Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 2 >> 

1Ing dina Riaya Péntakosta nalika wong precaya kabèh padha nglumpuk,

2dumadakan ana swara saka ing langit, kaya gumrubuging angin gedhé. Swara mau ngebaki omah sing dienggo kumpulan.

3Wong-wong mau nuli padha weruh rerupan kaya urubing geni ilat-ilatan, méncok ing saben wong sing ana ing kono.

4Wong kabèh mau nuli padha kapenuhan ing Roh Suci, sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa sing béda-béda, manut apa sing dikersakaké déning Sang Roh Suci.

5Nalika semana ing Yérusalèm ana wong-wong Yahudi, wong-wong mursid, sing teka saka negara ngendi-endi, ing salumahing bumi.

6Bareng wong-wong kuwi padha krungu swara mau nuli padha gumrudug marani panggonan kono. Wong-wong padha gumun lan judheg, merga saben wong krungu para rasul lan murid-murid kuwi padha guneman nganggo basané wong-wong sing padha teka mau.

7Wong kabèh saking gumuné dadi njenger, nuli padha muni: "Apa sing padha guneman kuwi dudu wong Galiléa?

8Kepriyé déné kita kokpadha krungu wong kuwi guneman nganggo basa kita dhéwé-dhéwé?

9Kita rak wong-wong saka: Partia, Média, Élam, tanah Mésopotamia, Yudéa, lan Kapadhokia, Pontus lan Asia,

10Frigia lan Pamfilia, Mesir lan wewengkoné tanah Libia, cedhak Kiréné, wong-wong manca saka negara Rum,

11ya wong Yahudi asli, ya wong sing mlebu agama Yahudi, wong Kréta lan wong Arab, kita kabèh padha krungu wong-wong kuwi guneman nganggo basa kita dhéwé-dhéwé, bab luhuring pakaryané Gusti Allah."

12Wong mau kabèh padha kaéraman lan bingung, sing siji takon marang sijiné: "Gèk apa iki tegesé?"

13Nanging ana uga wong sing moyoki wong-wong mau, uniné: "Wong kuwi rak padha mendem!"

14Rasul Pétrus nuli ngadeg, semono uga kancané rasul sewelas. Klawan swara sora Rasul Pétrus banjur kandha ana ing ngarepé wong kabèh mau, mengkéné: "Para sedhèrèk kula bangsa Yahudi, lan para sedhèrèk sedaya ingkang manggèn ing kitha Yérusalèm, kula aturi mirengaken atur kula, supados prekawis menika dados cetha tumrap panjenengan sedaya.

15Tiyang-tiyang menika sanès tiyang mendem, kados panginten panjenengan, sebab samenika rak saweg jam sanga énjing.

16Prekawis menika rak ingkang sampun kaweca déning Nabi Yoèl:

17Pangandikané Gusti Allah, ‘Iki sing bakal Daktindakaké ing dina wekasan, Aku bakal maringaké Roh-Ku marang manungsa kabèh. Anakmu lanang lan wadon bakal padha nerangaké kersané Gusti Allah. Para nom-nomanmu bakal padha tampa wahyu, lan wong-wong tuwamu bakal padha olèh impèn.

18Ing dina kuwi dalah para abdimu sing asor dhéwé, lanang lan wadon, bakal Dakparingi Roh-Ku, lan bakal padha nerangaké kersa-Ku.

19Aku bakal nganakaké mujijat-mujijat ana ing langit ndhuwur, lan prekara-prekara sing nggumunaké ana ing bumi ngisor. Ing kono bakal ana getih, geni lan kukus kumelun.

20Srengéngé bakal malih dadi peteng, sarta rembulan bakal dadi abang kaya getih, sadurungé tekan Dinané Pangéran sing agung lan luhur.

21Ing mangsa kuwi saben wong sing nyebut asmané Pangéran bakal tampa pitulungan.’

22Para sedhèrèk kula Israèl! Kula aturi mirengaken tembung kula menika, inggih menika bab Gusti Yésus saking Nasarèt. Panjenenganipun menika Tiyang ingkang kautus déning Gusti Allah. Prekawis menika sampun panjenengan sipati sedaya srana mujijat-mujijat, kaélokan-kaélokan, sarta pretandha-pretandha ingkang dipun wujudi déning Gusti Allah lumantar Gusti Yésus. Panjenengan piyambak sampun sami mangertos prekawis wau, awit sedaya wau kelampahanipun wonten ing antawis panjenengan ngriki.

23Manut kersa lan kawicaksananipun piyambak Gusti Allah sampun ngulungaken Gusti Yésus dhateng panjenengan sedaya. Gusti Yésus sampun panjenengan sédani, srana kasalib, lantaran tanganipun tiyang-tiyang dosa ingkang sami nyalib Panjenenganipun.

24Nanging sukur, déné Gusti Allah sampun mungokaken Gusti Yésus wau saking séda, sarta ngluwari Panjenenganipun saking sangsarané pejah, awit pejah mboten badhé ngwaosi Panjenenganipun.

25Sang Prabu Dawud sampun ngandika bab Panjenenganipun mekaten: ‘Aku selawasé ana ing ngarsané Gusti Allah; Panjenengané jumeneng ana ing tengenku, mulané aku ora wedi.

26Merga saka kuwi atiku seneng tembungku kebak kabungahan; lan tekan badanku pisan duwé pengarep-arep sing mantep.

27Sebab Paduka mboten badhé nilar kawula ing padununganipun tiyang pejah, sarta mboten négakaken abdi Paduka ingkang setya, ngalami karisakan.

28Paduka sampun nedahaken margi dhateng kawula, ingkang nuntun dhateng gesang; lan manah kawula kebak kabingahan, awit Paduka wonten sacelak kawula.’

29Para sedhèrèk sedaya! Keparenga kula criyos sawontenipun bab leluhur kita Sang Prabu Dawud. Panjenenganipun séda sarta kasarèkaken, lan pasaréanipun sepriki taksih wonten ing antawis kita.

30Sang Prabu Dawud menika inggih nabi, lan pirsa bab prejanjinipun Gusti Allah dhateng panjenenganipun ingkang kaparingaken kalayan supaos, bilih Gusti Allah badhé njumenengaken salah setunggaling turunipun dados ratu ingkang sekti, kados Sang Prabu Dawud piyambak.

31Sang Prabu Dawud wau pirsa, menapa ingkang badhé katindakaken déning Gusti Allah. Mila panjenenganipun saged meca bab wungunipun Sang Kristus, nalika ngandika: ‘Panjenengané ora bakal katégakaké ana ing padunungané wong mati; lan sarirané ora ditégakaké dadi rusak.’

32Inggih Gusti Yésus menika ingkang dipun wungokaken Gusti Allah saking séda. Déné kula sedaya menika sami dados seksinipun bab prekawis wau.

33Gusti Yésus samenika sampun mékrad dhateng swarga, sarta lenggah wonten ing tengenipun Gusti Allah, saha sampun nampèni Roh Suci saking Gusti Allah, kados ingkang sampun dados janjinipun. Roh Suci menika inggih sampun kaparingaken dhateng kula sedaya. Lan menapa ingkang sami panjenengan tingali lan panjenengan pireng, menika mboten sanès pedamelanipun Roh Suci menika piyambak.

34Sebab Sang Prabu Dawud piyambak mboten mékrad dhateng swarga, panjenenganipun namung ngandika: ‘Pangéran wis ngandika marang Gustiku:

35lungguha ing kéné, ing tengen-Ku, nganti mungsuh-Mu kabèh wis Dakdadèkaké ancik-anciking tlapakan-Mu!’

36Awit saking menika tiyang Israèl sedaya kedah mangertos kanthi yakin, bilih inggih Yésus ingkang panjenengan salib menika ingkang déning Gusti Allah sampun kajumenengaken Gusti lan Mèsias."

37Bareng wong akèh krungu ketrangan sing mengkono mau, atiné trenyuh banget. Nuli padha matur marang Rasul Pétrus lan para rasul liyané: "Para sedhèrèk, menawi mekaten menapa ingkang kedah kula lampahi?"

38Wangsulané Rasul Pétrus: "Panjenengan kula aturi sami mratobat, lan nyuwuna dipun baptis ing asmanipun Gusti Yésus Kristus, temah panjenengan badhé tampi pangapuntening dosa; lan tampi peparingipun Gusti Allah, inggih menika Sang Roh Suci.

39Sebab ingkang kaparingan prejanji menika panjenengan lan anak-anak panjenengan, sarta sedaya tiyang sanès Yahudi, ingkang dipun timbali déning Pangéran Allah kita."

40Kaya mengkono Rasul Pétrus enggoné akon wong-wong mau, apa déné enggoné ngatag-atag kanthi temen-temen, tembungé: "Sami milujengna gesang panjenengan saking paukuman, ingkang badhé ndhatengi tiyang-tiyang awon menika!"

41Akèh wong sing padha precaya marang pangandikané Rasul Pétrus mau, sarta dibaptis. Ing dina kuwi wong sing precaya tambah telung èwu jiwa.

42Wong-wong mau padha sregep nyinau piwulangé para rasul, mlebu dadi warganing pasamuwan lan kembul bujana sarta mèlu kumpulan pandonga.

43Akèh mujijat lan kaélokan sing ditindakaké déning para rasul, mulané saben wong padha wedi lan ngajèni banget.

44Para wong precaya mau padha lestari enggoné manunggal. Apa sing diduwèni dianggep dadi duwèké wong akèh.

45Ana sing padha ngedoli barang-barang sing diduwèni, lan pepayoné diedum-edum marang wong-wong miturut kebutuhané.

46Wong-wong mau saben dina padha ajeg ngumpul kaya déné masamuwan ana ing Pedalemané Allah; padha kembul bujana ana ing omahé para warga, giliran. Apa sing disuguhaké dipangan klawan bungah lan éklasing ati,

47sarta padha memuji marang Gusti Allah. Wong-wong mau padha kajèn lan disenengi déning masarakat. Saben dina cacahing wong sing padha dislametaké déning Gusti Allah mundhak-mundhak.



 <<  Kisah Para Rasul 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel