedaya, supados kula sami ngabaraken Injil dhateng sedaya manungsa lan suka paseksi, bilih Gusti Yésus menika ingkang dipun utus déning Gusti Allah, dados Hakim ingkang ngadili tiyang-tiyang ingkang taksih gesang lan tiyang-tiyang ingkang sampun pejah.

43Sedaya nabi damel paseksi srana ngandika, bilih sok sintena ingkang pitados dhateng Gusti Yésus, dosa-dosanipun badhé dipun apunten awit saking pangwaosipun."

44Sajroné Rasul Pétrus isih ngandika, dumadakan wong kabèh sing padha ngrungokaké piwulang mau padha katedhakan lan kapenuhan ing Roh Suci.

45Wong-wong precaya bangsa Yahudi, sing padha mèlu teka karo Rasul Pétrus saka kutha Yopé, padha ora uwis-uwis enggoné gumun, déné Gusti Allah wis ngesokaké peparingé, yakuwi Sang Roh Suci, uga marang wong-wong dudu Yahudi.

46Wong-wong Yahudi padha krungu, yèn sing padha katedhakan Roh Suci kuwi padha caturan nganggo basa-basa sing anèh, lan padha memuji kamulyané Gusti Allah. Rasul Pétrus nuli ngandika:

47"Delengen, wong-wong kuwi iya wis padha nampa Rohé Pangéran, ora béda karo kita. Apa ana wong sing bisa ngalang-alangi menawa wong-wong iki padha dibaptis nganggo banyu?"

48Rasul Pétrus nuli akon wong-wong sing padha katedhakan Roh Suci mau dibaptis ing asmané Gusti Yésus. Sawisé kuwi wong-wong mau padha nyuwun supaya Rasul Pétrus kersa nginep ana ing omahé wong-wong mau sawetara dina menèh.



 <<  Kisah Para Rasul 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel