Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 17 >> 

1Gusti Yésus ngandika marang para muridé: "Tan kena ora mesthi ana prekara-prekara sing njalari wong tumiba ing dosa, nanging cilaka banget wong sing mènèhi dhadhakan.

2Luwih becik menawa wong sing mengkono kuwi dikalungana watu penggilingan, banjur dicemplungaké ana ing segara. Luwih becik mengkono ketimbang wong mau njalari wong-wong sing precaya padha gawé dosa.

3Mulané padha diawas! Menawa sedulurmu gawé dosa, welèhna. Yèn wong mau nggetuni dosané, apuranen.

4Upama wong mau gawé keluputan marang kowé nganti kaping pitu sedina lan saben gawé keluputan marani kowé lan muni: ‘Aku keduwung’, wong mau apuranen."

5Para rasul padha matur marang Gusti Yésus: "Gusti! Kula sami nyuwun tambahing pitados."

6Gusti Yésus ngandika: "Yèn kowé duwé pengandel sing gedhéné sawiji sawi waé, kowé bisa akon wit anjir iki: ‘Rungkada lan tumanceba ana ing segara’, mesthi wit mau bakal manut apa sing kokpréntahaké."

7"Saupama ing antaramu ana sing duwé batur, sing kokkongkon mluku utawa angon wedhus, apa sabaliné batur mau saka pegawéané nuli kokkandhani: ‘Gèk énggal mangana?’

8Mesthi ora! Malah kowé bakal muni: ‘Aku tatakna mangan, nganggoa sandhangan sing resik lan ngadhepa, nunggonana enggonku mangan nganti rampung; sawisé kuwi kowé mangana.’

9Batur rak ora susah dialem merga enggoné nglakoni pegawéan manut préntahing bendarané?

10Mengkono uga kowé. Yèn kowé wis nglakoni kabèh sing didhawuhaké marang kowé, kowé munia: ‘Aku iki mung abdi lumrah, mung sadrema nglakoni kuwajibanku.’"

11Nalika Gusti Yésus mbacutaké tindaké saka kutha Yérusalèm, Panjenengané ngliwati tapel watesé daérah Samaria lan daérah Galiléa.

12Nalika Gusti Yésus mlebu ing sawijining désa, ana wong lara lépra sepuluh sowan marang Panjenengané. Wong-wong mau padha ngadeg,

13sarta padha nguwuh-uwuh saka kadohan: "Rama Guru, kawula mugi Panjenengan welasi!"

14Bareng Gusti Yésus pirsa wong-wong mau nuli ngandika: "Padha lungaa, awakmu padha priksakna marang imam." Sajroné padha mlaku, wong-wong mau padha waras.

15Bareng ana salah siji sing weruh yèn wis waras, dhèwèké nuli bali karo memuji Asmané Allah klawan swara sora.

16Wong mau nuli sujud ing ngarsané Gusti Yésus sarta ngaturaké panuwun. Wong mau wong Samaria.

17Gusti Yésus nuli ngandika: "Apa ora wong sepuluh sing diwarasaké? Sing sanga ana ing ngendi?

18Apa sebabé déné malah wong manca kuwi sing bali lan ngaturaké panuwun marang Gusti Allah?"

19Gusti Yésus nuli dhawuh marang wong Samaria mau: "Ngadega, muliha, pangandelmu wis marasaké kowé."

20Ana wong Farisi sawetara padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus, bab mbésuk kapan enggoné Gusti Allah miwiti Kratoné. Gusti Yésus ngandika: "Kratoné Allah kuwi ora diwiwiti srana pretandha-pretandha sing katon,

21sing nganti njalari wong muni: ‘Hé, delengen, iki Kratoné Allah!’ utawa: ‘Lah, kaé ana ing kana!’ Awit Kratoné Allah kuwi ana ing sajroné atimu."

22Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ngandika marang para muridé: "Bakal ana wektuné kowé padha kepéngin nyipati dinaning Putrané Manungsa, nanging ora bisa.

23Mbésuk bakal ana wong sing kandha marang kowé, ‘Delengen ana ing kana’, utawa, ‘Delengen ana ing kéné!’ Kowé aja nggugu banjur metu nggolèki.

24Ya kaya kilat enggoné cumlèrèt ing langit saka sisih kéné tekan sisih kana, iya kaya mengkono bakal kaanané dinaning Putrané Manungsa.

25Nanging Panjenengané kudu nandhang sangsara dhisik lan ditampik déning wong-wong jaman saiki.

26Padha kaya kaanané nalika jamané Nabi Nuh, kaya mengkono uga mbésuk kaanané jamané Putrané Manungsa.

27Wong bakal mangan lan ngombé, padha omah-omah lan mengkono saterusé, nganti tekan dinané Nabi Nuh mlebu ing prauné lan banjiré teka, sarta matèni wong-wong kabèh mau.

28Uga kaya dhèk jamané Lut. Wong padha mangan lan ngombé, dol-tinuku, nenandur lan gawé omah.

29Nanging nalika Lut metu saka kutha Sodom, ing dina kuwi uga geni lan welirang tumurun saka langit ngobong wong kabèh.

30Kaya mengkono uga mbésuk bakal kaanané dina ngetingalé Putrané Manungsa.

31Wong sing ing dina kuwi ana ing payoné omah, aja medhun mlebu ing omah njupuk barang-barangé saka ing kono. Semono uga wong sing lagi ana ing pategalan, aja padha bali ing omahé.

32Padha élinga marang apa sing kedadéan tumrap bojoné Lut.

33Sing sapa ngudi arep nylametaké uripé, wong kuwi bakal kélangan urip sing sejati. Nanging sing sapa kélangan uripé, malah bakal nampa urip sing sejati.

34Ngandela Aku. Ing bengi kuwi yèn ana wong loro sing turu ana ing peturon, sing siji bakal kajupuk lan sijiné ditinggal.

35Yèn ana wong wadon loro sing lagi padha nggiling gandum, sing siji bakal dijupuk lan sing sijiné ditinggal.

36[Yèn ana wong loro sing lagi ana ing pategalan, sing siji bakal dijupuk, lan sijiné ditinggal.]"

37Para murid padha nyuwun pirsa: "Wonten ing pundi, Gusti?" Pangandikané Gusti Yésus: "Ing ngendi ana bathang, ing kono manuk gagak padha ngrompol."



 <<  Lukas 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel