Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mikha 7 >> 

1Cilaka temenan! Aku kaya wong kaliren sing golèk woh-wohan sing kari ana wit anggur, nanging ora nemu apa-apa. Sakèhé woh anggur lan woh ara wis entèk diundhuhi kabèh.

2Ing tanah kéné wongé mursid wis entèk, wis ora ana wong sing setya marang Allah. Angger wong ngentèni wektu bisané matèni pepadhané. Siji lan sijiné padha gentèn ngarah patiné seduluré dhéwé.

3Padha ahli nindakaké piala. Penggedhé lan hakim padha ngarah besel. Para penggedhé gawé putusan manut karepé dhéwé lan gawé rancangan bebarengan.

4Senajan wong sing dianggep becik lan jujur dhéwé ing antarané wong-wong mau, kuwi ora ana ajiné, ora béda kaya grumbul lateng. Wis tekan wektuné wong-wong mau padha diukum déning Pangéran, kaya pepéling sing diwedharaké déning para nabiné. Wong-wong mau banjur padha bingung.

5Aja padha ngandel karo tanggamu, lan aja precaya karo kanca. Enggonmu caturan sing ngati-ati, senajan karo bojomu dhéwé.

6Ing wektu kuwi anak lanang bakal nganggep bapakné wong bodho, anak wadon bakal nglawan ibuné, lan mantu wadon nglawan ibuné mara tuwa; sing dadi mungsuh yakuwi wong-wong sing tunggal saomah.

7Nanging pengarep-arep kita marang Gusti Allah kanthi yakin, yèn Panjenengané bakal midhangetaké pandonga kita sarta bakal nylametaké kita.

8Para mungsuh kita aja nganti seneng ndeleng kita nandhang sangsara. Kita pancèn wis padha tiba, nanging banjur tangi menèh. Saiki kita padha ana ing pepeteng, nanging Pangéran bakal paring pepadhang marang kita.

9Kita wis padha gawé dosa marang Pangéran, mulané ing sawetara wektu kita kudu ngrasakaké paukumané. Nanging wekasané Panjenengané bakal ngampingi kita. Panjenengané bakal nuntun kita menyang pepadhang; kita bakal padha urip lan nyipati pitulungané Allah marang kita.

10Ing kono para mungsuh kita bakal padha kwirangan !!— yakuwi wong-wong sing biyèn padha memoyok, "Ana ing ngendi Pangéran, Allahmu?" Kita bakal nyipati ambruké wong-wong mau, enggoné diidak-idak kaya blethok ana ing dalan.

11Hé wong Yérusalèm, wis tekan titi-mangsané mbangun témbok-témbokmu. Ing wektu kuwi daérahmu bakal kajembaraké.

12Wong-wongmu bakal padha bali menèh, saka ngendi-endi. Saka Asyur ing Wétan, saka Mesir ing Kidul, saka daérah Éfrat, saka segara-segara lan gunung-gunung sing adoh.

13Nanging bumi bakal dadi cengkar merga saka pialané wong-wong sing padha manggon ing kono.

14Dhuh Pangéran, mugi kersa ngengèn umat Paduka, inggih umat pilihan Paduka piyambak. Senajan sami manggèn pating prenca wonten ing ara-ara samun, selaminipun badhé manggih siti ingkang subur ing sakiwa-tengenipun. Sami kagiringa dhateng pangènan ing Basan lan ing Giléad ingkang kathah rumputipun, supados sami saged nedha tuwuk, kados ing jaman rumiyin.

15Dhuh Pangéran, mugi Paduka ngetingalaken kaélokan-kaélokan dhateng kawula kados ing jamanipun Paduka ngirid kawula medal saking tanah Mesir.

16Bangsa-bangsa badhé sami sumerep sarta sami kisinan, senajan sami gadhah kekiyatan ageng. Tiyang-tiyang wau badhé semplah manahipun lan sami nutupi cangkem lan kupingipun.

17Sami badhé glimpangan wonten ing siti kados sawer, sarta sami medal saking bètèng-bètèngipun, kalayan ajrih lan gemeter. Tiyang-tiyang wau badhé sami mratobat dhateng Pangéran, Allah kita.

18Dhuh Allah, mboten wonten Allah ingkang kados Paduka. Paduka paring pangapunten dhateng dosa-dosanipun umat Paduka, ingkang taksih gesang. Mboten selaminipun Paduka mbendoni, malah Paduka rena nandukaken sih-kamirahan dhateng umat Paduka.

19Paduka badhé melasi kawula sepisan malih. Dosa-dosa kawula badhé Paduka idak-idak lan Paduka bucal ing tengahing seganten!

20Paduka badhé ngetingalaken sih Paduka ingkang langgeng dhateng umat Paduka, anak-turunipun Abraham lan Yakub, kados ingkang sampun Paduka janjèkaken kalayan supaos wiwit ing jaman kina!



 <<  Mikha 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel