Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Maleakhi 1 >> 

1Iki wangsité Pangéran marang bangsa Israèl lantaran Nabi Maléakhi.

2Pangandikané Pangéran marang umat kagungané mengkéné, "Aku tansah nresnani kowé." Nanging umat mau ngunjukaké wangsulan, "Pundi buktinipun, bilih Paduka nresnani kawula?" Pangandikané Pangéran, "Ésau lan Yakub kuwi rak sedulur kakang adhi? Nanging Yakub lan anak-turuné Dakkasihi,

3lan Ésau saanak-turuné Daksengiti. Mulané pegunungan-pegunungané Dakgawé sepi mamring. Dakdadèkaké panggonané kéwan galak."

4Saupama wong Édom, anak-turuné Ésau padha kandha, "Kutha-kuthaku padha rusak, nanging bakal dakbangun menèh," Aku, Pangéran bakal mangsuli, "Bangunen, mengko bakal Dakgempur menèh. Tanah mau bakal karan: ‘Tanah sangar,’ utawa ‘Bangsa sing diukum déning Allah ing selawasé.’"

5Wong Israèl bakal ndeleng lelakon mau srana mripaté dhéwé lan bakal padha kandha, "Pangéran kuwi kwaos nganti tekan sanjabaning tlatahé Israèl!"

6Pangéran, Allah Kang Mahakwasa ngandika marang para imam mengkéné, "Anak lanang ngurmati bapakné, lan batur ngurmati bendarané. Aku iki Bapakmu, yagéné kowé ora ngurmati Aku? Aku iki Bendaramu. Yagéné kowé ora wedi karo Aku? Kowé ngrèmèhaké Aku, éwasemono kowé padha takon, ‘Mawi cara kadospundi enggèn kawula ngrèmèhaken Paduka?’

7Carané enggonmu ngrèmèhaké Aku yakuwi srana nyaosaké dhaharan sing najis ana ing mesbèh-Ku. Nanging kowé munjuk pitakon, ‘Kadospundi caranipun enggèn kawula najisaken mesbèh Paduka?’ Merga penganggepmu sing angkuh, mesbèhé Pangéran dadi koksepèlèkaké!

8Yèn sing koksaosaké kanggo kurban marang Aku kuwi kéwan picak, utawa laranen, utawa pincang, apa saka pangiramu kuwi becik? Coba kéwan mengkono iku aturna marang bupatimu! Apa wong mau bakal seneng karo kowé lan ngganjar marang kowé?"

9Mulané kowé, para imam, yèn kowé nyuwun sing becik kanggo kita, Panjenengané bakal ora miyarsakaké pandongamu, lan kuwi merga salahmu dhéwé.

10Pangéran Kang Mahakwasa ngandika, "Beciké ana salah siji ing antaramu sing nutup lawangé Pedalemané Allah, supaya kowé ora bisa nyumed geni sing tanpa guna ana ing mesbèh-Ku. Aku ora seneng karo kowé; Aku ora kersa nampèni kurban sesaosanmu.

11Wong saka kéblat papat padha teka saka pojoking bumi merga kepéngin ngurmati Aku, sarta ana ing ngendi-endi wong padha ngobong menyan konjuk marang Aku, sarta padha saos kurban sing gawé renaning penggalih-Ku. Wong kabèh mau padha ngurmati Aku!

12Nanging kowé malah padha najisaké asma-Ku karo kandha, yèn mesbèh-Ku kuwi sepélé, sarta karo nyaosaké kurban dhaharan sing najis.

13Pangucapmu, ‘Aku wis bosen karo kuwi mau kabèh!’ Kowé banjur ndhangak karo ngènjepi Aku. Samasa kowé saos pisungsung marang Aku rupa kéwan colongan, utawa kéwan sing pincang utawa sing laranen, apa kokkira Aku kersa nampèni kurbanmu kuwi?

14Cilaka wong julig sing ngurbanaké kéwan cacad marang Aku, mangka ing antarané pepanthané wedhusé ana kéwan sing becik, sing wis dipisahaké arep disaosaké marang Aku! Apa Aku iki dudu Ratu sing luhur, lan bangsa-bangsa salumahing bumi padha ngurmati Aku."



 <<  Maleakhi 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel