Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 23 >> 

1Rasul Paulus mandeng marang para warganing Pradata Agama nuli muni mengkéné: "Para sedhèrèk kula sedaya! Tumrap gesang kula, kula saged ngaturi pirsa, bilih dumugi dinten menika manah kula resik wonten ing ngarsanipun Gusti Allah."

2Dumadakan Imam Agung Ananias ndhawuhi wong-wong sing padha ana ing sacedhaké Rasul Paulus, supaya napuk tutuké.

3Nuli dijawab déning Rasul Paulus: "Gusti Allah mesthi badhé napuk panjenengan. Panjenengan menika témbok kalabur pethak! Panjenengan lenggah wonten ing ngriku badhé ngadili kula manut Torèt, nanging panjenengan piyambak akèn tiyang napuk kula, menika nerak Torèt."

4Wong-wong sing ana ing sacedhaké Rasul Paulus padha muni: "Panjenengan nyenyamah dhateng Imam Agungipun Pangéran!"

5Wangsulané Rasul Paulus: "Nyuwun ngapunten, para sedhèrèk. Kula kinten panjenenganipun menika sanès Imam Agung, sebab kula ngertos, bilih ing Kitab Suci wonten seratan: ‘Kowé aja ngunèk-unèkaké para pemimpinmu!’"

6Bareng Rasul Paulus pirsa, yèn sapéranganing warganing Pradata Agama sing ana ing kono kuwi wong-wong Saduki lan sapérangan menèh wong-wong Farisi, Rasul Paulus banjur kandha marang Pradata Agama mengkéné: "Para sedhèrèk, kula menika tiyang Farisi, mekaten ugi bapak kula inggih tiyang Farisi. Kula samenika dipun adili wonten ing ngriki, margi kula pitados bilih tiyang pejah menika mbénjing katangèkaken."

7Sanalika iku uga wong Farisi lan wong Saduki padha wiwit bebantahan, nganti parepatan mau pisah dadi loro.

8(Sebab wong-wong Saduki kuwi precaya, yèn wong mati ora bakal katangèkaké menèh, semono uga yèn malaékat lan roh kuwi ora ana, nanging wong Farisi padha precaya marang telu-teluné.)

9Wong-wong mau padha pating brengok, saya suwé saya seru. Ana wong Farisi ahli Torèt sawetara sing padha ngadeg lan muni mengkéné: "Tiyang menika mboten lepat menapa-menapa! Saged ugi pancèn wonten saèstu roh utawi malaékat, ingkang ngandika dhateng piyambakipun!"

10Enggoné bebantahan kuwi saking raméné, nganti komandhané para prejurit mau kuwatir, yèn Rasul Paulus padha dikrubut. Komandhan mau nuli ndhawuhi para prejurité, supaya Rasul Paulus digawa lunga saka ing parepatan mau, lan dilebokaké menèh menyang bètèng.

11Benginé Gusti Yésus jumeneng ana ing sandhingé Rasul Paulus lan ngandika: "Atimu sing tatag! Kowé wis neksèni Aku ana ing kutha Yérusalèm, mengkono uga kowé bakal dadi seksi-Ku ana ing kutha Rum."

12Ésuké ana wong Yahudi sawetara sing padha gawé komplotan arep matèni Rasul Paulus. Wong-wong mau padha sumpah, ora arep mangan utawa ngombé, yèn durung matèni Rasul Paulus.

13Sing padha gawé komplotan mengkono kuwi wong patang puluh luwih.

14Wong-wong mau padha nemoni Imam Agung lan para pinituwa, sarta matur: "Kula sampun sami sumpah sesarengan, mboten badhé nedha utawi ngombé menapa kémawon, menawi dèrèng mejahi Paulus.

15Pramila panjenengan lan para warganing Pradata Agami kula aturi kintun serat dhateng komandhan Rum, nyuwun supados Paulus dipun sowanaken dhateng panjenengan; kados-kados panjenengan badhé mriksa prekawisipun ingkang langkung tliti malih. Déné kula sami badhé nyegat lan mejahi Paulus wau sadèrèngipun dumugi ing ngriki."

16Nanging kocapa, kabar bab pirembugan mau keprungu déning nonoman ponakané Rasul Paulus. Nonoman mau nuli mlebu ing bètèng lan mènèhi weruh marang Rasul Paulus.

17Rasul Paulus nuli ngundang perwira siji, dikandhani mengkéné: "Nyuwun tulung, kersaa nyowanaken nènèman menika dhateng bapak komandhan, sebab wonten prekawis ingkang badhé dipun aturaken dhateng panjenenganipun."

18Perwira mau nuli nggawa nonoman mau disowanaké marang komandhan karo matur: "Paulus, tiyang tahanan menika ngundang kula, nyuwun tulung nyowanaken nènèman menika wonten ing ngarsa panjenengan, sebab wonten pawartos ingkang badhé dipun aturaken dhateng panjenengan."

19Komandhan mau nuli nggandhèng nonoman mau dhèwèkan, nuli ditakoni: "Apa sing arep kokaturaké marang aku?"

20Wangsulané nonoman mau: "Tiyang-tiyang Yahudi sami ngawontenaken komplotan, badhé nyuwun supados panjenengan mbénjing-énjing mbekta Rasul Paulus dhateng Pradataning Agami, ingkang éthok-éthok badhé niti priksa prekawisipun malih langkung tliti.

21Nanging panjenengan sampun ngantos pitados, sebab wonten tiyang kawan dasa langkung, ingkang sampun siyaga badhé nyegat Rasul Paulus, malah sami sumpah, mboten badhé sami nedha utawi ngombé menawi dèrèng mejahi Rasul Paulus. Rancangan menika sampun mateng, kantun ngentosi wangsulan saking panjenengan."

22Komandhan mau banjur kandha: "Kowé aja kandha karo sapa-sapa, yèn kowé wis lapur marang aku." Nonoman mau nuli dikon mulih.

23Komandhan mau nuli ngundang perwirané loro, padha didhawuhi mengkéné: "Sedhiyakna prejurit rong atus, lan prejurit jaranan pitung puluh, tuwin prejurit sing sikep tumbak rong atus. Prejurit-prejurit mau mengko bengi jam sanga, kudu padha mangkat menyang kutha Kaisaréa.

24Sedhiyakna uga jaran tunggangan sawetara kanggo Paulus. Kowé tanggung jawab bab keslametané Paulus nganti tekan ngarsané Gubernur Félix."

25Sawisé kuwi komandhan mau banjur nulis layang katur marang Gubernur Félix, sing surasané mengkéné:

26"Serat mugi katur ing panjenenganipun Gubernur Félix. Ingkang minulya! Salam saking Klaudius Lisias.

27Keparenga kula ngaturi pirsa, bilih nalika tiyang-tiyang Yahudi nyepeng tiyang (Saulus) menika, badhé dipun pejahi, kula ngertos, bilih tiyang wau warganing krajan Rum. Mila nunten kula wilujengaken, srana ngginakaken para prejurit.

28Sarèhné kula badhé mriksa menapa sebab-sebabipun déné tiyang-tiyang Yahudi wau badhé mejahi Paulus, mila tiyang menika kula bekta dhateng Pradata Agaminipun tiyang-tiyang Yahudi.

29Kula mangertos, bilih pandakwanipun tiyang-tiyang wau magepokan kaliyan angger-anggeripun agami Yahudi. Paulus menika mboten nglampahi menapa-menapa, ingkang pantes dipun patrapi paukuman pejah, utawi dipun kunjara.

30Sareng kula angsal pawartos, bilih tiyang-tiyang Yahudi sami damel komplotan badhé mejahi piyambakipun, kula nunten ngintun tiyang menika dhateng panjenengan, lan nyukani sumerep dhateng para tiyang ingkang sami nggugat dhateng Paulus, supados ngajengaken gugatanipun dhateng panjenengan. Cekap semanten atur kula. Saking kula Klaudius Lisias."

31Para prejurit nuli nglakoni apa sing dipréntahaké, lan bengi kuwi uga nggawa Rasul Paulus tekan kutha Antipatris.

32Ésuké para prejurit sing mlaku dharat padha bali menyang bètèng menèh, nanging para prejurit sing nunggang jaran padha nerusaké lakuné bebarengan karo Rasul Paulus.

33Satekané ing Kaisaréa nuli masrahaké Rasul Paulus marang gubernur, bebarengan karo layang saka Klaudius Lisias, komandhané.

34Sawisé gubernur maca layang mau nuli nakoni Rasul Paulus, saka ngendi asalé. Bareng weruh yèn Paulus kuwi asalé saka Kilikia,

35gubernur mau nuli ngandika: "Olèhku arep mriksa prekaramu, yèn wong-wong sing nggugat kowé wis padha teka." Gubernur nuli dhawuh supaya Rasul Paulus ditahan ana ing kedhatoné Sang Prabu Hérodès.



 <<  Kisah Para Rasul 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel