Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 3 >> 

1Nalika pepréntahané Kaisar Tibérius wis nyandhak limalas tauné, Pontius Pilatus dadi gubernur ing tanah Yudéa. Déné sing dadi ratu wilayah ing tanah Galiléa kuwi Sang Prabu Hérodès. Sang Prabu Filipus, sedhèrèké, dadi ratu wilayah ing tanah Ituréa lan Trakhonitis. Déné Sang Prabu Lisanias dadi ratu wilayah ana ing tanah Abiléné.

2Sing dadi imam-imam agung nalika semana Hanas lan Kayafas. Iya dhèk jaman semana kuwi Gusti Allah paring pangandika marang Nabi Yohanes, putrané Imam Zakharia, ana ing ara-ara samun.

3Nabi Yohanes nuli ndlajahi wilayahé Kali Yardèn kabèh, karo memulang, pangandikané: "Padha mratobata saka dosa-dosamu lan padha njaluka dibaptis, supaya olèh pangapuraning dosa saka Gusti Allah."

4Iki cocog karo sing katulis ing kitabé Nabi Yésaya, mengkéné: "Ana wong nguwuh-uwuh ing ara-ara samun: ‘Padha nyawisna dalané Pangéran, lencengna dalan sing arep diambah.

5Jurang-jurang kudu diurugi, lan gunung-gunung sarta punthuk dirata. Dalan sing ménggak-ménggok kudu dilencengaké, sing mendhak-mendhukul kudu dirata.

6Manungsa kabèh bakal padha weruh, enggoné Gusti Allah nylametaké umaté!’"

7Akèh wong sing padha teka marani Nabi Yohanes nyuwun dibaptis. Nabi Yohanes nuli ngandika marang wong-wong mau: "Kowé tetesané ula, wong goroh. Sapa sing akon kowé nyingkiri paukumané Gusti Allah sing bakal kokalami?

8Buktèkna srana kalakuanmu, yèn kowé wis mratobat temenan! Lan aja rumangsa: ‘Aku rak anak-turuné Abraham!’ Sebab ngandela, yèn Gusti Allah kuwi kwasa nitahaké tedhak-turuné Abraham saka watu-watu iki!

9Weruha, wadungé wis dicepakaké kanggo negor wit ing poking oyodé. Saben wit sing ora metokaké woh becik bakal ditegor lan dibuwang ing geni."

10Wong akèh mau nuli padha takon marang Nabi Yohanes: "Menawi mekaten, lajeng menapa ingkang kedah sami kula lampahi?"

11Wangsulané Nabi Yohanes: "Sapa sing duwé klambi loro, sing siji kudu diwènèhaké marang sing ora duwé klambi. Sapa sing duwé pangan, kudu mènèhi pangan marang sing ora duwé."

12Pegawé-pegawé pajeg uga padha marani Nabi Yohanes nyuwun dibaptis. Wong mau padha matur marang Nabi Yohanes mengkéné: "Guru, kula kedah sami nglampahi menapa?"

13Wangsulané Nabi Yohanes: "Aja padha narik pajeg ngluwihi saka sing wis ditetepaké."

14Uga para prejurit padha nyuwun pirsa: "Lha kula, Guru, kula kedah nglampahi menapa?" Wangsulané Nabi Yohanes: "Aja padha meres sapa waé lan aja ngrampas, utawa ndakwa wong sing ora sabeneré; cukup ora cukup, uripa saka pametumu dhéwé."

15Nalika semana akèh wong sing padha ngarep-arep marang rawuhé Sang Mèsias. Mulané akèh sing padha duwé pengira yèn Yohanes kuwi pancèn Sang Mèsias.

16Merga saka kuwi Nabi Yohanes banjur ngandika marang wong-wong mau: "Aku iki mbaptis kowé nganggo banyu, nanging mbésuk bakal ana Wong sing luwih kwasa ketimbang aku. Kuwi bakal rawuh, lan senajan mung nguculi taliné trumpahé waé aku ora patut. Panjenengané sing bakal mbaptis kowé nganggo Roh Suci lan geni.

17Panjenengané wis samekta napèni pariné sing wis ditutu. Berasé bakal dilebokaké ing lumbung, nanging mrambuté bakal diobong ing geni sing ora bisa sirep!"

18Kaya mengkono mau enggoné Nabi Yohanes mulang marang wong akèh nganggo patrap rupa-rupa, sajroné martakaké Injilé Allah.

19Nabi Yohanes uga melèhaké Sang Prabu Hérodès, ratu wilayah ing tanah Galiléa bab enggoné krama karo Hérodias, garwané seduluré Sang Prabu dhéwé. Mengkono uga bab piala-piala liyané, sing dilakoni Sang Prabu.

20Nanging malah saya ndadra enggoné nglakoni piala, yakuwi srana nglebokaké Nabi Yohanes ing pakunjaran.

21Sawisé wong akèh mau padha dibaptis, Gusti Yésus nuli iya dibaptis. Sajroné Gusti Yésus isih ndedonga, langité kawiyak,

22lan Sang Roh Suci nedhaki Panjenengané, rupa manuk dara. Banjur ana swara saka ing swarga sing ngandika: "Kowé kuwi Putra-Ku, sing Dakkasihi, lan sing gawé renaning ati-Ku."

23Nalika Gusti Yésus miwiti pakaryané, yuswané kira-kira telung puluh taun. Wong padha ngarani Panjenengané kuwi anaké Yusuf, yakuwi anaké Èli,

24anaké Matat, anaké Lèwi, anaké Mèlkhi, anaké Yanai, anaké Yusuf,

25anaké Matica, anaké Amos, anaké Nahum, anaké Hèsli, anaké Nagai,

26anaké Maat, anaké Matica, anaké Simèi, anaké Yosékh, anaké Yoda,

27anaké Yohanan, anaké Résa, anaké Zérubabel, anaké Séaltièl, anaké Néri,

28anaké Mèlkhi, anaké Adi, anaké Kosam, anaké Èlmadam, anaké Èr,

29anaké Yésua, anaké Élièzer, anaké Yorim, anaké Matat, anaké Lèwi,

30anaké Siméon, anaké Yéhuda, anaké Yusuf, anaké Yonam, anaké Èlyakim,

31anaké Méléa, anaké Mina, anaké Matata, anaké Natan, anaké Dawud,

32anaké Isai, anaké Obèd, anaké Boas, anaké Salmon, anaké Nahason,

33anaké Aminadab, anaké Admin, anaké Arni, anaké Hèzron, anaké Pèrès, anaké Yéhuda,

34anaké Yakub, anaké Iskak, anaké Abraham, anaké Térah, anaké Nahor,

35anaké Sérug, anaké Réhu, anaké Pèlèg, anaké Ébèr, anaké Salmon,

36anaké Kénan, anaké Arpakhsad, anaké Sèm, anaké Nuh, anaké Lamèkh,

37anaké Métusalah, anaké Hénokh, anaké Yarèd, anaké Mahalaléèl, anaké Kénan,

38anaké Énos, anaké Sèt, anaké Adam, putrané Allah.



 <<  Lukas 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel