Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 10 >> 

1Ing sawijining dina Gusti Yésus ngempalaké muridé rolas. Para murid mau padha diparingi pangwasa nundhungi dhemit, marasaké sakèhing lelara lan sarupaning cacad.

2Jenengé rasul rolas kuwi: Simon sing uga disebut Pétrus lan Andréas, seduluré; Yakobus lan Yohanes, loro-loro anaké Zébedéus.

3Filipus lan Bartoloméus, karo Tomas; Matius pegawé pajeg; Yakobus anaké Alféus; Tadéus.

4Simon sing diparabi ‘Patriot’; lan Yudas Iskariot, sing ngulungaké Gusti Yésus.

5Rasul rolas kuwi nuli diutus déning Gusti Yésus kanthi diweling mengkéné: "Aja padha nekani daérahé wong-wong kapir (utawa sing ora nganut agama Yahudi). Lan aja mlebu ing kutha-kuthané wong Samaria.

6Nanging padha maranana wong Israèl sing padha mursal.

7Padha wulangen yèn Kratoné Allah saiki wis diwiwiti.

8Wong lara padha warasna; wong mati padha tangèkna; wong lara kusta padha marèkna lan dhemit-dhemit padha tundhungen. Kowé padha olèh pangwasa tanpa nganggo mbayar apa-apa. Dadi pangwasa mau iya gunakna tanpa nganggo bayaran.

9Aja padha sangu dhuwit mas, dhuwit slaka utawa dhuwit tembaga.

10Lungamu aja padha nggawa kanthong kanggo nampani sedhekah, utawa nggawa salin klambi, utawa sepatu, utawa teken. Awit wong nyambut-gawé kuwi wis samesthiné dicukupi butuhé.

11Yèn kowé teka ing sawijining kutha utawa désa, golèka wong sing gelem kokpondhoki. Mondhoka ana ing omah mau nganti salungamu saka kono.

12Yèn kowé arep mlebu omahé wong, uluka salam, ‘Muga Gusti Allah mberkahi kowé kabèh.’

13Yèn wong ing omah kono gelem nampani kowé, salammu bakal tumanduk marang brayat mau. Nanging yèn padha ora gelem nampani kowé, salammu mau bakal bali marang kowé menèh.

14Yèn ana omah utawa kutha sing wongé ora gelem nampani kowé, utawa ora gelem ngrungokaké piwulangmu, lungaa saka panggonan kono lan ketabna lebu sing nèmplèk ana ing sikilmu.

15Titènana! Mbésuk ing Dina Kiamat Gusti Allah bakal ngukum wong-wong sing manggon ana ing kutha-kutha mau, mangka aboté ngungkuli paukumané wong-wong sing manggon ing kutha Sodom lan Gomora!"

16"Padha gatèkna: Kowé padha Dakutus kaya wedhus ana ing antarané asu ajag. Mulané sing ngati-ati kaya ula, lan sing barès atimu kaya manuk dara.

17Sing waspada marang apa waé, sebab kowé bakal dicekel lan diladèkaké marang pengadilan agama. Kowé bakal padha disiksa ing papan pangibadahé wong mau.

18Lan kowé bakal diajokaké marang sing padha ngasta pangwasa lan marang para raja, merga saka Aku. Iya kuwi wektumu nglairaké paseksi bab Aku marang para penggedhé mau lan marang para wong sing padha ora wanuh marang Gusti Allah.

19Nanging samasa kowé diladèkaké lan arep diadili, aja padha sumelang apa sing bakal kokaturaké, utawa kepriyé carané matur. Kuwi kabèh sanalika iku uga bakal kaparingaké déning Gusti Allah marang kowé.

20Awit sing bakal caturan dudu kowé, nanging Rohé Ramamu, sing ana ing swarga lumantar kowé.

21Bakal kelakon ana wong masrahaké seduluré dhéwé supaya dipatèni. Semono uga bapak bakal masrahaké anaké. Anak-anak bakal nglawan bapakné lan ibuné, lan masrahaké wong tuwané mau supaya dipatèni.

22Wong kabèh bakal padha sengit marang kowé merga saka aku. Nanging sing sapa mantep tekan wekasan, bakal slamet.

23Yèn kowé dikuya-kuya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyané. Kowé Dakkandhani: Durung nganti kemput olèhmu nglakoni tugasmu dadi utusan ing kutha-kutha Israèl kabèh, weruh-weruh Putrané Manungsa wis rawuh.

24Murid mangsa ngluwihana guruné, lan abdi mangsa ngungkulana bendarané.

25Tumraping murid wis cukup yèn bisa dadi kaya guruné, lan abdi bisa dadi kaya bendarané. Yèn sing duwé omah diarani Béèlzebul, apa menèh brayaté saomah, mesthi diarani luwih ala!"

26"Aja padha wedi marang manungsa. Apa sing ketutupan, bakal kabukak, lan apa sing digawé wadi, bakal kawiyak.

27Apa sing Dakkandhakaké marang kowé ana ing petengan, kudu kokkandhakaké ana ing padhangan. Lan apa sing dibisikaké ing kupingmu, kuwi wertakna tekan ngendi-endi!

28Aja wedi marang wong sing bisa matèni badan. Aluwung wedia marang Gusti Allah, sing kwasa matèni badan lan nyawamu karo pisan ing nraka.

29Manuk glathik loro regané rak ora sepiraa? Éwasemono ora ana siji waé sing tiba ing lemah, yèn durung dikersakaké déning Ramamu ing swarga.

30Mangka kowé kuwi, dalasan rambut sing ana ing sirahmu wis diétung kabèh.

31Mulané aja padha wedi! Ana ing ngarsané Gusti Allah kowé luwih aji ketimbang karo sakèhing manuk glathik."

32"Saben wong sing ngakoni dadi murid-Ku ana ing ngareping umum, iya bakal Dakakoni ing ngarsané Rama-Ku ing swarga.

33Nanging sing sapa ing ngareping umum sélak yèn dadi murid-Ku, wong kuwi iya bakal Daksélaki uga ana ing ngarsané Rama-Ku ing swarga."

34"Kowé aja padha ngira, yèn teka-Ku nggawa pirukun ana ing jagad. Teka-Ku ora nggawa pirukun, nanging malah pasulayan.

35Sebab teka-Ku njalari anak lanang crah karo bapakné, anak wadon crah karo ibuné lan mantu wadon crah karo ibuné maratuwa.

36Lan sing bakal dadi mungsuh sing gedhé dhéwé, yakuwi para wong kang nunggal saomah.

37Sing sapa nresnani bapa utawa biyungé nganti ngungkuli tresnané marang Aku, kuwi ora patut dadi murid-Ku. Lan sing sapa nresnani anaké lanang utawa anaké wadon ngungkuli tresnané marang Aku, kuwi ora patut dadi murid-Ku.

38Sing sapa ora gelem mikul salibé sarta nurut tuladha-Ku, kuwi ora patut dadi murid-Ku.

39Sing sapa ngéman uripé, kuwi malah bakal kélangan uripé, nanging sing sapa kélangan uripé merga saka enggoné dadi murid-Ku, kuwi malah bakal lestari urip."

40"Sing sapa nampani kowé, kuwi uga nampani Aku. Lan sing sapa nampani Aku, kuwi iya nampani Sang Rama ing swarga, sing ngutus Aku.

41Sing nampani wong utusané Gusti Allah, bakal tampa ganjaran kaya sing diparingaké marang utusané Gusti Allah. Lan sing sapa nampani wong, merga wong mau mursid, bakal tampa ganjarané wong mursid.

42Lan sing sapa awèh ngombé marang salah sawijiné wong cilik iki, merga enggoné dadi murid-Ku, senajan mung banyu adhem secangkir waé, wong kuwi mesthi bakal tampa ganjaran saka Rama-Ku ing swarga."



 <<  Matius 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel