Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kolose 2 >> 

1Becik menawa kowé dakkandhani sepira kangèlanku sajroné nyambut-gawé kanggo kowé lan kanggo wong-wong ing kutha Laodikia, apa menèh kanggo wong-wong kabèh sing padha ora tepung karo aku dhéwé.

2Enggonku tumindak mengkono mau supaya wong-wong padha lipura atiné lan padha saya raketa enggoné tresna-tinresnan, satemah olèh kawruh akèh sing nyantosakaké keyakinané. Srana mengkono wong-wong mau bakal padha ngerti bab wewadiné Gusti Allah, yakuwi Sang Kristus piyambak.

3Sang Kristus kuwi presasat kunci sing kanggo mbukak sakèhing bandha kawicaksanan lan kawruh kagungané Gusti Allah sing isih sinengker.

4Mulané kowé padha dakkandhani: aja nganti kena diapusi déning sapa waé, nganggo alesan-alesan palsu, senajan alesan-alesan mau katoné maton.

5Sebab senajan aku dhéwé ora ana ing tengahmu, nanging batinku tansah nunggal karo kowé. Aku bungah banget déné krungu enggonmu padha saiyeg, ngantepi precayamu marang Sang Kristus klawan teguh.

6Sarèhné kowé wis ngakoni yèn Sang Kristus Yésus kuwi Gusti, mulané padha nunggala karo Panjenengané.

7Padha ngoyoda ana ing Panjenengané; uripmu bangunen alandhesan Panjenengané, precayamu dadia mundhak teguh, kaya sing kawulangaké marang kowé. Kowé tansah padha saosa sukur.

8Mulané padha sing ngati-ati. Aja ana wong sing njiret kowé nganggo ngèlmu sing ora nyata lan ora ana paédahé, sing asalé saka pangothak-athiké manungsa apa déné piwulanging jagad, ora saka Sang Kristus.

9Sebab iya ana ing Sang Kristus kono, ana ing kamanungsané, dumunung sipat ka-Allahané Gusti Allah kabèh sawetahé.

10Lan merga enggonmu tetunggilan karo Sang Kristus, uripmu kasampurnakaké. Sang Kristus kuwi jumeneng Gustiné sakèhing pangwasa lan pepréntahané sing kasat mripat.

11Samasa tetunggilan karo Sang Kristus kowé wis padha katetakan; ora merga tetak sing katindakaké déning manungsa, nanging katetakan déning Sang Kristus piyambak, yakuwi srana diluwari saka pangwasané badan sing dosa iki.

12Sebab nalika kowé dibaptis, iku ibaraté kowé dikubur bebarengan karo Sang Kristus, lan ing baptisan mau kowé uga ditangèkaké bebarengan karo Sang Kristus, merga saka precayamu marang pangwasané Gusti Allah, sing mungokaké Sang Kristus saka ing séda.

13Cara kasukman, biyèn kowé wis mati merga saka dosa-dosamu lan merga kowé kuwi wong kapir sing uripé tanpa angger-angger. Nanging saiki Gusti Allah wis nangèkaké kowé bebarengan karo Sang Kristus, amarga Gusti Allah wis ngapura sakèhing dosa kita.

14Panjenengané mbatalaké layang pratandha utang lan prenatan sing nyancang marang kita. Kuwi kabèh dilebur babar-pisan srana maku layang pretandha utang mau ana ing kayu salib.

15Ana ing kayu salib kono Sang Kristus ngluwari sarirané saka pangwasané para roh sing ora katon. Para pangwasa mau didadèkaké tontonan srana diirid ana ing arak-arakaning kemenangané Sang Kristus.

16Mulané kowé aja padha manut karo prenatan-prenatan bab panganan utawa ombèn-ombèn, utawa bab dina-dina suci, utawa bab kraméan sasi anyar, utawa dina Sabbat.

17Kuwi kabèh mau rak mung wewayangané prekara-prekara sing bakal kelakon. Kuwi kabèh wis diwujudaké ana ing Sang Kristus.

18Yèn ana wong sing ngrèmèhaké precayamu lan ngaku-aku luwih unggul tinimbang kowé, merga nampani wahyu-wahyu mirunggan, sarta akon kowé ngasoraké dhiri lan ngibadah marang malaékat-malaékat, kowé aja gelem. Wong sing kaya mengkono mau padha gumunggung tanpa wewaton, awit pikirané mung cara kadonyan,

19lan ora ngugemi Sang Kristus, sing jumeneng dadi Sesirah. Merga saka pangwasané Sang Kristus badan sekojur mau dirumat lan didadèkaké siji nganggo ros-rosan lan urat-urat, sarta tuwuh manut kersané Gusti Allah.

20Kowé wis padha mati bareng karo Sang Kristus, lan kaluwaran saka pangwasané roh-roh sing nguwasani alam jembar. Yagéné enggonmu urip kokkaya wongé jagad iki? Yagéné kowé manut prenatan-prenatan kaya upamané:

21"Aja ndemèk iki," "Aja ngicipi kuwi," "Aja nyénggol iki lan kuwi?"

22Sawisé tumindak kuwi kabèh wis ora ana gunané. Kuwi mung prenatan-prenatan lan piwulang gawéané manungsa.

23Pancèn katoné prekara-prekara mau kaya isi kawicaksanan, awit ngajak ngibadah marang malaékat, laku andhap-asor lan mesu badan klawan keras, nanging kabèh mau ora ana paédahé kanggo mekak hawa-nepsuné manungsa.



 <<  Kolose 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel