Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 9 >> 

1Saulus isih tetep ngancam arep matèni para muridé Gusti Yésus, mulané sowan Imam Agung,

2nyuwun layang kwasa sing arep dituduhaké marang sinagogé-sinagogé (pasamuwané wong Yahudi) ing kutha Damsyik, supaya yèn ana kana ketemu wong-wong sing ngambah ‘Dalané Gusti Yésus’ (tegesé Injil), Saulus bisa nyekel wong-wong mau, lanang apa wadon, lan nggawa menyang kutha Yérusalèm.

3Sajroné mlaku menyang kutha Damsyik mau, ora adoh saka kutha kono, dumadakan ana cahya cumlorot saka ing langit nlorong Saulus.

4Saulus tiba, banjur krungu swara mengkéné: "Saulus, Saulus! Yagéné kowé nganiaya marang Aku?"

5Saulus pitakon: "Panjenengan menika sinten Gusti?" Swara mau mangsuli: "Aku iki Yésus sing kokaniaya.

6Ngadega lan mlebua ing kutha, ana ing kono kowé bakal dikandhani apa sing kudu koklakoni."

7Kanca-kancané mlaku Saulus padha mandheg, blangkemen. Awit wong-wong mau pancèn padha krungu swara, nanging ora weruh apa-apa.

8Saulus nuli ngadeg, nanging bareng ngelèkaké mripaté, ora weruh. Saulus nuli dituntun mlebu ing kutha Damsyik.

9Nganti telung dina lawasé Saulus ora bisa ndeleng, sarta ora mangan lan ngombé.

10Ing kutha Damsyik ana muridé Gusti Yésus, jenengé Ananias. Ananias mau didhawuhi déning Gusti Yésus ing sajroné impèn. Dhawuhé Gusti Yésus: "Ananias!" Wangsulané Ananias: "Kawula Gusti."

11Gusti Yésus nuli ngandika: "Tata-tataa lan lungaa menyang dalan, sing aran ‘Dalan Lenceng’. Njujuga omahé Yudas. Ing kono ana wong saka kutha Tarsus, jenengé Saulus. Wong kuwi lagi ndedonga,

12lan sajroné pangimpèn Saulus mau weruh wong aran Ananias teka numpangi tangan, supaya bisa ndeleng menèh."

13Nanging Ananias mangsuli: "Kathah tiyang ingkang nyariyosaken dhateng kawula bab tiyang ingkang asma Saulus menika, tumindakipun ambek siya dhateng umat Panjenengan ing kitha Yérusalèm.

14Malah dhatengipun ing kitha Damsyik ngriki, mawi mbekta serat kwaos saking para pengajenging imam, supados nyepengi sedaya tiyang ingkang nyebut dhateng Asma Panjenengan."

15Nanging Gusti Yésus ngandika marang Ananias: "Mangkata, awit Aku wis milih Saulus kuwi dadi piranti-Ku kanggo martakaké jeneng-Ku marang bangsa-bangsa kapir lan para raja, lan bangsa Israèl.

16Aku dhéwé bakal nuduhaké marang Saulus mau, sepira akèhé kasangsaran sing bakal disandhang merga saka jeneng-Ku."

17Ananias nuli mangkat lan mlebu omah sing dipondhoki Saulus. Saulus nuli ditumpangi tangan, karo muni: "Saulus sedulurku. Gusti Yésus sing wis ngetingal marang kowé ana ing dalan nalika kowé mréné, Panjenengané kuwi ngutus aku marani kowé, supaya kowé bisa ndeleng menèh, sarta kapenuhan ing Roh Suci."

18Sanalika iku uga banjur ana kaya sisik iwak tiba saka ing mripaté Saulus, lan banjur bisa ndeleng menèh. Saulus nuli ngadeg sarta dibaptis.

19(9-19a) Sawisé mangan, kekuwatané pulih. (9-19b) Ana ing kutha Damsyik kono Saulus manggon ana ing satengahing para muridé Gusti Yésus sawetara dina.

20Sawisé kuwi Saulus nuli memulang ana ing sinagogé-sinagogé, martakaké yèn Yésus Putrané Gusti Allah.

21Wong kabèh sing padha ngrungokaké piwulangé padha gumun. Wong-wong mau padha takon-tinakon: "Apa iki dudu Saulus, sing matèni sakèhing wong sing padha nyebut Asmané Gusti Yésus ana ing kutha Yérusalèm kaé? Lan tekané mréné iki apa ora arep nyekel para muridé Gusti Yésus lan nggawa wong-wong mau marang para pengareping imam?"

22Nanging piwulangé Saulus saya gedhé pengaruhé, semono uga bukti-bukti sing dibèbèraké, yèn Gusti Yésus kuwi nyata Sang Kristus, ngyakinaké banget, nganti wong Yahudi sing ana ing kono padha ora bisa mbantah menèh.

23Bareng wis sawetara dina, wong Yahudi banjur padha ngumpul ngrembug enggoné arep matèni Saulus;

24lan rancangané wong-wong mau Saulus dhéwé ngerti. Rina wengi wong Yahudi padha njaga gapura-gapuraning kutha, supaya bisa matèni Saulus.

25Nanging ing sawijining bengi para muridé padha ngedhunaké Saulus metu jendhéla ing témboké kutha, nganggo kranjang.

26Saulus banjur lunga menyang kutha Yérusalèm, arep ngumpul karo para murid-muridé Gusti Yésus sing ana ing kono. Nanging murid-murid mau padha ora ngandel yèn Saulus kuwi wis dadi muridé Gusti Yésus temenan. Murid-murid mau padha wedi.

27Nanging Barnabas gelem nampani; mulané Saulus nuli diteraké nemoni para rasul. Para rasul padha dicritani, yèn Saulus kuwi wis diketingali déning Gusti Yésus ana ing dalan, lan Gusti Yésus wis ngandika marang Saulus. Barnabas mau uga nyritakaké yèn Saulus ing kutha Damsyik wis ngabaraké Injil klawan kendel atas Asmané Gusti Yésus.

28Saulus banjur manggon bebarengan karo para rasul ana ing kutha Yérusalèm sarta kanthi kendel memulang atas Asmané Gusti Yésus.

29Saulus uga rembugan lan bebantahan karo wong Yahudi sing basané Yunani. Nanging wong-wong mau padha ngarah arep matèni.

30Bareng kaweruhan déning para sedulur sing nunggal precaya, Saulus nuli digawa menyang kutha Kaisaréa, lan saka kono menyang kutha Tarsus.

31Sawisé mengkono pasamuwan-pasamuwan ing tanah Yudéa kabèh, ing tanah Galiléa, tuwin ing tanah Samaria ngalami katentreman. Pasamuwan-pasamuwan mau padha dadi sentosa lan cacahé saya wuwuh akèh, merga saka pitulungané Sang Roh Suci lan merga enggoné padha ngabekti marang Gusti Allah.

32Nalika semana Rasul Pétrus tindak mider-mider. Ing sawijining dina panjenengané tetuwi para wong precaya sing ana ing kutha Lidha.

33Ing kutha Lidha kono Rasul Pétrus ketemu karo wong sing jenengé Énéas. Énéas kuwi lumpuh, lan wis wolung taun ana ing peturoné.

34Énéas mau nuli dipangandikani déning Rasul Pétrus: "Énéas, Gusti Yésus Kristus marasaké kowé, tangia lan peturonmu tatanen!" Sanalika iku uga Énéas tangi.

35Kabèh wong ing kutha Lidha lan ing kutha Saron, bareng ndeleng Énéas, banjur padha mratobat marang Gusti Yésus.

36Ing kutha Yopé kono ana muridé Gusti Yésus, wong wadon, sing jenengé Tabita (ing basa Yunani Dhorkas; ‘Dhorkas’ tegesé ‘Kidang’). Dhorkas mau nindakaké kabecikan akèh, lan seneng dedana.

37Nanging nalika semana Dhorkas mau lara, malah tumeka ing pati. Sawisé layoné diedusi, nuli disèlèhaké ana ing kamar lotèng.

38Kutha Yopé kuwi dunungé ora adoh saka kutha Lidha. Bareng para murid padha krungu yèn Rasul Pétrus ana ing kutha Lidha, nuli padha kongkonan wong loro didhawuhi nusul Rasul Pétrus, supaya matur: "Kula aturi énggal rawuh ing kitha Yopé."

39Rasul Pétrus tata-tata nuli mangkat, bareng karo kongkonan mau. Satekané ing omahé Dhorkas, Rasul Pétrus nuli digawa menyang kamar lotèng. Sakèhing randha-randha sing ana ing kono padha ngrubung layoné, karo nangis lan nuduhaké marang Rasul Pétrus, sandhangan-sandhangan lan jubah-jubah gawéané Dhorkas kanggo wong-wong mau, nalika isih urip.

40Wong kabèh mau nuli dikon metu déning Rasul Pétrus. Rasul Pétrus nuli jèngkèng ndedonga. Sawisé mengkono Rasul Pétrus nuli nyedhaki layoné Dhorkas karo ngandika: "Tabita, tangia!" Dhorkas nuli melèk, bareng weruh Rasul Pétrus, Dhorkas nuli tangi.

41Rasul Pétrus nyekel tangané, nulungi Dhorkas enggoné ngadeg. Sawisé kuwi wong-wong precaya sarta randha-randha mau padha diklumpukaké. Rasul Pétrus nuli masrahaké Dhorkas sing saiki wis urip, marang wong-wong mau.

42Kabar bab Dhorkas kuwi sumebar wrata ing kutha Yopé, lan akèh wong sing banjur precaya marang Gusti Yésus.

43Rasul Pétrus nginep sawetara dina ana ing omahé tukang nyamak kulit, sing jenengé Simon.



 <<  Kisah Para Rasul 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran