Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 13 >> 

1Ing dina kuwi uga Gusti Yésus tindak saka omah mau menyang ing pinggiring tlaga, lan lenggah ana ing kono.

2Nuli ana wong akèh padha teka ngrubung Panjenengané. Saka akèhé wong mau, Gusti Yésus nuli minggah ing prau lan lenggah ana kono. Déné wong akèh mau padha ngadeg ana ing pesisir.

3Gusti Yésus banjur mulang bab prekara rupa-rupa srana pasemon. Pangandikané: "Ana wong tani nyebar wiji.

4Wiji mau ana sing tiba ing sauruting dalan, banjur dicucuki manuk.

5Ana sing tiba ing lemah padhas, sing lemahé tipis. Wiji-wiji mau iya nuli thukul.

6Nanging bareng srengéngé saya dhuwur, winih mau banjur alum, dadi garing lan mati, awit oyodé ora jero.

7Ana menèh wiji sing tiba ana ing satengahé thethukulan eri. Bareng thethukulané eri mau saya gedhé, winih mau kelindhih, temahan mati.

8Nanging iya ana sing tiba ing lemah subur, temahan padha metokaké woh; ana sing wohé tikel satus, ana sing tikel sewidak, lan ana sing tikel telung puluh."

9Gusti Yésus tumuli mungkasi piwulang mau srana ngandika: "Sapa sing duwé kuping, padha ngrungokna."

10Para muridé Gusti Yésus tumuli padha sowan ing ngarsané lan nyuwun pirsa: "Menapa sebabipun déné Gusti menawi mulang tiyang kathah kokmawi pasemon?"

11Gusti Yésus ngandika: "Wis dadi kersané Gusti Allah supaya mung kowé sing nyumurupi wewadining Kratoné Swarga, dudu wong akèh mau.

12Sebab wong sing wis duwé, kuwi bakal kaparingan nganti lubèr. Nanging wong sing ora duwé, apa saduwèké malah bakal kapundhut.

13Kuwi sebabé Aku yèn mulang wong akèh nganggo pasemon. Awit senajan mripaté padha ndeleng, wong kuwi bakal ora weruh, lan senajan kupingé padha ngrungu, nanging bakal padha ora ngerti.

14Srana mengkono kelakon temenan apa sing diweca déning Nabi Yésaya, mengkéné: ‘Kowé bakal bola-bali krungu, nanging ora ngerti; kowé bakal bola-bali ndeleng, nanging ora sumurup.

15Awit bangsa iki ndableg; lan kupingé budheg sarta mripaté merem dhipet. Sebab yèn ta ora mengkono mripaté mesthi weruh lan kupingé krungu, lan pikirané banjur ngerti, nuli padha teka marani Aku, lan mratobat, temahan padha Dakwarasaké, mengkono pangandikané Gusti Allah.’"

16Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: "Begja kowé, sebab mripatmu weruh lan kupingmu krungu.

17Ngertia! Akèh para nabi lan para wong mursid sing padha kepéngin ndeleng apa sing padha kokdeleng, nanging ora kelakon ndeleng, lan padha kepéngin krungu apa sing kokrungu, nanging ora kelakon krungu."

18"Padha ngrungokna tegesé pasemon bab wong nyebar wiji mau.

19Yèn ana wong sing padha krungu piwulang bab Kratoné Allah, nanging ora ngerti, Iblis banjur teka lan ngrebut piwulang sing disebar ing atiné. Kuwi ibaraté wiji sing disebar lan tiba ing sauruting dalan.

20Déné wiji sing disebar lan tiba ing tanah padhas, kuwi ibaraté wong sing padha ngrungokaké, nuli precaya marang piwulang mau klawan bungah.

21Nanging pangandika mau durung rumesep temenan ing atiné. Bareng nemahi kasusahan lan panganiaya merga saka enggoné precaya mau, wong mau tumuli murtad.

22Déné wiji sing tiba ing satengahé thethukulan eri, kuwi ibaraté wong-wong sing padha ngrungokaké pangandika lan precaya, nanging banjur padha sumelang banget, yèn merga pangandika mau banjur ora bisa ketutugan karepé enggoné arep urip mubra-mubru ana ing donya kéné. Mulané pangandika sing kasebar mau ora ngetokaké woh ing wong mau.

23Déné pangandika sing kasebar ing tanah subur, kuwi ibaraté wong sing padha ngrungokaké pangandika mau lan precaya kanthi mantep. Mulané wong mau ngetokaké woh akèh, ana sing tikel satus, ana sing tikel sewidak, lan ana sing tikel telung puluh."

24Gusti Yésus ngandikakaké pasemon siji menèh marang wong akèh. Pangandikané: "Kratoné Allah kuwi kena diibarataké wong tani sing nyebar wiji becik ana ing pategalané.

25Nanging ing wayah bengi, nalika wong-wong lagi padha turu, satruné wong tani mau teka lan nyebar alang-alang ing tengahé gandum, nuli lunga.

26Bareng gandumé thukul lan metu wulèné, alang-alangé iya banjur katon.

27Para buruhé wong tani mau tumuli padha mara sarta matur: ‘Kadosipun Bapak rumiyin nyebar wiji gandum ingkang saé wonten ing tegil menika. Samenika kokkebak alang-alang?’

28Wong tani mau banjur mangsuli: ‘Kuwi penggawéné satru.’ Para buruh mau nuli matur: ‘Menapa kersanipun Bapak, alang-alangipun kula jabuti kémawon?’

29Wangsulané wong tani mau: ‘Aja, sebab yèn kowé njabuti alang-alangé, bisa uga gandumé katut kejabut.

30Bèn waé alang-alangé thukul bareng karo gandumé, nganti wektuné panèn. Aku bakal ngandhani sing padha derep: Alang-alangé klumpukna dhisik, nuli talènana lan obongen. Lagi sawisé kuwi gandumé enènana, lan simpenen ing lumbungku.’"

31Ana menèh pasemon sing diwulangaké déning Gusti Yésus marang wong akèh, mengkéné: "Kratoné Allah kuwi kena diibarataké wiji sawi sing cilik banget, sing ditandur wong ana ing pategalané.

32Wiji sawi kuwi cilik banget, nanging yèn wis thukul, godhongé ngungkuli tanduran janganan liya-liyané. Malah dadi wit; nganti manuk-manuk padha teka gawé susuh ana ing wit mau."

33Ana pasemon liyané menèh sing diparingaké déning Gusti Yésus marang wong akèh, mengkéné: "Kratoné Allah kuwi kena diibarataké ragi sing dijupuk déning wong wadon, nuli dicarubaké ing glepung trigu telung kobokan, nganti ragi mau mrasuk rata ing glepungé."

34Sakèhé prekara ing dhuwur mau diwulangaké déning Gusti Yésus marang wong akèh srana pasemon.

35Mengkono kelakon temenan, pangandikané para nabi mengkéné: "Aku bakal ngandika marang wong-wong kuwi klawan pasemon; Aku bakal nuduhaké prekara-prekara sing digawé wadi wiwit saka dumadiné jagad."

36Sawisé wong akèh mau padha didhawuhi bubar, Gusti Yésus banjur kondur. Para muridé tumuli padha sowan lan matur: "Kawula sami nyuwun keparenga Panjenengan nerangaken bab pasemon alang-alang ingkang thukul ing antawisipun gandum wau."

37Gusti Yésus banjur mangsuli, pangandikané: "Wong sing nyebar wiji sing becik, yakuwi Putrané Manungsa.

38Déné pategalané kuwi jagad. Wiji becik sing thukul, kuwi para umat ing Kratoné Allah. Alang-alang, kuwi wong-wong sing padha dadi balané Iblis.

39Déné sing nyebar wiji alang-alang, kuwi Iblis. Mangsa panèn, kuwi wekasané jaman; lan sing padha derep, malaékat.

40Kaya déné alang-alang banjur diklumpukaké lan diobong ing geni, mengkono uga mbésuk ing Pungkasaning Jaman.

41Putrané Manungsa bakal ngutus para malaékaté, kadhawuhan nglumpukaké samubarang sing marakaké wong padha gawé dosa, lan nglumpukaké sakèhing wong sing nindakaké kadursilan, kapisah saka ing Kratoné Allah.

42Wong mau kabèh bakal kacemplungaké ana ing pawon sing murub; ing kono bakal padha nandhang panyiksa lair lan batin.

43Nanging wong sing padha nglakoni kersané Gusti Allah, bakal padha mencorong kaya srengéngé ana ing Kratoné Allah. Mulané wong sing duwé kuping, padha ngrungokna!"

44"Kratoné Allah kuwi kena diibarataké raja-brana sing kependhem ing palemahan, sing ditemu déning wong, banjur diurugi menèh. Saka bungahé, wong mau banjur lunga ngedol darbèké kabèh, nuli bali lan nuku palemahan mau."

45"Kratoné Allah kuwi uga kena diupamakaké kaya déné wong dagang sing golèk mutiara-mutiara sing larang regané.

46Bareng wis nemu mutiara sing adi dhéwé, sanalika wong mau lunga ngedoli sabarang duwèké, kanggo nuku mutiara sing adi dhéwé mau."

47"Kratoné Allah kuwi kaya upamané jala, sing ditibakaké ing tlaga lan olèh iwak rupa-rupa.

48Bareng jala mau wis kebak, banjur ditarik menyang dharatan déning para nelayan. Nelayan-nelayan banjur lungguh milihi iwak-iwak mau: Sing apik diwadhahi, lan sing ala dibuwang.

49Kaya mengkono uga kaanané ing Pungkasaning Jaman. Malaékat-malaékat bakal misahaké para wong ala saka ing antarané para wong mursid.

50Sawisé mengkono wong-wong ala mau bakal dibuwang, lan kacemplungaké ing pawon sing murub. Ana ing kono wong-wong mau bakal padha nangis lan nggeget untu."

51Gusti Yésus banjur ndangu marang para muridé: "Kowé apa padha ngerti tegesé pasemon kuwi mau kabèh?" Wangsulané sing padha didangu: "Inggih, sampun mangertos."

52Gusti Yésus banjur nerusaké ngandika: "Mulané saben ahli Torèt sing wis dadi umat ing Kratoné Allah, kuwi kena diupamakaké tuwan-rumah sing ngetokaké barang-barang sing pengaji, sing anyar lan sing lawas, saka ing gudhangé."

53Sawisé rampung enggoné maringaké pasemon-pasemon mau, Gusti Yésus nuli tindak saka ing kono,

54kondur menyang kutha Nasarèt. Ana ing kana Panjenengané memulang ing sinagogé. Wong-wong sing padha ngrungokaké padha gumun banget, sarta padha rerasanan: "Wong kuwi olèhé kawicaksanan sing kaya mengkono iku saka endi? Lan saka endi enggoné olèh pangwasa nganti bisa gawé mujijat?

55Apa kuwi dudu anaké si tukang kayu? Apa dudu anaké Maryam, lan seduluré Yakobus, Yusuf, Simon lan Yudas?

56Lan sedulur-seduluré wadon rak kabèh ana ing kéné? Saka endi enggoné olèh kuwi mau kabèh?"

57Temahan wong-wong padha nampik marang Gusti Yésus. Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong mau: "Sing jeneng nabi kuwi ana ing ngendi-endi kajèn, kejaba ana ing papan asalé lan ing omahé dhéwé."

58Mulané Gusti Yésus ing kutha Nasarèt kono ora nindakaké mujijat akèh, jalaran wong ing kono padha ora precaya marang Panjenengané.



 <<  Matius 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran