Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 10 >> 

1Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli milih murid menèh pitung puluh. Para murid mau diutus ngloro-ngloro, ndhisiki tindaké Gusti Yésus menyang saben kutha lan panggonan sing arep dirawuhi.

2Pangandikané Gusti Yésus: "Sing kudu dienèni pancèn akèh, nanging sing derep mung sethithik. Mulané padha nyuwuna marang sing kagungan panèn, kersaa ngutus wong luwih akèh menèh kanggo ngumpulaké panènané.

3Padha mangkata. Kowé Dakutus kaya cempé ing satengahé asu ajag.

4Aja padha sangu dhuwit, utawa nggawa kanthong kanggo nampani sedhekah, apa déné sepatu. Uga aja padha mandheg ana ing dalan nyalami sapa-sapa.

5Menawa kowé mlebu ing sawijining omah ngucapa: ‘Assalamu alaikum.’

6Yèn wong sing padha manggon ing omah kono mau seneng marang katentreman, salammu bakal njalari wong-wong mau padha olèh katentreman. Nanging menawa wong-wong mau padha ora seneng marang katentreman, salammu bakal bali menèh marang kowé.

7Lestaria manggon ana ing brayat kono. Padha mangana lan ngombéa apa sing disuguhaké marang kowé, sebab wong nyambut-gawé kuwi wis samesthiné nampa opah. Aja padha ngolah-ngalih enggonmu nginep.

8Yèn kowé mlebu ing sawijining kutha lan ana ing kono ditampa klawan becik, mangana apa sing disuguhaké marang kowé.

9Wong lara ing kutha kono padha warasna, lan wong-wong padha kandhanana: ‘Kratoné Allah ana ing tengahmu.’

10Yèn ana kutha sing kokleboni, nanging ora gelem nampa kowé, lungaa menyang ing dalan-dalan gedhé ing kutha kono, sarta munia mengkéné:

11‘Dalasan bledugé kuthamu, sing nèmpèl ana ing sikilku, kuwi dakketabaké ana ing ngarepmu. Nanging padha titènana, ora suwé menèh Kratoné Allah bakal diwiwiti ana ing tengahmu!’

12Titènana, ing Dina Kiamat kutha Sodom bakal luwih diwelasi déning Gusti Allah, ketimbang karo kutha kuwi."

13"Cilaka kowé, kutha Khorazim! Cilaka uga kowé, kutha Bètsaida! Sebab upama ing kutha-kutha Sidon lan Tirus ana mujijat-mujijat kaya sing kelakon ana ing tengah-tengahmu, wong-wong ing kono mesthi wis biyèn-biyèn enggoné nlangsani dosané, sarta padha nyandhang bagor lan lungguh ing awu, kanggo mbuktèkaké enggoné mratobat.

14Mbésuk ing Dina Kiamat para wargané kutha Tirus lan Sidon bakal luwih diwelasi déning Gusti Allah ketimbang karo kowé.

15Lan kowé, kutha Kapèrnaum! Pangiramu kowé bakal dijunjung nganti tekan swarga? Ora bakal! Kowé malah bakal dicemplungaké ana ing nraka!"

16Gusti Yésus nuli ngandika marang para muridé: "Sapa sing manut marang piwulangmu, kuwi uga manut marang Aku. Lan sing sapa nampik kowé, kuwi iya nampik Aku. Lan sapa sing nampik Aku, kuwi iya nampik Panjenengané sing ngutus Aku."

17Muridé Gusti Yésus pitung puluh mau padha bali kanthi bungah, sarta padha matur: "Gusti, dalasan para dhemit samangsa kawula tundhung atas Asma Panjenengan, temtu sami tundhuk dhateng kawula."

18Gusti Yésus ngandika: "Aku ndeleng Iblis tiba saka ing langit kaya cumlèrèting kilat.

19Padha diéling! Kowé wis padha Dakwènèhi kasektèn ngidak ula lan kalajengking, sarta ngalahaké kekuwatané mungsuh. Lan ora ana prekara apa waé sing bisa gawé cilakamu.

20Éwasemono kowé aja padha bungah, merga dhemit-dhemit wis padha tundhuk marang kowé; aluwung padha bungaha, merga jenengmu wis katulis ana ing swarga."

21Nalika semana Gusti Yésus rena ing penggalih, sebab kapenuhan ing Sang Roh Suci. Gusti Yésus nuli matur marang Sang Rama: "Rama, Allahipun langit lan bumi. Kawula saos panuwun, déné prekawis ingkang Paduka damel wados tumrap tiyang wasis lan tiyang pinter, samenika sampun Paduka wedharaken dhateng tiyang-tiyang ingkang prasaja. Saèstu, sedaya menika sampun Paduka tindakaken miturut kepareng lan kersa Paduka piyambak.

22Samubarang kabèh wis dipasrahaké déning Sang Rama marang Aku. Lan ora ana wong sing ngerti Sang Putra kuwi sapa, kejaba mung Sang Rama. Mengkono uga ora ana wong sing ngerti Sang Rama kuwi sapa, kejaba mung Sang Putra piyambak, lan wong-wong sing diwanuhaké Sang Putra mau marang Sang Rama."

23Gusti Yésus nuli mirsani marang para muridé, banjur ngandika marang para murid mau: "Kowé kuwi wong sing begja banget, sebab kowé weruh prekara-prekara sing kokdeleng iki.

24Sebab élinga; akèh nabi lan ratu, sing kepéngin padha ndeleng apa sing kokdeleng iki, nanging padha ora bisa. Padha kepéngin krungu apa sing saiki padha kokrungu, nanging ora kelakon."

25Ing sawijining dina ana ahli Torèt arep nyoba marang Gusti Yésus, aturé: "Guru, menapa ingkang kedah kawula lampahi, supados angsal gesang langgeng."

26Pangandikané Gusti Yésus: "Apa sing katulis ana ing Kitab Torèt? Apa sing kokwaca ana ing kono?"

27Ahli Torèt mau mangsuli: "‘Kowé tresnaa marang Pangéran Allahmu, klawan gumolonging atimu, klawan gumolonging nyawamu, klawan sakatoging kekuwatanmu, lan klawan gumolonging budimu,’ lan menèh ‘Padha tresnaa marang sapepadhamu kaya enggonmu nresnani marang awakmu dhéwé.’"

28Pangandikané Gusti Yésus: "Wangsulanmu kuwi wis bener. Kuwi lakonana, temah kowé bakal olèh urip langgeng."

29Nanging ahli Torèt kuwi arep mbeneraké awaké dhéwé, mulané nuli nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Lajeng ingkang dados sesami kula menika sejatosipun sinten?"

30Pangandikané Gusti Yésus: "Ana priya lelungan, mlaku saka kutha Yérusalèm menyang kutha Yérikho. Ing tengah dalan wong mau dibégal. Barangé dirampog, lan wongé dhéwé digebugi nganti setengah mati, banjur ditinggal déning bégalé ana ing tengah dalan.

31Kapinujon ana imam liwat ing kono. Bareng weruh wong sing dibégal mau, imam kuwi banjur mlaku mlipir metu sisih kanané dalan.

32Semono uga wong Lèwi, sing liwat ing kono, wong mau weruh wong sing dibégal mau, nanging mlaku terus, liwat pinggir dalan sing sisih kana.

33Tumuli ana wong Samaria sing lelungan, uga liwat ing dalan kono. Bareng weruh wong sing dibégal mau, atiné trenyuh.

34Nuli diparani, tatuné dilengani, lan diwènèhi anggur, sarta dipreban. Sawisé kuwi nuli ditunggangaké ing kuldiné, digawa menyang ing penginepan, sarta dirumat ana ing kono.

35Ésuké wong Samaria mau mènèhi dhuwit rong dinar marang sing duwé penginepan, karo masrahaké wong sing lara mau, tembungé: ‘Wong iki rumatana. Mbésuk yèn aku bali liwat kéné, ongkosé enggonmu ngrumati wong kuwi bakal dakbayar kabèh.’"

36Gusti Yésus nuli mungkasi critané mau srana ndangu mengkéné: "Manut panemumu, wong telu mau endi sing dadi pepadhané wong sing dibégal?"

37Ahli Torèt mau mangsuli: "Inggih tiyang ingkang nindakaken kawelasan dhateng tiyang ingkang dipun bégal menika." Pangandikané Gusti Yésus: "Wis, mundura, lan nglakonana mengkono uga."

38Sawijining dina Gusti Yésus lan para sekabaté tindak tekan ing sawijining désa. Ing kono ana wong wadon, sing jenengé Marta, ngampiraké Panjenengané menyang omahé.

39Marta duwé sedulur wadon, jenengé Maryam. Maryam mau lungguh terus ing sacedhaké sampéyané Gusti, ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus.

40Déné Marta ribut banget ngladèni para tamuné. Marta nuli marani Gusti Yésus sarta matur: "Guru, cobi Panjenengan penggalih! Sedhèrèk kula menika mboten preduli kula nyambut-damel piyambakan. Mbok inggiha Panjenengan dhawuhi supados ngréncangi kula!"

41Gusti Yésus ngandika: "Marta, Marta! Kowé kuwi répot mikiraké barang sepirang-pirang.

42Mangka sing prelu kuwi mung siji! Déné Maryam iki wis milih prekara sing becik dhéwé, sing ora bakal kapundhut saka dhèwèké!"



 <<  Lukas 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel