Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 22 >> 

1"Para bapak lan para sedhèrèk sedaya. Kula aturi mirengaken penjawab kula dhateng panjenengan sedaya."

2Krungu Rasul Paulus caturan nganggo basa Ibrani mau, wong kabèh saya mundhak antengé. Rasul Paulus nuli nerusaké enggoné awèh ketrangan.

3"Kula menika tiyang Yahudi, lair kula wonten ing kitha Tarsus, ing tanah Kilikia, lan dipun agengaken wonten ing kitha Yérusalèm, dados muridipun Mahaguru Gamalièl. Kula dipun wulang Torètipun para leluhur kita kalayan tliti, lan ngabekti dhateng Gusti Allah, mboten béda kaliyan panjenengan sedaya menika. Kula pancèn nglawan piwulang bab rancanganipun Gusti Allah lumantar Gusti Yésus menika.

4Mila tiyang-tiyang ingkang sami nganut ‘Piwulang Énggal’ menika kula kuya-kuya ngantos pejah. Tiyang-tiyang wau kula cepeng, jaler èstri, kula lebetaken ing kunjara.

5Imam Agung piyambak lan para warganing Pradata Agami minangka seksi, bilih kula mboten goroh. Sebab inggih para pengageng menika, ingkang maringi serat dhateng kula kanggé tiyang-tiyang Yahudi ing kitha Damsyik. Menika ateges kula dipun lilani nyepengi para penganutipun ‘Piwulang Énggal’ wau, sarta mbekta dhateng kitha Yérusalèm, supados sami kaukum."

6"Sareng lampah kula mèh dumugi kitha Damsyik, wancinipun tengah dinten, dumadakan wonten cahya ingkang mblerengi, sumorot saking langit nlorong kula.

7Kula lajeng dhawah ing siti, sarta mireng swanten mekaten: ‘Saulus, Saulus! Yagéné kowé nguya-uya marang Aku?’

8Kula lajeng takèn: ‘Panjenengan menika sinten Gusti?’ Wangsulanipun swanten wau: ‘Aku iki Yésus wong Nasarèt, sing kokkuya-kuya.’

9Tiyang-tiyang ingkang sami sesarengan kaliyan kula, inggih sumerep cahya wau, nanging mboten mireng swanten ingkang ngandika dhateng kula.

10Kula pitakèn malih: ‘Gusti! Menapa ingkang kedah kula lampahi?’ Gusti Yésus nunten ngandika: ‘Ngadega, lan lungaa menyang kutha Damsyik. Ana ing kono kowé bakal didhawuhi samubarang sing dikersakaké déning Gusti Allah, lan sing kudu koklakoni.’

11Cahya ingkang mblerengi wau murugaken kula wuta. Pramila kula lajeng dipun tuntun kanca-kanca kula mlebet dhateng kitha Damsyik.

12Ing ngriku wonten tiyang, namanipun Ananias, tiyang ingkang ngabekti dhateng Gusti Allah sarta netepi dhateng Torèt kita. Piyambakipun dipun éringi déning tiyang Yahudi sedaya ingkang wonten ing kitha Damsyik ngriku.

13Ananias wau dhateng lan ngadeg ing sacelak kula, sarta wicanten: ‘Sedulur Saulus, kowé bisaa ndeleng menèh.’ Sanalika menika ugi kula saged sumerep. Kula sumerep piyambakipun,

14lan piyambakipun wicanten dhateng kula mekaten: ‘Allahé para leluhur kita wis milih kowé, supaya kowé ngerti marang kersané, wanuh karo Gusti Yésus sing nglakoni kersané mau, sarta krungu dhawuhé piyambak marang kowé.

15Kowé bakal dadi seksiné, supaya nyritakaké marang saben wong, apa sing wis kokdeleng lan kokrungu.

16Saiki aja mangu-mangu menèh. Ngadega lan njaluka dibaptis supaya dosamu dilebur srana nyebut asmané Gusti Yésus.’"

17"Kula lajeng wangsul dhateng kitha Yérusalèm, lan nalika kula saweg ndedonga wonten ing Pedalemanipun Allah, kula pikantuk wahyu.

18Wonten ing wahyu wau Gusti Yésus ngandika dhateng kula mekaten: ‘Énggal lungaa saka kutha Yérusalèm kéné, sebab wong-wong ing kéné ora bakal precaya marang paseksimu bab Aku.’

19Kula lajeng matur: ‘Gusti, tiyang-tiyang menika sami mangertos, bilih kula sampun mlebet ing sinagogé-sinagogé, nyepengi lan nggebagi tiyang-tiyang ingkang sami pitados dhateng Panjenengan.

20Mekaten ugi nalika Stéfanus, ingkang suka paseksi bab Panjenengan dipun benturi séla, kula piyambak wonten ing ngriku lan nyarujuki enggènipun sami mbenturi Stéfanus wau, malah kula njagi sandhanganipun tiyang-tiyang ingkang sami mejahi piyambakipun!’

21Nanging Gusti Yésus ngandika malih: ‘Lungaa! Sebab kowé Dakutus nemoni bangsa kapir, sing adoh-adoh panggonané.’"

22Tekan semono wong akèh mau padha meneng, ngrungokaké andharané Rasul Paulus. Nanging sawisé kuwi wong akèh mau nuli padha bengok-bengok sarosané: "Patènana waé, wong kuwi! Patènana! Ora pantes wong kaya ngono urip!"

23Wong akèh mau padha bengok-bengok karo ngebut-ngebutaké jubahé lan nyawuraké lebu mendhuwur.

24Komandhané para prejurit banjur préntah marang para prejurité supaya Rasul Paulus digawa mlebu ing bètèng lan dipriksa nganggo dipilara; supaya ngerti, apa sebabé wong-wong Yahudi kokpadha bengok-bengok lan padha tumindak mengkono marang Rasul Paulus.

25Nanging kocapa, bareng Rasul Paulus dibanda lan arep dipecuti, kandha karo perwira sing ngadeg ana ing kono: "Apa miturut undhang-undhang kena mecuti warganing krajan Rum, tanpa diadili dhisik?"

26Bareng krungu yèn Rasul Paulus kuwi warga krajan Rum, perwira mau nuli marani komandhané lan matur: "Pak, panjenengan menika kadospundi! Tiyang menika jebul warganing krajan Rum!"

27Komandhané mau nuli marani Rasul Paulus lan takon: "Menapa èstu panjenengan menika warganing krajan Rum?" Wangsulané Rasul Paulus: "Kesinggihan."

28Komandhan mau nuli kandha: "Kula pikantuk wewenang dados warganing krajan Rum srana mbayar kathah!" Wangsulané Rasul Paulus: "Nanging kula dados warganing krajan Rum, adhedhasar kelairan kula."

29Sanalika kuwi uga para prejurit sing arep padha mriksa Rasul Paulus nuli padha mundur, lan komandhané dhéwé bareng ngerti yèn Rasul Paulus kuwi warganing krajan Rum, uga banjur wedi, sebab dhèwèké wis akon ngranté Rasul Paulus.

30Sarèhné komandhan mau kepéngin ngerti, apa satemené alasané wong-wong Yahudi mau kokpadha nggugat marang Rasul Paulus, mulané komandhan mau ésuké nuli ngumpulaké Pradataning Agama, sarta nguculi ranténé Rasul Paulus lan ngirid menyang ngarepané Pradata Agama mau.



 <<  Kisah Para Rasul 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel