Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 11 >> 

1Tindaké Gusti Yésus lan wong akèh mau wis mèh tekan kutha Yérusalèm. Nuli padha mampir ana ing désa Bètfagé lan désa Bètani, ing sacedhaké Gunung Zaitun. Gusti Yésus banjur utusan muridé loro ndhisiki tindaké,

2dhawuhé: "Kowé padha menyanga ing désa ngarep kuwi. Salebumu ing désa kono, kowé bakal padha weruh belo dicencang. Belo mau durung tau ana sing nunggangi. Uculana, banjur gawanen mréné.

3Yèn ana wong nakoni kowé, apa sebabé belo mau kokuculi, wangsulana: ‘Gusti sing arep nitih kuldi iki. Mengko yèn uwis, arep énggal dibalèkaké menèh.’"

4Murid loro mau nuli padha mangkat lan nemu beloné, kacencang ing gapuraning désa, ana ing pinggir dalan. Belo mau banjur padha diuculi.

5Ana wong sawetara sing padha ana ing kono ngaruh-aruhi: "Lho! Beloné kokkokuculi?"

6Murid-murid mau padha mangsuli kaya sapiwelingé Gusti Yésus. Wong-wong mau banjur padha meneng waé.

7Beloné nuli dituntun menyang ngarsané Gusti Yésus. Murid-murid banjur nguculi jubahé, dilèmèkaké ing gegeré belo, Gusti Yésus banjur nitih.

8Wong akèh banjur padha nggelar jubahé ana ing dalan sing dilangkungi déning Gusti Yésus. Uga ana wong-wong sing padha nyoklèki pang-pang sing isih ijo ana ing pategalan, padha dijèrèng ana ing dalan sing dilangkungi déning Gusti Yésus.

9Wong-wong sing padha mlaku ana ing sangarepé lan samburiné Gusti Yésus kabèh padha nguwuh: "Pinujia Pangéran.

10Binerkahana sing rawuh atas asmané Gusti Allah. Langgenga kratoné Sang Prabu Dawud, leluhur kita! Pinujia asmané Gusti Allah!"

11Gusti Yésus banjur mlebet ing kutha Yérusalèm, tindak menyang Pedalemané Allah. Panjenengané mirsani samubarang sing ana ing kono. Nanging sarèhné wis surup, Gusti Yésus banjur tindak menyang désa Bètani, kadhèrèkaké déning para muridé rolas.

12Ésuké Gusti Yésus lan murid-muridé padha tindak menèh saka séda Bètani. Gusti Yésus kraos luwé.

13Saka kadohan Panjenengané pirsa ana wit anjir sing godhongé ketel banget. Gusti Yésus marani wit mau, mirsani mbokmenawa ana wohé. Nanging bareng wis tekan ing kono, mung manggih godhong thok, ora ana wohé siji-sijia, sebab pancèn durung ungsumé.

14Gusti Yésus banjur ngandika: "Wiwit saiki bakal ora ana wong sing mangan wohmu menèh ing selawas-lawasé!" Para muridé padha krungu pangandika kuwi mau.

15Bareng wis padha tekan ing kutha Yérusalèm, Gusti Yésus banjur tindak mlebu ing Pedalemané Allah. Wong-wong sing padha dol-tinuku ing Pedaleman kono nuli padha didhawuhi metu. Méja-méjané tukang ngijoli dhuwit, semono uga bangku-bangkuné wong-wong sing adol dara, padha diglimpangaké.

16Wong-wong sing padha teka nggawa dagangané arep mlebu ing papan pangibadah, padha dicegah.

17Wong-wong mau padha dingandikani: "Apa kowé padha ora ngerti yèn ana tulisan mengkéné: ‘Omah-Ku bakal disebut papan pangibadahé sakèhing para umat.’ Nanging saiki malah kokdadèkaké papan pandhelikané maling-maling."

18Bareng para pengareping imam lan para ahli Torèt padha krungu pangandikané Gusti Yésus mau, banjur padha golèk dalan bisané nyédani Panjenengané. Wong-wong mau padha wedi karo Gusti Yésus, merga wong kabèh padha kepranan karo piwulangé.

19Bareng wis soré Gusti Yésus lan para muridé padha tindak menèh, metu saka kutha kono.

20Ésuké Gusti Yésus lan para muridé padha tindak, ing dalan pirsa wit anjir sing winginé disupatani Gusti Yésus. Wit kuwi jebul wis mati, nganti tekan oyodé pisan.

21Rasul Pétrus banjur kèlingan lelakoné wit anjir mau, nuli matur: "Guru, wit anjir ingkang Panjenengan supaosi menika sampun pejah."

22Gusti Yésus ngandika: "Padha ngandela! Menawa kowé precaya marang Gusti Allah,

23kowé padha bisa akon punthuk kuwi, ‘mumbula lan ambyura ing segara’, kuwi mesthi bakal kelakon, angger ora mangu-mangu. Menawa precaya temenan, apa sing kokkandhakaké mau mesthi bakal kelakon.

24Mulané kowé padha Dakkandhani: Menawa kowé ndedonga nyuwun apa-apa, padha precayaa, yèn apa sing koksuwun kuwi wis diparingaké. Dadi apa waé sing koksuwun bakal ketutugan.

25Menawa kowé lagi ndedonga, apuranen kabèh wong sing duwé keluputan karo kowé, supaya Ramamu ing swarga iya ngapura keluputan-keluputanmu.

26[Menawa kowé ora padha ngapura keluputaning liyan, Ramamu ing swarga uga ora bakal ngapura keluputan-keluputanmu.]"

27Gusti Yésus lan para muridé padha tekan kutha Yérusalèm menèh. Bareng Gusti Yésus tindak-tindak ana ing Pedalemané Allah, para pengareping imam, para ahli Torèt, tuwin para pinituwa, banjur padha marani.

28Wong-wong mau padha matur marang Gusti Yésus: "Panjenengan nindakaken prekawis-prekawis menika adhedhasar pangwaos menapa? Sinten ingkang nyukani wewenang dhateng Panjenengan nindakaken menika sedaya?"

29Gusti Yésus ngandika: "Aku arep takon karo kowé saprakara waé. Menawa pitakon-Ku wis kokwangsuli, kowé bakal gentèn Dakkandhani bab wewenang-Ku nindakaké prekara-prekara mau kabèh.

30Coba wangsulana, Nabi Yohanes kuwi enggoné mbaptis olèh wewenang saka sapa. Saka Gusti Allah, apa saka manungsa?"

31Para pengareping imam, para ahli Torèt lan para pinituwa mau banjur padha rembugan dhéwé: "Yèn awaké dhéwé kandha: ‘Saka Gusti Allah’, dhèwèké mesthi bakal takon: ‘Kena apa kowé kokpadha ora precaya marang Nabi Yohanes?’

32Yèn awaké dhéwé kandha: ‘Saka manungsa’, kuwi ora bisa." (Wong-wong mau padha wedi marang wong akèh, sebab kabèh padha yakin, yèn Yohanes kuwi nabi.)

33Mulané wong-wong mau banjur padha matur marang Gusti Yésus: "Kula sami mboten mangertos." Gusti Yésus banjur ngandika: "Yèn ngono Aku uga ora bakal ngandhakaké marang kowé, saka ngendi asalé pangwasa-Ku nindakaké kuwi mau kabèh."



 <<  Markus 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel