Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mikha 5 >> 

1(4-14) Hé wong Yérusalèm, nyuwuna pitulungan marang Pangéran! Kita padha dikepung! Wong-wong kuwi padha nyerang pemimpiné Israèl!

2(5-1) Pangandikané Pangéran, "Hé Bètléhèm Éfrata, kowé kuwi kutha cilik ing tanah Yéhuda, nanging saka kono Aku bakal nekakaké ratu kanggo Israèl, sing sarasilahé kawiwitan ing jaman kuna mula."

3(5-2) Mulané Pangéran bakal négakaké umaté dijajah déning mungsuh-mungsuhé nganti tekan wektuné wong wadon sing pinesthi nglairaké calon-ratu mau wis klakon mbabar putrané kakung. Sawisé mengkono kekarèné seduluré sing ana ing pembuwangan bakal padha bali nunggal karo umaté dhéwé.

4(5-3) Sang Ratu mau samasa rawuh bakal ngerèh rakyaté nganggo pangwasané Pangéran lan kalawan kaluhurané Allah piyambak. Umat kagungané bakal manggon kanthi tentrem, merga wong ing salumahing bumi padha ngakoni kaluhurané Sang Prabu, lan Panjenengané bakal nekakaké katentreman.

5(5-4) (5:4-5) Samasa Asyur nyerbu negara kita lan mbedhah témbok kita, kita bakal nekakaké prejurit-prejurit pilihan nanggulangi mungsuh mau. Asyur banjur bakal ditelukaké nganggo pedhang, lan saterusé njaga supaya aja nganti negara kita kena diserbu déning Asyur menèh.

6(5-5) (5:5)

7(5-6) Kekarèné Israèl sing isih urip bakal kautus déning Pangéran kaya ebun sing nyegeraké bangsa akèh, kaya udan sing nyiram tanduran. Israèl bakal ngendelaké marang Pangéran, ora marang manungsa.

8(5-7) Kekarèné bangsa-bangsa sing isih urip bakal kaya singa golèk pangan ana ing alas-alas lan ing pangonan; yèn wis mlebu, banjur nubruki lan wedhusé disempal-sempal, mula ora ana pengarep-arep bisa oncat.

9(5-8) Israèl bakal nelukaké mungsuh-mungsuhé sarta disirnakaké.

10(5-9) Pangandikané Pangéran mengkéné, "Ing wektu kuwi jaran-jaranmu lan krétamu perang bakal Dakpundhut lan Daksirnakaké.

11(5-10) Kutha-kutha ing negaramu bakal Daksirnakaké lan bètèng-bètèngmu Dakbubrahi.

12(5-11) Japa mantramu lan jimat-jimat bakal Daksirnakaké; kowé bakal ora ngendelaké ramalané nujum utawa tukang ramal.

13(5-12) Recamu ukir-ukiran lan tugu-tugumu suci bakal Dakgempur, sarta kowé bakal ora nyembah brahala gawéané tanganmu dhéwé.

14(5-13) Reca-recané Déwa Asyéra ing tanahmu bakal Dakrubuhaké lan kutha-kuthamu bakal Daktumpes tapis.

15(5-14) Aku bakal males sakèhing bangsa sing padha ora ngèstokaké dhawuh-Ku nganggo paukuman."



 <<  Mikha 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel