Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 22 >> 

1Gusti Yésus memulang menèh marang wong akèh ngagem pasemon.

2Pangandikané: "Kratoné Gusti Allah kuwi kena diupamakaké kaya péstané ratu sing mantokaké putrané.

3Ratu mau ngutus para abdiné, nimbali wong-wong sing padha diulemi. Nanging wong-wong mau padha ora gelem teka.

4Nuli ratu mau ngutus utusan-utusan liyané, sing padha diweling mengkéné: ‘Kandhaa karo wong-wong sing padha dakulemi mau yèn pahargyan mantèné anakku wis katata. Sapi lanang lan pedhèt-pedhèt pilihan wis disembelèh. Samubarang wis cumawis. Ayo padha teka ing pahargyan!’

5Éwasemono tamu-tamu sing diulemi ora padha maèlu. Malah padha lunga menyang pegawéané dhéwé-dhéwé; ana sing lunga menyang pategalané, ana sing ngurusi dagangané;

6lan malah ana liyané sing nyekel para utusané ratu mau, dipilara lan dipatèni.

7Mulané bareng mireng bab kuwi Sang Prabu duka banget. Banjur ngutus para prejurité, didhawuhi matèni wong-wong sing padha matèni utusané Sang Prabu mau.

8Sawisé kuwi Sang Prabu nuli nimbali para abdiné lan ngandika: ‘Pahargyan mantèn wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes.

9Mulané saiki kowé padha lungaa ing dalan-dalan gedhé. Pira lan sapa waé wong sing kokprangguli ing kana, ulemana, supaya teka ing pahargyan mantèn iki.’

10Para abdi mau iya tumuli padha mangkat. Kabèh wong sing diprangguli ing dalan-dalan gedhé padha dikumpulaké, iya wong ala, iya wong becik. Panggonan pahargyan mau nganti kebak tamu.

11Sang Prabu banjur mlebet ing papan pahargyan, mirsani para tamuné. Ing kono mirsa ana tamu sing ora nganggo sandhangan pésta.

12Tamu mau banjur didangu: ‘Sedulur! Kepriyé déné kowé bisa mlebu tekan kéné ora nganggo sandhangan pésta?’ Tamu mau ora bisa mangsuli apa-apa.

13Sang Prabu banjur ngandika marang para abdi: ‘Wong iki bandanen lan wetokna saka kéné, lebokna ing panggonan sing peteng. Ing kono bakal ana tangis lan panggegeting untu.’"

14Gusti Yésus banjur mungkasi pasemon kuwi mengkéné: "Akèh wong sing padha ditimbali, nanging sing dipilih mung sethithik."

15Wong-wong Farisi nuli padha metu saka ing kono lan padha ngrembug kepriyé bisané nyengkolong Gusti Yésus srana pitakonan-pitakonan.

16Para Farisi mau nuli kongkonan murid-muridé sowan marang Gusti Yésus, bebarengan karo wong sawetara saka golongan Hérodian. Wong-wong mau dikon matur marang Gusti Yésus mengkéné: "Bapak Guru, kula mangertos, bilih Panjenengan menika barès, sarta mucal kanthi blak-blakan bab kersanipun Gusti Allah tumraping manungsa, tanpa ajrih dhateng sinten kémawon; awit Panjenengan mboten mawang tiyang.

17Awit saking menika mugi Panjenengan kersa paring katerangan: Mbayar paos dhateng Kaisar ing Rum, menika kénging menapa mboten?"

18Nanging Gusti Yésus mirsa karep sing ala kuwi, mula banjur ngandika: "Wong lamis. Yagéné kowé nyoba marang Aku?

19Tuduhna dhuwit sing kokenggo mbayar pajeg kuwi." Wong mau banjur padha ngaturaké dhuwit dinar siji.

20Gusti Yésus banjur ndangu: "Iki gambaré sapa lan jenengé sapa sing ditulis ana ing dhuwit iki?"

21Wangsulané sing padha didangu: "Menika gambaripun Kaisar." Gusti Yésus banjur ngandika: "Yèn mengkono caosna marang Kaisar apa sing dadi haké Kaisar, lan aturna marang Gusti Allah apa sing dadi kagungané Gusti Allah."

22Bareng krungu pangandika mengkono, wong-wong mau padha gumun banget. Banjur padha lunga.

23Ing dina kuwi uga, ana wong Saduki sawetara padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus. Wong-wong mau duwé penganggep yèn wong mati mono ora bakal tangi.

24Banjur padha matur marang Gusti Yésus mengkéné: "Pak Guru, Nabi Musa ngandika: Menawi wonten tiyang jaler pejah, mangka mboten gadhah anak, menika sedhèrèkipun jaler kedah kawin kaliyan randha ingkang katilar pejah sémahipun wau, supados ingkang pejah wau gadhaha turun.

25Nanging naté kelampahan ing ngriki, wonten tiyang pitu sasedhèrèk. Ingkang mbajeng kawin, lajeng pejah, tanpa gadhah anak. Dados randhanipun katilaraken dhateng sedhèrèkipun.

26Mekaten ugi sedhèrèkipun wau inggih tilar-donya, tanpa gadhah anak. Kados mekaten ugi sedhèrèkipun nomer tiga lan salajengipun ngantos ingkang nomer pitu pisan.

27Wusana tiyang èstri wau inggih pejah.

28Menawi mekaten menika, mbénjing ing dinten petangènipun tiyang pejah, tiyang èstri wau lajeng dados sémahipun sinten? Sebab tiyang pitu sasedhèrèk wau sampun naté kawin kaliyan piyambakipun."

29Gusti Yésus ngandika: "Kowé padha kesasar, sebab kowé ora ngerti marang piwulangé Kitab Suci lan pangwasané Gusti Allah!

30Awit yèn wong mati wis padha katangèkaké menèh, wong mau ora bakal omah-omah lan diomah-omahaké menèh. Wong-wong mau bakal padha urip kaya para malaékat ing swarga.

31Apa kowé padha ora tau maca, apa sing dipangandikakaké déning Gusti Allah bab petangèné wong mati? Gusti Allah ngandika:

32‘Aku Allahé Abraham, Allahé Iskak lan Allahé Yakub!’ Allah kuwi dudu Allahé wong mati, nanging Allahé wong urip."

33Bareng krungu ketrangané sing kaya mengkono mau, wong akèh padha gumun banget marang piwulangé Gusti Yésus.

34Bareng wong Farisi padha krungu, yèn Gusti Yésus wis mbungkem wong Saduki, banjur padha nglumpuk.

35Ana siji panunggalané para ahli Torèt, arep nyoba marang Gusti Yésus, srana pitakonan, mengkéné:

36"Bapak Guru, angger-angger ingkang utami lan ageng piyambak ing salebeting Kitab Torèt menika ingkang pundi?"

37Gusti Yésus ngandika: "Kowé tresnaa marang Allahmu klawan gumolonging atimu, gumolonging nyawamu lan gumolonging budimu.

38Ya kuwi angger-angger sing gedhé lan sing luhur dhéwé!

39Déné angger-angger sing kaping pindho, sing padha wigatiné karo sing dhisik mau, yakuwi: Kowé tresnaa marang sapepadhamu, kaya enggonmu nresnani marang awakmu dhéwé.

40Kabèh angger-angger sing kasebut ana ing Kitab Torèt lan ing kitabé para nabi, kuwi dhasaré ana ing angger-angger loro mau."

41Nalika wong Farisi isih padha nglumpuk ana ing kono, Gusti Yésus ndangu marang wong-wong mau, pangandikané:

42"Kepriyé penemumu bab Sang Kristus? Panjenengané kuwi tedhaké sapa?" Wangsulané sing padha didangu: "Tedhakipun Sang Prabu Dawud."

43Pangandikané Gusti Yésus: "Yèn mengkono, kepriyé déné Sang Prabu Dawud, sing katuntun déning Rohé Allah, koknyebut marang Sang Kristus kuwi: ‘Gusti’? Sebab Sang Prabu Dawud ngandika:

44‘Pangéran wis dhawuh marang Gustiku: linggiha ing tengen-Ku, nganti sakabèhing mungsuhmu wis Daktelukaké ing sangisoring tlapakanmu.’

45Dadi yèn Sang Prabu Dawud nyebut Sang Kristus kuwi ‘Gusti’, kepriyé déné Sang Kristus kokdisebut uga tedhaké Sang Prabu Dawud?"

46Ora ana wong siji waé sing bisa mangsuli. Wiwit dina kuwi ora ana wong sing wani ngaturaké pitakonan marang Gusti Yésus.



 <<  Matius 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel