Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 14 >> 

1Riaya Paskah lan Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi mung kari rong dina menèh. Paskah kuwi riayané agama Yahudi. Ing dina mau wong padha mangan roti tanpa ragi. Para pengareping imam lan para ahli Torèt isih padha golèk dalan enggoné arep nyekel lan nyédani Gusti Yésus.

2Kandhané wong-wong mau: "Bab iki aja ditindakaké ing dina riaya; mundhak marakaké gègèran."

3Gusti Yésus ana ing désa Bètani, mertamu ing omahé Simon sing wis tau lara kusta. Nalika Panjenengané lagi dhahar, ana wong wadon mlebu ing omah kono, nggawa botol isi lenga sing kagawé saka oyod-oyod sing wangi. Lenga wangi mau regané larang. Guluné botol dipecah, lengané diesokaké ing mestakané Gusti Yésus.

4Wong sawetara sing ana ing kono padha nepsu karo grundelan: "Apa ngono kuwi ora jeneng ngebrèh?

5Nèk lenga kuwi diedol rak payu telung atus dinar, banjur dhuwité kena diwènèhaké wong-wong miskin." Wong-wong mau padha ngluputaké wong wadon kuwi.

6Gusti Yésus banjur ngandika: "Mbok wis ta, padha enengna waé! Yagéné kowé kokpadha cawé-cawé? Wong kuwi nindakaké prekara sing becik tumrap Aku.

7Wong miskin rak selawasé ana ing antaramu. Nèk gelem, kowé padha bisa mènèhi pitulungan marang wong-wong mau. Nanging Aku rak ora selawasé ana ing antaramu.

8Wong wadon iki wis nglakoni apa mesthiné, yakuwi nyawisaké badan-Ku sadurungé kakubur.

9Ngandela, ing ngendi waé, ing donya iki, angger Injil kaundhangaké, ing kono apa sing dilakoni wong wadon iki uga bakal dicritakaké, supaya srana mengkono dadi pengéling-éling marang wong kuwi ing selawasé."

10Yudas Iskariot, panunggalané para murid rolas, nemoni para pengareping imam arep ngulungaké Gusti Yésus.

11Para pengareping imam bareng krungu rancangané Yudas Iskariot mau, padha seneng banget lan janji arep mènèhi dhuwit. Yudas Iskariot banjur golèk dalan, kepriyé bisané ngulungaké Gusti Yésus.

12Nalika semana lagi Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi, dina sing kapisan. Ing dina kuwi wong padha nyembelèh cempé kanggo Paskahan. Para muridé Gusti Yésus padha matur: "Gusti ngersakaken kita sami nyawisaken dhahar Paskah wonten ing pundi?"

13Gusti Yésus banjur ngutus murid loro, didhawuhi mengkéné: "Kowé padha menyanga kutha. Ana ing kono kowé bakal padha kepethuk karo wong lanang lagi nggawa kendhi. Wong kuwi etutna.

14Endi omahé sing dileboni, sing duwé omah temonana, lan kandhaa: ‘Gusti ndangu: Endi panggonan sing arep Dakenggo dhahar Paskah karo para murid-murid-Ku?’

15Wong mau bakal nuduhaké panggonané ana kamar ing dhuwur, kamar gedhé, sing wis ditata apik, kabèh wis cumawis. Ing kono kowé padha nyawisna Paskah kanggo kita kabèh."

16Murid loro mau banjur padha mangkat menyang kutha. Kabèh tinemu kaya sing didhawuhaké déning Gusti Yésus. Murid-murid mau banjur padha nyawisaké dhahar Paskah ana ing kono.

17Bareng wis wayah soré, Gusti Yésus lan para muridé rolas, padha munggah menyang ing panggonan sing dicawisaké mau.

18Nalika wis padha kembul dhahar ana ing méja, Gusti Yésus ngandika: "Ana murid-Ku, sing saiki lagi kembul mangan ing kéné, bakal ngulungaké Aku."

19Murid-muridé banjur padha dadi susah, sarta padha genti-gentèn matur marang Gusti Yésus: "Rak sanès kula ta Gusti?"

20Nanging Gusti Yésus ngandika: "Pancèn panunggalanmu wong rolas iki. Mengko sapa sing nyelupaké rotiné ana ing pinggan bareng karo Aku, yakuwi wongé.

21Putraning Manungsa bakal séda, kuwi wis katulis ing Kitab Suci. Nanging bilai wong sing ngulungaké Putraning Manungsa. Luwih becik saupama wong kuwi biyèn ora dilairaké."

22Nalika lagi padha mangan, Gusti Yésus banjur mundhut roti. Sawisé saos panuwun marang Gusti Allah, roti mau dicuwil-cuwil, diparingaké marang murid-muridé, karo ngandika: "Padha panganen. Iki badan-Ku!"

23Gusti Yésus nuli mundhut tuwung isi anggur, banjur ngaturaké panuwun marang Gusti Allah. Sawisé mengkono, tuwungé banjur diparingaké marang para muridé. Kabèh padha ngombé gentènan.

24Gusti Yésus banjur ngandika: "Iki getih-Ku sing diwutahaké kanggo wong akèh, kanggo pikukuhing prasetyané Gusti Allah.

25Nanging kowé padha Dakkandhani, yèn Aku ora bakal ngombé anggur menèh nganti Aku ngombé anggur anyar ana ing Kratoné Allah."

26Gusti Yésus lan murid-muridé banjur padha ngrepèkaké kidung pamuji. Sawisé kuwi banjur padha tindak menyang Gunung Zaitun.

27Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: "Kowé bakal padha keplayu lan ninggal Aku. Sebab wis katulis ana ing Kitab Suci, yèn Gusti Allah bakal matèni pangoné, lan wedhus-wedhusé bakal padha buyar.

28Nanging sawisé Aku ditangèkaké menèh, Aku bakal lunga menyang tanah Galiléa, ndhisiki kowé."

29Pétrus mangsuli: "Mboten! Senajan para murid sanès-sanèsipun sami nilar Panjenengan, kula mesthi mboten."

30Gusti Yésus banjur ngandika: "Titènana, bengi iki uga, sadurungé jago kluruk ping pindho, kowé bakal kandha nganti ping telu, yèn kowé ora kenal karo Aku."

31Pétrus banjur matur menèh: "Saèstu, mboten badhé kelampahan! Senajan kula kedah pejah sareng kaliyan Panjenengan, kula mesthi mboten badhé criyos, bilih kula mboten tepang kaliyan Panjenengan." Para murid liyané iya padha kandha mengkono.

32Gusti Yésus lan para muridé padha tindak menyang taman sing jenengé Gètsémané. Ana ing kono Gusti Yésus banjur ngandika karo para muridé: "Padha ngentènana ana ing kéné. Aku arep ndedonga."

33Gusti Yésus banjur dhawuh marang Pétrus, Yakobus lan Yohanes, supaya padha ndhèrèk. Gusti Yésus kraos wedi lan giris.

34Pangandikané marang muridé telu sing padha ndhèrèk: "Aku sedhih banget. Rasané kaya arep mati. Aku entènana ana ing kéné, lan aja padha turu."

35Gusti Yésus banjur tindak rada adoh saka kono, banjur sumungkem ana ing lemah, ndedonga. Ana ing pandongané mau Panjenengané nyuwun, yèn kepareng, supaya ora susah ngalami lelakon sing mengkono kuwi.

36Aturé: "Dhuh Rama, mboten wonten barang ingkang mokal kagem Paduka. Menawi wonten kepareng Paduka, kasangsaran menika kasingkirna saking kawula. Nanging sampun ngantos pikajeng kawula, namunga kersa Paduka kémawon ingkang kelampahan."

37Sawisé mengkono Gusti Yésus banjur tindak ing panggonané murid-murid sing padha ngentèni, ketemu lagi padha turu. Gusti Yésus banjur ngandika marang Pétrus: "Simon! Yagéné kowé kokturu? Apa kowé ora kuwat melèk sajam waé?"

38Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé mau: "Padha melèka, lan padha ndedongaa, supaya kowé aja nganti dikalahaké déning panggodha. Pancèn rohmu kepéngin nglakoni apa sing becik, nanging ora bisa, sebab daging kuwi sèkèng."

39Gusti Yésus banjur ndedonga menèh, kanthi matur padha kaya mau.

40Sawisé kuwi banjur tindak menèh ing panggonané murid-muridé, kang lagi padha turu menèh. Murid-muridé mau padha ngantuk banget. Mulané padha ora bisa mangsuli apa-apa.

41Bareng Gusti Yésus rawuh sing kaping teluné, Panjenengané banjur ngandika: "Lho, kowé kokpadha turu menèh? Saiki wis tekan wektuné Putrané Manungsa diulungaké lan dipasrahaké marang pangwasané para wong dosa.

42Wis, padha tangia, lan ayo padha lunga. Delengen, wong sing ngulungaké Aku wis teka!"

43Nalika Gusti Yésus isih ngandika karo para muridé, dumadakan Yudas Iskariot teka. Yakuwi panunggalané muridé Gusti Yésus wong rolas. Yudas mau tekané bareng karo wong akèh sing padha nggawa pedhang lan penthung. Wong-wong mau padha diutus déning para pengareping imam, para ahli Torèt lan pemimpin-pemimpiné wong Yahudi.

44Yudas wis mènèhi tandha marang wong-wong mau, mengkéné: "Endi wong sing dakambung, yakuwi wongé. Cekelen, banjur gawanen lunga, lan jaganen sing kuwat."

45Nalika Yudas tekan ing kono, banjur marani Gusti Yésus karo muni: "Bapak Guru!," banjur ngambung Gusti Yésus.

46Wong-wong sing tekané bareng karo Yudas mau banjur padha ngebyuk. Gusti Yésus dicekel, banjur dibanda.

47Nanging ana salah sijiné wong ing kono, sing ngunus pedhangé, banjur disabetaké abdiné Imam Agung nganti kupingé tatas.

48Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: "Apa Aku iki kokanggep wong ala, kokenggonmu nyekel Aku padha nggawa pedhang lan penthung?

49Saben dina Aku rak ana ing ngarepmu, memulang ana ing Pedalemané Allah; kowé kokpadha ora nyekel Aku. Nanging pancèn wis kuduné mengkono, supaya kelakon apa sing wis katulis ana ing Kitab Suci."

50Para muridé Gusti Yésus nuli padha mlayu, Panjenengané ditinggal piyambakan.

51Ana nom-noman sing ngetutaké Gusti Yésus, mung nganggo klambi salembar saka mori. Wong-wong padha arep nyekel dhèwèké,

52nanging nom-noman mau bisa uwal, mung klambiné sing kèri, banjur mlayu tanpa klambi.

53Gusti Yésus digawa menyang dalemé Imam Agung. Ing kono para pengareping imam, para penggedhéné bangsa Yahudi, lan para ahli Torèt lagi padha ngumpul.

54Pétrus ngetutaké Gusti Yésus saka kadohan, nganti mlebu ing platarané dalemé Imam Agung. Ana ing kono Pétrus banjur lungguh cedhak bedhiyang, bebarengan karo para prejurit.

55Para pengareping imam lan pegawé Pradataning Agama kabèh padha ngudi bisané olèh bukti-bukti, supaya Gusti Yésus pantes diukum pati. Nanging wong-wong mau padha ora olèh apa-apa.

56Akèh seksi-seksi sing padha awèh paseksi goroh bab Gusti Yésus, lan paseksiné mau siji lan sijiné padha sulaya.

57Banjur ana seksi-seksi sawetara sing ngadeg, ngandhakaké paseksi goroh uga bab Gusti Yésus.

58Paseksiné mengkéné: "Kula sami mireng, bilih tiyang menika criyos: ‘Aku bakal ngrubuhaké Pedalemané Allah sing dibangun déning manungsa iki, lan sajroné telung dina bakal mbangun Pedalemané Allah sing dudu gawéané manungsa.’"

59Nanging paseksiné wong-wong kuwi uga padha cengkah siji lan sijiné.

60Imam Agung tumuli ngadeg ana ing ngarepé wong-wong kabèh mau, banjur takon marang Gusti Yésus: "Apa kowé ora mangsuli babar-pisan pandakwané wong-wong mau marang kowé?"

61Gusti Yésus mèndel waé, ora ngandika babar-pisan. Imam Agung banjur takon sepisan menèh: "Apa kowé kuwi Sang Kristus, sing dijanjèkaké déning Gusti Allah? Apa kowé kuwi Putraning Allah Kang Mahasuci?"

62Gusti Yésus ngandika: "Iya, bener pangandikamu. Panjenengan kabèh bakal pirsa, yèn Putrané Manungsa bakal lenggah ing sisih tengené Kang Mahakwasa. Lan panjenengan bakal padha pirsa Putrané Manungsa rawuh ana ing méganing langit."

63Sakal Imam Agung banjur nyuwèk-nyuwèk agemané, sarta ngandika: "Saiki ora prelu nganggo seksi menèh!

64Kowé wis padha krungu dhéwé enggoné nyenyamah Gusti Allah kuwi. Saiki kepriyé putusané?" Wong kabèh mau banjur padha sarujuk, yèn Gusti Yésus wajib diukum pati.

65Ana wong sawetara sing banjur ngidoni. Uga ana wong sing nutupi paningalé Gusti Yésus, banjur ngantemi Panjenengané, karo takon: "Coba bedhèken, sapa sing ngantemi kowé?" Para prejurit uga padha mèlu ngantemi Gusti Yésus.

66Nalika Pétrus isih ana ing plataraning dalemé Imam Agung, ana wong wadon abdiné Imam Agung sing marani.

67Bareng weruh Pétrus lagi bedhiyang, abdi wadon mau namataké rainé Pétrus, banjur kandha: "Kowé rak iya muridé Yésus, wong Nasarèt kuwi ta?"

68Nanging Pétrus sélak. Wangsulané Pétrus marang abdi mau: "Apa kandhamu? Aku ora ngerti karepmu!" Pétrus banjur mlaku menyang gapura. Nalika semana banjur ana jago kluruk.

69Abdi wadon mau banjur nyedhaki Pétrus menèh. Lan dhèwèké ngandhani wong-wong sing ana ing kono: "Wong iki rak iya muridé Yésus kuwi ta?"

70Nanging Pétrus sélak menèh. Durung sepira suwéné, wong-wong sing ana ing kono banjur kandha menèh marang Pétrus: "Iya, saiki kowé ora bisa mukir, kowé pancèn golongané wong kuwi, sebab kowé uga wong Galiléa!"

71Pétrus banjur wiwit sumpah-sumpah, kandhané: "Mbok mati ta aku. Aku ora kenal karo wong sing kokkandhakaké kuwi!"

72Ing wektu kuwi uga jago kluruk kaping pindhoné. Pétrus banjur kèlingan, yèn Gusti Yésus naté ngandika marang dhèwèké: "Sadurungé jago kluruk rambah ping pindho, kowé bakal nyélaki Aku nganti ping telu; kandha yèn kowé ora tepung karo Aku." Mulané Pétrus banjur nangis kelara-lara.



 <<  Markus 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel