Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 11 >> 

1Para rasul lan para sedulur sing padha precaya marang Gusti Yésus ing tanah Yudéa padha krungu yèn wong dudu Yahudi (sing nganut agama kapir) uga wis padha nampani pangandikané Gusti Allah.

2Bareng rawuh ing kutha Yérusalèm, Rasul Pétrus digugat déning wong-wong precaya sing padha duwé penemu, yèn wong dudu Yahudi sing mlebu dadi wargané pasamuwané Gusti Yésus kudu ditetaki, wong-wong mau muni mengkéné:

3"Kénging menapa panjenengan kokmondhok ing griyanipun tiyang kapir ingkang mboten tetak, malah dhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang wau?"

4Mulané Rasul Pétrus nuli mènèhi lapuran jangkep prekara-prekara sing wis kelakon kabèh, wiwit saka wiwitan mengkéné:

5"Nalika kula saweg ndedonga wonten ing kitha Yopé, kula pikantuk wahyu, ketingalipun kados wonten mori wiyar ingkang pojokipun sekawan katangsulan. Mori wau kaandhapaken saking langit, mandheg ing ngajeng kula.

6Sareng kula tamataken kula sumerep ing nglebet mori wau wonten kéwan-kéwan suku sekawan, kéwan-kéwan galak lan kéwan-kéwan rumangkang saha peksi-peksi wana.

7Kula lajeng mireng swanten ingkang wicanten dhateng kula, mekaten: ‘Pétrus ngadega, sembelèhen lan panganen!’

8Nanging kula mangsuli: ‘Mboten, Gusti! Kula dèrèng naté nedha tetedhan ingkang karam utawi najis.’

9Swanten saking langit wau wicanten malih: ‘Kowé aja nganggep karam sabarang sing wis dikalalaké déning Gusti Allah.’

10Prekawis menika kelampahan ngantos kaping tiga. Sasampunipun menika lawon saisinipun lajeng kaangkat malih dhateng langit.

11Kaleresan nalika semanten wonten tiyang tiga dhateng ing griya ingkang kula sipengi. Tiyang-tiyang menika dipun utus saking kitha Kaisaréa, manggihi kula.

12Sang Roh Suci ngandika dhateng kula, supados kula mboten mangu-mangu tumut kaliyan tiyang-tiyang wau dhateng kitha Kaisaréa. Wonten sedhèrèk enem saking kitha Yopé ingkang tumut kula dhateng kitha Kaisaréa; nunten mlebet ing griyanipun Kaptèn Kornélius.

13Sadhateng kula ing ngriku, Kaptèn Kornélius ugi lajeng nyariyosaken dhateng kula sedaya, bilih piyambakipun dipun ketingali déning malaékat wonten ing griyanipun, dhawuh dhateng Kaptèn Kornélius mekaten: ‘Kongkona wong menyang kutha Yopé, nemoni wong sing jenengé Simon Pétrus.

14Pétrus kuwi bakal nyritakaké marang kowé patrapé enggonmu sabrayat bakal dislametaké!’

15Sareng kula wiwit wicanten, dumadakan Sang Roh Suci nedhaki tiyang-tiyang menika, sami kaliyan ingkang kita alami nalika wiwitan.

16Kula lajeng kèngetan menapa ingkang sampun naté dipun ngandikakaken déning Gusti Yésus mekaten: ‘Yohanes mbaptis nganggo banyu, nanging kowé bakal dibaptis nganggo Roh Suci.’

17Srana mekaten cetha, bilih Gusti Allah piyambak sampun maringaken dhateng tiyang-tiyang sanès Yahudi, peparing ingkang sami kaliyan ingkang kita tampi, nalika kita pitados dhateng Gusti Yésus Kristus. Awit sinten ta kula menika, kokwani ngalang-alangi Gusti Allah?"

18Bareng krungu critané Rasul Pétrus sing mengkono mau, wong-wong ora padha nyalahaké Rasul Pétrus menèh, malah banjur padha memuji marang Gusti Allah, karo muni: "Yèn mengkono Gusti Allah uga wis maringi wewengan marang wong-wong liya bangsa, sing padha nganut agama kapir, supaya padha mratobat, temahan padha urip."

19Wong-wong precaya padha buyar, merga saka panguya-uya, sawisé Stéfanus dipatèni. Enggoné buyar mau nganti ana sing tekan tanah Fénisia, tekan pulo Siprus, lan tekan kutha Antiokia. Wong-wong precaya sing padha buyar kuwi ana ing panggonan anyar mau padha ngabaraké Injil mung marang wong-wong Yahudi.

20Nanging ana sawetara wong precaya anyaran, sing satekané ing pulo Siprus lan kutha Kiréné, banjur lunga menyang kutha Antiokia. Ana ing kono wong-wong precaya mau nuli ngabaraké Injil marang wong-wong bangsa liya, sing nganut agama kapir, yakuwi Injil bab Gusti Yésus.

21Pangwasané Gusti Yésus nunggil karo wong-wong precaya mau, lan akèh wong sing sawisé nampa pawarta nuli padha precaya lan mratobat marang Gusti Yésus.

22Pasamuwan ing kutha Yérusalèm, bareng krungu kabar bab pasamuwan ing kutha Antiokia mau, nuli ngutus Barnabas mrana.

23Satekané ing kono, Barnabas weruh wong-wong precaya ing kono padha kaberkahan déning Gusti Allah. Barnabas bungah banget lan ngatag para sedulur-sedulur sing precaya mau, supaya klawan mantep padha tetepa setya lan tulusa precayané marang Gusti Yésus.

24Barnabas kuwi wong becik sing kapenuhan ing Roh Suci lan precaya. Akèh wong sing merga piwulangé nuli padha precaya marang Gusti Yésus.

25Sawisé kuwi Barnabas nuli lunga menyang kutha Tarsus, nggolèki Saulus.

26Bareng wis ketemu, Saulus nuli diajak menyang kutha Antiokia. Barnabas lan Saulus ana ing pasamuwan kono mulang wong akèh nganti setaun lawasé. Ya ana ing Antiokia kono para muridé Gusti Yésus wiwit disebut wong Kristen.

27Nalika semana ana nabi sawetara saka kutha Yérusalèm teka ing kutha Antiokia.

28Ing antarané nabi-nabi mau ana sing jenengé Agabus. Agabus mau merga kawangsit déning Sang Roh Suci meca, yèn ing salumahing bumi bakal ana pailan gedhé. (Pailan gedhé mau kelakoné nalika Kaisar Klaudius ngasta pepréntahan.)

29Para murid mau nuli sarujuk ngirim sumbangan marang para sedulur nunggal precaya sing padha ana ing tanah Yudéa, saben wong miturut kekuwatané lan lilané atiné dhéwé-dhéwé.

30Sawisé nindakaké mengkono, dhuwit-dhuwit sumbangan mau dikirimaké marang para pinituwané pasamuwan ing kutha Yérusalèm, lantaran Barnabas lan Saul.



 <<  Kisah Para Rasul 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran