Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mikha 6 >> 

1Rungokna gugatané Pangéran kanggo Israèl. Dhuh Pangéran, mugi kersa jumeneng lan ngajengaken gugatan Paduka kanggé Israèl, supados gunung-gunung lan punthuk-punthuk sami mireng.

2Hé gunung-gunung, pondhasiné bumi sing langgeng, padha ngrungokna gugatané Pangéran! Pangéran nggugat umaté, lan mrekarakaké Israèl.

3Pangandikané Pangéran, "Umat-Ku! Aku wis nindakaké apa kanggo kowé? Apa aku ngebot-eboti kowé? Ngunjukna wangsulan.

4Kowé Dakirid metu saka tanah Mesir, kowé Dakluwari saka enggonmu dadi batur-tukon. Aku ngutus Musa, Harun lan Miryam nuntun kowé.

5Élinga marang apa sing dirancang déning Balak raja ing Moab kanggo kowé, lan wangsulané Biléam bin Béor. Élinga marang lelakon wiwit saka Lebak Sitim tekan Gilgal, supaya kowé ngakonana pendamel-pendamelé Pangéran kanggo nylametaké kowé."

6Aku nyaosi apa marang Pangéran, Allah ing langit lan bumi, samasa aku sowan sujud marang Panjenengané? Apa pedhèt sing becik dhéwé kanggo kurban obongan konjuk marang Panjenengané?

7Apa Pangéran rena penggalihé yèn aku nyaosaké wedhus éwon lan lenga zaitun sing mili kaya kali? Apa arep dakcaosi kurban anakku sing mbarep, minangka panebusing dosa-dosaku?

8Ora! Pangéran wis ngandika apa sing becik kagem Panjenengané. Pepundhutané marang kita kuwi mengkéné: penggawé sing adil, nandukaké katresnan lan andhap-asor ing pesrawungan karo Panjenengané.

9Pangabekti marang Pangéran kuwi kawicaksanan sing sejati. Panjenengané ngandika marang wong sing padha manggon ing kutha, "Rungokna, hé kowé sing padha manggon ana ing kutha!

10Ing omahé wong ala ana tumpukan raja-brana sing asalé saka tumindak ala. Wong-wong mau padha migunakaké ukuran lan takeran palsu sing banget Daksengiti.

11Aku rak ora bisa ngapura wong sing padha migunakaké timbangan palsu utawa bandhul timbangan sing goroh?

12Hé, kowé wong sugih sing padha dhemen ngapusi.

13Merga saka dosa-dosamu kowé wiwit saiki Dakajar.

14Kowé bakal mangan, nanging ora krasa wareg, lan pancèn, kowé bakal tansah krasa luwé. Kowé bakal njupuki barang rupa-rupa, nanging ora bisa nyimpen. Apa sing koksimpen mau bakal Daksirnakaké ing peprangan.

15Kowé bakal nyebar gandum, nanging ora bakal ngenèni. Kowé bakal mipit lenga saka woh zaitun, nanging ora bisa migunakaké. Kowé bakal gawé anggur, nanging ora ngombé.

16Kuwi kabèh bakal kelakon, merga kowé wis padha nganut prenatan ala sing ditetepaké déning Raja Omri lan Raja Ahab, anaké. Kowé padha nerusaké netepi prenatan-prenatan mau, mulané kowé bakal Daktumpes, nganti kowé bakal dadi poyokané saben wong. Lan anaa ing ngendi waé kowé bakal dianggep wong sing ora kanggo."



 <<  Mikha 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel