Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Maleakhi 3 >> 

1Pangéran Kang Mahakwasa paring wangsulan mengkéné, "Aku bakal ngutus utusan sing ngrata dalan sing bakal Dakambah. Pangéran sing kokgolèki kuwi bakal rawuh dadakan, ing Pedalemané. Utusan-Ku sing kokarep-arep tekané mau bakal kokdeleng lan kuwi sing bakal medharaké prejanjian-Ku."

2Nanging sapa sing kuwat ngadhepi dina rawuhé Utusané Pangéran mau? Sapa sing bakal tahan urip samasa Panjenengané ngetingal? Panjenengané mau presasat sabun sing keras, kaya geni sing ngluluh slaka.

3Kaya carané kemasan ngluluh slaka lan emas, kaya mengkono Utusané Pangéran bakal nucèkaké para imam, nganti padha bisa nindakaké kurban sing pantes konjuk marang Pangéran.

4Mula kurban-kurban sing kasaosaké déning wong Yéhuda lan wong Yérusalèm bakal gawé renaning galihé Pangéran, kaya dhèk jaman biyèn.

5Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Aku bakal rawuh ngetingal ing antaramu ngadili kowé. Lan Aku sepisan menèh bakal nglawan wong sing padha dadi tukang tenung, wong sing padha laku ngiwa, wong sing dadi seksi palsu, wong sing ngunthet opahé para buruhé, wong sing nindhes randha lan bocah lola, sarta wong manca; kuwi wong sing padha nglawan marang dhawuh-Ku."

6"Aku iki Pangéran, kang ora owah-gingsir. Mulané kowé anak-turuné Yakub ora bakal sirna.

7Ora béda karo para leluhurmu, kowé wis padha nyingkur marang dhawuh-dhawuh-Ku, merga ora koklakoni. Padha mratobata, sowana Aku, lan Aku bakal nunggal karo kowé. Nanging kowé padha munjuk, ‘Kadospundi caranipun enggèn kawula saged sowan Paduka malih?’

8Apa bisa manungsa ngapusi Allah, kaya enggonmu ngapusi Aku? Éwasemono kowé padha munjuk, ‘Kadospundi enggèn kawula ngapusi Paduka?’ Yakuwi ing bab nyaosaké pisungsung prasepuluhan.

9Mulané kowé kabèh wis padha kena ing paukuman, ora liya merga saka enggonmu ngapusi Aku.

10Pisungsung prasepuluhan kuwi kabèh gawanen menyang gudhangé Pedaleman-Ku, supaya ing Pedaleman-Ku anaa tandhon pangan. Banjur titènana, kowé mesthi Dakwengani korining langit, sarta Aku bakal ngesokaké berkah-Ku marang kowé nganti lubèr?

11Aku bakal nggusah ama sing ngrusak tanduranmu lan wit anggurmu bakal metokaké dhompolan akèh.

12Kowé bakal disebut bangsa sing begja déning para bangsa kabèh, merga tanahmu becik kanggo manggon."

13"Kowé ngrasani ala marang Aku," mengkono pangandikané Pangéran. "Nanging kowé munjuk, ‘Kawula sami ngraosi awon?’

14Kowé padha kandha, ‘Ngabekti marang Pangéran kuwi apa gunané? Apa paédahé nglakoni dhawuh-dhawuhé sarta nggetuni piala kita?

15Apa sing kita deleng, nyatané wong angkuh rak padha kepénak uripé. Wong ala ora mung kepénak uripé, malah padha wani nyoba marang Allah srana lakuné sing ala, mangka iya ora dikapak-kapakaké!’"

16Nanging wong sing ngabekti marang Allah padha rerasanan karo kancané, mangka Pangéran midhanget apa sing padha diucapaké mau. Ana ing ngarsané Pangéran ana kitab kanggo nyatheti sakèhé wong sing ngabekti marang Panjenengané lan ngajèni asmané.

17Pangandikané Pangéran Allah Kang Mahakwasa, "Wong-wong kuwi mau kagungan-Ku piyambak. Ing dina sing wis Daktetepaké Aku bakal maringi kawelasan, bakal Dakéman kaya bapak ngéman marang anaké sing mbangun-turut.

18Kowé bakal weruh menèh bédané wong sing mursid karo wong duraka, bédané wong sing ngabekti marang Allah karo sing ora."



 <<  Maleakhi 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel