Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 11 >> 

1Sawijining dina Gusti Yésus ndedonga ana ing salah sawijining panggonan. Sawisé rampung, ana sekabat sing nyuwun pirsa: "Gusti, mbok kula sami Panjenengan wuruki ndedonga, kados déné Nabi Yohanes inggih muruki ndedonga murid-muridipun."

2Gusti Yésus nuli ngandika: "Menawa kowé padha ndedonga, matura mengkéné: ‘Dhuh Rama, Asma Paduka ingkang suci mugi kaurmatan déning para manungsa sedaya, lan Kraton Paduka mugi kelampahan wonten ing ngriki.

3Saben dinten kawula mugi Paduka paringi rejeki ingkang kawula betahaken.

4Dosa kawula mugi Paduka apunten, sebab kawula inggih ngapunten saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Kawula mugi sami katebihaken saking panggodha!’"

5Gusti Yésus banjur ngandika marang para sekabaté: "Saupama ing tengahmu ana wong sing bengi-bengi lunga menyang omahé kancané, lan nembung: ‘Aku silihana roti telung iji,

6sebab kanca-kancaku sing mbeneri lelungan padha mampir ing omahku, mangka aku ora duwé pangan kanggo nyuguh!’

7Saupama kanca sing koktekani mau muni mengkéné: ‘Aja gawé répotku! Lawangé wis dakkancing, sarta aku lan anak-anakku wis padha turu. Aku ora arep tangi lan mènèhi apa-apa marang kowé!’"

8"Banjur kepriyé? Ngandela, senajan kowé kuwi kancané, wong mau ora arep tangi lan mènèhi apa-apa marang kowé, nanging merga saka enggonmu ora duwé isin, nggujeg njaluk tulung, wong mau bakal tangi lan mènèhi marang kowé apa sing kokjaluk.

9Mulané padha élinga: Yèn kowé nyuwun, bakal diparingi; yèn kowé golèk, bakal nemu; yèn kowé nothok lawang, bakal dibukakaké lawang.

10Sebab saben wong sing nyuwun, bakal diparingi; wong sing golèk bakal nemu, lan wong sing nothok lawang bakal dibukakaké lawang.

11Yèn ing antaramu ana sing duwé anak, apa kelakon mènèhi ula marang anaké sing njaluk iwak?

12Utawa mènèhi kalajengking, yèn anaké mau njaluk endhog?

13Yèn selaginé kowé wong sing ala waé ngerti mènèhi barang sing becik marang anak-anakmu, apa menèh Ramamu ing swarga. Panjenengané mesthi bakal maringaké Sang Roh Suci marang saben wong sing nyuwun!"

14Sawijining dina Gusti Yésus nundhung dhemit sing marakaké wong dadi bisu. Bareng dhemité wis metu, wong mau wiwit caturan. Wong kabèh padha gumun.

15Nanging ana sawetara sing muni: "Yésus kuwi enggoné bisa nundhung dhemit merga diwènèhi pangwasa déning Béèlzebul, ratuné para dhemit kabèh."

16Uga ana wong liyané sing padha nyoba marang Gusti Yésus. Wong-wong mau padha nyuwun, supaya Gusti Yésus gawé mujijat saka swarga.

17Nanging Gusti Yésus pirsa karepé wong-wong mau. Mulané banjur ngandika: "Yèn ing sajroné negara ana dredah, negarané mesthi ora bisa lestari. Lan brayat sing crah, bakal bubrah.

18Menawa ing negarané Iblis ana dredah ing antarané Iblis siji karo sijiné, kepriyé bisané negara mau lestari? Kowé kandha yèn enggon-Ku nundhungi dhemit kuwi merga saka pangwasané Béèlzebul.

19Yèn mengkono, para muridmu kuwi olèhé padha nundhungi dhemit nganggo pangwasané sapa? Para muridmu dhéwé wis padha mbuktèkaké yèn panemumu kuwi salah.

20Menawa aku nundhung dhemit ora merga saka pangwasané Béèlzebul, nanging merga saka pangwasané Gusti Allah, kuwi mretandhani yèn Kratoné Allah wis ana ing tengahmu.

21Yèn ana wong rosa, sing njaga omahé nganggo gaman sapepaké, barang-barangé kabèh bakal aman.

22Nanging yèn ketekan wong sing luwih rosa, sing nempuh lan ngalahaké dhèwèké, gegamané kabèh sing diendelaké bakal dirampas, lan barang-darbèké dijarah rayah sarta diedum-edum.

23Sapa sing ora ngrujuki Aku, kuwi ateges nglawan marang Aku, lan sing sapa ora mbantu Aku, ateges ngrusak pegawéan-Ku!"

24"Menawa ana dhemit wis metu saka wong, dhemit mau nuli mider-mider ing bumi sing cengkar, golèk papan kanggo ngaso. Yèn dhemit mau ora olèh papan sing mengkono, banjur ngunandika: ‘Beciké aku dakbali menyang omah sing wis daktinggal!’

25Dadiné dhemit kuwi nuli mbalèni omah mau, lan weruh yèn omah mau wis diresiki lan ditata rapi.

26Dhemit mau banjur lunga menèh ngundangi kancané dhemit pitu liyané, sing luwih ala ketimbang karo dhèwèké. Dhemit-dhemit kuwi banjur padha manggon bebarengan ana ing wong mau. Wusana wong mau alané ngungkuli dhèk biyèn, nalika isih dileboni dhemit siji."

27Sawisé Gusti Yésus mungkasi pangandikané mau, nuli ana wong wadon saka ing antarané wong akèh mau nguwuh: "Begja tiyang èstri ingkang nglairaken lan nesepi Panjenengan!"

28Nanging Gusti Yésus ngandika: "Sing begja kuwi wong sing padha ngrungokaké sarta nggatèkaké pangandikané Allah."

29Nalika isih dirubung déning wong akèh, Gusti Yésus ngandika: "Wong-wong iki dhasar wong ala. Saiki padha nyuwun pretandha mujijat, nanging ora bakal padha kaparingan, kejaba mung pretandhané Nabi Yunus.

30Kaya déné Nabi Yunus enggoné dadi pretandha tumrapé wong ing kutha Ninewé, semono uga Putrané Manungsa iya bakal dadi pretandha tumrap wong-wong iki.

31Mbésuk ing Dinané Kiamat Gusti Allah ngadili para manungsa, Ratu Putri saka ing tanah Kidul bakal maju lan nggugat dosané wong-wong iki. Sebab Ratu kuwi wis rawuh saka pojoking bumi, saprelu ngrungokaké kawicaksanané Sang Prabu Suléman; mangka élinga, sing ana ing kéné iki ngungkuli Sang Prabu Suléman.

32Mbésuk ing Dinané Kiamat Gusti Allah ngadili para manungsa, para wargané kutha Ninewé bakal maju, nggugat dosané wong iki, sebab nalika para wargané kutha Ninewé mau padha ngrungu pangandikané Allah sing diwedharaké déning Nabi Yunus, wong-wong mau nuli padha mratobat. Ngertia! Sing ana ing kéné iki ngungkuli Nabi Yunus."

33"Ora ana wong sing nyumed diyan, banjur disèlèhaké ana ing panggonan sing ndhelik, utawa nutupi diyan mau nganggo panci. Nanging diyan mau bakal disèlèhaké ana ing ajug-ajug, supaya madhangi wong-wong sing ana ing omah kono.

34Mripat kuwi kena diupamakaké diyan ana ing awak. Yèn mripatmu waras, awakmu sakojur padhang njingglang. Nanging yèn mripatmu blawur, awakmu sakojur iya banjur dadi peteng.

35Mulané padha ngati-atia supaya pepadhang sing ana ing awakmu kuwi aja dadi peteng.

36Yèn awakmu kapadhangan, lan ora ana sethithik-thithika sing peteng, awakmu sakojur iya nuli bakal dadi padhang njingglang, padha kaya yèn kowé kapadhangan déning cahyaning lampu."

37Bareng wis rampung enggoné memulang, Gusti Yésus banjur diaturi dhahar ana ing omahé wong Farisi. Panjenengané nuli tindak mrana sarta dhahar ing kono.

38Wong Farisi mau gumun banget, nalika weruh Gusti Yésus dhahar tanpa wijik asta dhisik.

39Mulané Gusti Yésus ngandika: "Kowé wong Farisi padha kulina ngasahi njabané mangkok lan piring. Nanging ing njeroné atimu kebak gagasan ngrodha-peksa lan piala.

40Kowé wong bodho! Gusti Allah sing nitahaké sisih njaba, apa iya ora nitahaké sisih njero uga?

41Isining mangkok lan piringmu kuwi sing kudu kokwènèhaké marang wong miskin. Srana mengkono kowé bakal dadi resik sakabèhé.

42Cilaka kowé wong Farisi! Awit prasepuluhané asilé tanduranmu selasih, inggu lan sarupaning janganan kokbayar, nanging padha nglirwakaké kaadilan lan katresnan. Mangka kuwi sing kuduné kokdhisikaké, tanpa nglirwakaké sing liya-liyané mau.

43Cilaka kowé wong Farisi! Ana ing sinagogé kowé padha seneng lungguh ngarep, papan sing disedhiyakaké kanggo wong penting, lan kowé seneng diurmati déning wong ana ing pasar-pasar.

44Cilaka kowé! Kowé kuwi kaya kuburan, sing tanpa tenger, sing diidak-idak déning wong, merga ora ngerti yèn kuwi kuburan."

45Ana para ahli Torèt sing matur marang Gusti Yésus: "Guru, pangandika Panjenengan ingkang mekaten menika ugi ngrèmèhaken dhateng golongan kula!"

46Dhawuhé Gusti Yésus: "Kowé para ahli Torèt, kowé uga wong cilaka! Kowé ngemotaké momotan sing abot ana ing pundhaké wong, momotan sing kowé dhéwé emoh ndumuk, senajan mung nganggo drijimu waé.

47Cilaka kowé. Kowé padha mbangun pesaréané para nabi, sing dhèk biyèn disédani déning para leluhurmu dhéwé.

48Dadi srana mengkono kowé ngakoni, yèn kowé nyarujuki apa sing dilakoni déning para leluhurmu, sebab iya pancèn leluhurmu kuwi sing matèni para nabi mau, lan kowé sing mbangun pesaréané.

49Awit saka kawicaksanané Gusti Allah ngandika: ‘Aku bakal ngutus nabi-nabi lan rasul-rasul-Ku; sawenèh ana sing bakal dipatèni lan liyané menèh bakal ana sing dikuya-kuya.’

50Ngandela! Getihé para nabi sing wis kawutahaké wiwit nalika bumi katitahaké,

51iya wiwit saka getihé Abil nganti getihé Zakharia, sing dipatèni ana ing antarané mesbèh lan Pedalemané Allah, kuwi kabèh bakal katempuhaké marang golongané wong Farisi lan para ahli Torèt iki.

52Cilaka kowé, para ahli Torèt! Kowé padha nyekel kuncining kawruh bab Torèt, nanging kowé dhéwé padha ora ngèstokaké dhawuhé Torèt mau, malah wong sing kepéngin weruh isining Torèt sing sanyatané, padha kokalang-alangi!"

53Bareng Gusti Yésus tindak saka kono, para ahli Torèt lan wong Farisi mau padha nepsu banget lan padha ngala-ala marang Gusti Yésus. Sawisé kuwi wong-wong mau padha nggolèki kesalahané Gusti Yésus srana ngajokaké pitakonan pirang-pirang bab prekara rupa-rupa.

54Wong-wong mau padha nastitèkaké pangandikané Gusti Yésus, supaya bisa krungu yèn ana tembungé Gusti Yésus, sing kena digawé dhadhakan kanggo nyekel Panjenengané.



 <<  Lukas 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel