Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mikha 1 >> 

1Nalika jamané Yotam, Ahas lan Hizkia jumeneng raja ing Yéhuda, Pangéran paring pangandika marang Nabi Mikha. Nabi Mikha kuwi asalé saka kutha Morèsyèt. Pangéran medharaké prekara-prekara iki kabèh marang Mikha bab Samaria lan Yérusalèm.

2Hé para bangsa, padha rungokna; hé sakèhé wong sing manggon ing bumi, rungokna! Pangéran Kang Mahakwasa dadi seksi kanggoné kowé. Rungokna! Panjenengané ngandika saka Papan Suci ing swarga.

3Pangéran rawuh saka Pedalemané Kang Suci; Panjenengané bakal rawuh lan tindak ngambah pucaking gunung-gunung.

4Gunung-gunung banjur bakal lèlèh kaya malam ana ing geni; banjur mili ing lembah-lembah, kaya banyu kaesokaké saka punthuk-punthuk.

5Kuwi kabèh bakal klakon merga umat Israèl wis gawé dosa lan nglawan marang Allah. Yèn Israèl nglawan kuwi salahé sapa? Samaria, kutha krajané Israèl dhéwé! Sapa sing salah, yèn Yéhuda nyembah brahala? Kuwi Yérusalèm dhéwé!

6Mulané Pangéran ngandika, "Samaria bakal Dakdadèkaké jugrugan ana ing ara-ara, panggonané wong nandur anggur. Jugrugané kutha bakal Dakbuwang menyang lembah, lan pondhasiné bakal Dakelèr.

7Brahala-brahalané sing larang regané bakal Dakgawé ajur-mumur, lan sakèhé opahané laku nylèwèng karo para sundel ing papan sing suci bakal Dakobong, sarta sakèhé reca ukir-ukiran bakal dadi uwuh ngundhung-undhung. Samaria migunakaké barang-barang kanggo sesaji marang déwané kasuburan, lan saiki para mungsuhé bakal ngusungi barang-barang mau digawa lunga kanggo sesaji ing liya panggonan."

8Nabi Mikha banjur ngandika, "Merga saka kuwi mau kabèh aku sedhih lan sesambat. Minangka pretandha enggonku nandhang sedhih, aku bakal mlaku tanpa trumpah lan sandhangan. Aku arep mbaung kaya asu ajag lan nangis kaya manuk unta.

9Tatuné Samaria wis ora kena ditambani, lan Yéhuda iya bakal nandhang sangsara kaya mengkono. Karusakan wis tekan gapurané Yérusalèm, panggonané bangsaku."

10Mungsuh kita ing Gat aja dikandhani yèn kita wis mèh kalah; aja nganti katon yèn kowé nangis. Wong Bèt-Le-Afra, padha nglosoda ana ing lebu!

11Hé wong Safir, lungaa menyang pembuwangan tanpa sandhangan karo nandhang wirang. Wong Zaaman ora wani metu saka kuthané. Menawa krungu tangisé wong Bèt-Haézel, kuwi tandhané yèn kowé ora kena ngungsi mrana.

12Wong Marot padha ngarep-arep banget anaa pitulungan, merga Pangéran wis nekakaké karusakan, mangka kuwi wis saya cedhak karo Yérusalèm.

13Hé wong sing padha manggon ing Lakhis, jaran-jaran padha rakitna ing kréta-krétaning perang. Kowé wis niru dosané Israèl, nganti marakaké Yérusalèm iya gawé dosa.

14Saikiné, hé wong-wong Yéhuda, kowé padha pamita karo kutha-kutha Morèsyèt-Gat. Ratuné Israèl bakal ora olèh pitulungan saka kutha Akhzib.

15Hé wong Marésya, kowé bakal kaulungaké déning Pangéran marang mungsuh, sing bakal nelukaké kuthamu. Para penggedhéné Israèl sing hébat-hébat bakal padha ndhelik ing guwa-guwa Adulam.

16Hé wong Yéhuda, cukuren rambutmu lan nangisana anak-anakmu sing koktresnani. Dadia gundhul kaya manuk garudha, merga anak-anakmu bakal kaboyong menyang pembuwangan.



 <<  Mikha 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel