Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mikha 4 >> 

1Mbésuk gunung sing didegi Pedalemané Allah kuwi bakal dadi dhuwur dhéwé ketimbang karo gunung-gunung liyané. Bangsa-bangsa bakal padha gemrudug mrono.

2Wong-wong mau bakal padha kandha mengkéné, "Ayo padha munggah menyang gunungé Pangéran, menyang Pasucèné Allahé Israèl. Sebab Panjenengané bakal nedahaké bab kersané sing kudu kita lakoni. Supaya kita padha mlakua ana ing lurung-lurung sing dipilih kanggo kita. Merga saka Yérusalèm bakal ana pituduh; lan saka Sion Pangéran bakal ngandika marang kita."

3Panjenengané bakal ngadili para bangsa, lan jumeneng dadi wasit tumraping bangsa-bangsa sing gedhé, sing manggoné cedhak utawa adoh. Pedhang-pedhangé bakal padha digemblèng dadi kajèn lan tumbak-tumbaké dadi arit. Para bangsa ora bakal padha perang menèh, lan wong-wong bakal padha ora nganakaké latihan perang.

4Angger wong bakal urip kanthi tentrem, ngadhepi kebon anggur lan keboné anjir dhéwé-dhéwé, sarta ora ana prekara sing diwedèni. Pangéran, Allah Kang Mahakwasa sing janji mengkono.

5Saben bangsa ing bumi iki nyembah lan ngabekti marang déwané. Nanging kita bakal ngabekti marang Pangéran, Allah kita ing salawasé.

6Pangandikané Pangéran, "Dinané wis cedhak, Aku bakal nglumpukaké wong-wong sing Dakukum dadi siji, yakuwi sing padha nandhang sangsara ana ing pembuwangan.

7Wong mau padha pincang, mangka adoh saka tanahé. Nanging kekarèné wong-wong mau bakal Dakbangun dadi bangsa anyar sing gedhé. Aku, Pangéran Allahé, bakal jumeneng dadi ratuné ana ing Gunung Sion, wiwit saiki nganti ing selawas-lawasé."

8Lan saka kutha Yérusalèm, Gusti Allah bakal ngreksa umaté kaya pangon, sebab Yérusalèm bakal bali dadi kutha krajanmu menèh.

9Yagéné kowé sesambat seru? Yagéné kowé nglarani kaya wong wadon sing arep babaran? Apa merga kowé padha ora duwé ratu, lan para penggedhému padha mati?

10Hé wong Yérusalèm, padha sesambata lan ngadhuh-adhuha kaya wong wadon sing arep babaran, sebab saiki kowé kudu metu saka kutha menyang pedésan. Kowé bakal kaboyong menyang tanah Babil, nanging ana ing kana Pangéran bakal ngluwari kowé saka tangané para mungsuhmu.

11Akèh bangsa padha nglumpuk arep nyerang kowé, kandhané, "Yérusalèm kudu diremuk! Kutha kuwi dadèkna jugrugan!"

12Nanging bangsa-bangsa iki ora padha ngerti sing dadi rancangané Allah. Ora padha ngerti yèn enggoné kaklumpukaké dadi siji kuwi merga arep ditumpes, kaya gandum sing diklumpukaké ana ing penggilingan.

13Pangandikané Pangéran mengkéné, "Hé wong Yérusalèm, padha metua, tumpesen mungsuh-mungsuhmu! Kowé bakal Dakgawé rosa kaya sapi lanang sing sunguné wesi, lan sirahé kaya tembaga. Mula kowé bakal ngremuk bangsa akèh, lan raja-brana akèh saka enggoné njarah-rayah bakal koksaosaké marang Aku, Pangérané langit lan bumi."



 <<  Mikha 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel