Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 13 >> 

1Nalika semana ana wong sing padha nyritakaké marang Gusti Yésus, bab wong Galiléa sawetara sing dipatèni déning Gubernur Pilatus, nalika wong mau lagi padha saos kurban marang Gusti Allah.

2Nanggapi crita mau Gusti Yésus ngandika: "Apa pengiramu wong Galiléa sing padha dipatèni kaya mengkono mau dosané luwih gedhé ketimbang karo wong-wong Galiléa liyané?

3Ora mengkono! Ngertia, yèn kowé ora padha mratobat saka dosa-dosamu, kowé uga bakal mati kaya wong-wong kuwi.

4Utawa menèh, apa pengiramu wong wolulas, sing padha mati kerubuhan menara ing Siloam kaé, dosané luwih gedhé ketimbang karo wong-wong ing kutha Yérusalèm kabèh?

5Ora! Nanging ngandela, yèn kowé padha ora mratobat, kowé uga bakal tiwas kaya wong-wong mau."

6Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli paring pasemon mengkéné: "Ana wong duwé wit anjir ana ing pakebonané. Wong mau nggolèk wohé, nanging ora olèh siji-sijia.

7Mulané wong mau banjur kandha karo tukang keboné: ‘Wis telung taun lawasé enggonku ngarep-arep pametuné anjir iki, nanging ora tau awoh siji-sijia. Mulané wit iki tegoren waé. Sebab apa gunané wit iki urip, tiwas mung ngentèkaké lemèn sing ana ing lemah waé.’

8Nanging tukang kebon mau matur: ‘Ndara kajengipun wit menika gesang setaun malih. Kula badhé damel kalènan saubenging wit, lajeng kula isèni rabuk.

9Saged ugi srana mekaten, taun ngajeng wit menika purun awoh. Nanging menawi mboten, prayogi menawi wit menika kategor kémawon.’"

10Sawijining dina Sabbat, Gusti Yésus memulang ana ing sinagogé.

11Ing kono ana wong wadon sing wis wolulas taun lawasé kepanjingan dhemit, sing marakaké wong mau gegeré ora bisa jejeg, dadiné wungkuk.

12Nalika Gusti Yésus pirsa wong wadon mau, nuli ditimbali, pangandikané: "Ibu, kowé saiki warasa!"

13Gusti Yésus nuli numpangaké astané ing wong mau, lan sanalika iku uga gegeré wong wadon mau dadi jejeg, mula banjur ngluhuraké Asmané Allah.

14Nanging kocapa, kepalané sinagogé kono nepsu banget, jalaran Gusti Yésus marasaké wong ing dina Sabbat. Kepala sinagogé mau muni-muni marang wong-wong sing ana ing kono: "Ana nem dina kanggo nyambut-gawé. Padha tekaa ing dina-dina kuwi. Aja ing dina Sabbat."

15Gusti Yésus ngandika marang kepalané sinagogé mau mengkéné: "Kowé kuwi wong lamis! Ing dina Sabbat kowé apa ora padha nggawa sapimu utawa kuldimu saka kandhang, lan katuntun metu prelu kokombèni?

16Iki ana wong wadon, anak-turuné Abraham sing wis wolulas taun lawasé dibanda déning Iblis. Apa wong kuwi ora olèh diuculi saka bebandané Iblis ing dina Sabbat?"

17Krungu wangsulané Gusti Yésus sing mengkono mau, wong kabèh sing padha nglawan Panjenengané, padha kisinan. Nanging wong-wong liyané padha bungah weruh lelakon ngéram-éramaké sing ditindakaké déning Gusti Yésus.

18Gusti Yésus ngandika: "Kepriyé enggoné Gusti Allah nindakaké Kratoné Allah? Kena Dakupamakaké apa?

19Kratoné Gusti Allah kuwi kaya wiji sawi cilik banget sing ditandur. Wiji sawi kuwi thukul, banjur dadi wit, lan manuk-manuk padha gawé susuh ana ing pang-pangé."

20Gusti Yésus ngandika menèh: "Kratoné Allah kuwi kena Dakupamakaké apa?

21Kuwi kaya ragi sing dijupuk wong wadon, nuli dicarubaké karo glepung trigu telung taker, nganti ragi mau mrasuk ing adonan kabèh."

22Tindaké Gusti Yésus menyang kutha Yérusalèm ngliwati kutha-kutha lan désa-désa. Ing panggonan-panggonan sing diliwati mau Panjenengané memulang.

23Nuli ana wong nyuwun pirsa: "Guru, menapa cacahipun tiyang ingkang kawilujengaken menika namung sekedhik?" Pangandikané Gusti Yésus:

24"Padha ngudia mlebu liwat lawang sing ciyut. Ngertia, yèn akèh wong sing padha ngudi liwat lawang sing ciyut mau, nanging ora bisa.

25Yèn wis tekan mangsané sing kagungan dalem bakal jumeneng sarta nutup lawangé. Kowé bakal ngadeg ana ing njaba sarta thothok-thothok karo matur: ‘Gusti, kawula kabikakna kori!’ Nanging sing kagungan dalem mau bakal mangsuli: ‘Aku ora wanuh, kowé kuwi sapa!’

26Kowé bakal mangsuli: ‘Gusti, kawula sampun nedha lan ngombé sesarengan kaliyan Panjenengan, lan Panjenengan inggih sampun mucal wonten ing kitha kawula!’

27Nanging sing kagungan dalem mau bakal mangsuli menèh: ‘Aku ora ngerti kowé kuwi sapa! Padha lungaa saka kéné, hèh wong sing padha nglakoni piala!’

28Kowé bakal padha weruh Abraham lan Iskak lan Yakub tuwin para nabi kabèh, padha ana ing Kratoné Gusti Allah, nanging kowé dhéwé bakal ditundhung metu saka ing dalem kono. Kowé bakal nandhang sangsara lan keduwung!

29Bakal ana wong padha teka saka ing Wétan lan Kulon, saka ing Lor lan Kidul, lan padha bungah-bungah ana ing Kratoné Gusti Allah.

30Ing dalemé Gusti Allah kono ana wong sing tekané kèri, nanging mlebuné dhisik, lan ana sing tekané dhisik, nanging mlebuné kèri."

31Nalika semana iya ana wong Farisi sawetara sing padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus lan matur: "Kula kinten prayogi menawi Panjenengan tindak kémawon saking ngriki, jalaran Sang Prabu Hérodès ngangkah badhé nyédani Panjenengan."

32Gusti Yésus ngandika: "Lungaa, kandhakna marang ‘kancil’ kuwi, ‘Dina iki lan sésuk Aku nundhungi dhemit lan marasaké wong lara, nanging ing telung dinané Aku bakal ngrampungaké pegawéan-Ku.’

33Dadi Aku bakal mbacutaké laku-Ku ing dina iki, sésuk lan sésuk embèn, sebab ora samesthiné nabi dipatèni ora ana ing kutha Yérusalèm.

34Yérusalèm, Yérusalèm! Kowé sing matèni nabi-nabi. Lan wong-wong sing padha diutus nemoni kowé, padha kokbenturi watu. Kaya apa enggon-Ku saben-saben arep nglumpukaké anak-anakmu kaya babon enggoné nglumpukaké kuthuk-kuthuké ana ing sangisoré swiwiné, nanging kowé ora ngolèhaké!

35Saiki omahmu bakal ditinggal suwung. Kowé bakal ora ndeleng Aku menèh, nganti tekan wektuné kowé padha ngucap: ‘Binerkahana Panjenengané kang rawuh atas Asmané Pangéran.’"



 <<  Lukas 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel