Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 3 >> 

1Gusti Yésus tindak menyang sinagogé menèh. Ing kono ana wong sing tangané céko siji.

2Lan ing kono uga ana wong-wong sing arep nggolèki salahé Gusti Yésus, supaya bisa nggugat marang Panjenengané. Mulané wong-wong mau tansah padha ngawasaké, apa Panjenengané arep marasaké wong ing dina Sabbat.

3Gusti Yésus dhawuh marang wong sing tangané céko sesisih mau: "Mrénéa, ngadega ana ing tengah kéné."

4Gusti Yésus nuli ndangu marang wong-wong sing ana ing kono: "Miturut prenataning agama, apa sing kena dilakoni ing dina Sabbat? Nindakaké penggawé sing becik, apa sing ala? Nylametaké wong, apa matèni?" Wong-wong mau ora ana sing kumecap siji-sijia.

5Gusti Yésus mirsani wong-wong mau karo duka, nanging uga prihatin, ngraosaké alané lan wangkoting atiné wong-wong mau. Panjenengané nuli ngandika marang wong sing céko mau: "Tanganmu athungna!" Wong mau nuli ngathungaké tangané, temah dadi waras.

6Wong-wong Farisi nuli padha metu saka sinagogé lan énggal-énggal padha rembugan karo wong-wong saka golongan Hérodès. Wong-wong mau padha ngrancang bab patrapé enggoné arep nyédani Gusti Yésus.

7Gusti Yésus lan para sekabaté padha nyingkir menyang Tlaga Galiléa. Akèh banget wong saka tanah Galiléa sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus.

8Éwasemono uga akèh wong sing tekané saka tanah sabrangé Kali Yardèn, lan saka sakubengé kutha-kutha Tirus lan Sidon. Wong-wong mau padha krungu warta bab pakaryané Gusti Yésus, mulané kabèh nuli padha gumrudug marani Panjenengané.

9Saking akèhé wong, Gusti Yésus banjur ndhawuhi para sekabaté nyawisaké prau, kagem lenggah Panjenengané, supaya aja diesuk-esuk déning wong akèh mau.

10Sarèhné Gusti Yésus wis marasaké wong sepirang-pirang, mulané saben wong sing duwé lelara terus padha ngesuk, merga kepéngin ndemèk Panjenengané, supaya dadi waras.

11Lan wong-wong sing padha kepanjingan dhemit, yèn padha weruh Gusti Yésus, nuli padha jèngkèng ing ngarsané sarta padha mbengok: "Panjenengan menika Putranipun Allah."

12Nanging Gusti Yésus menging para dhemit mau ngandhakaké marang wong-wong, bab Panjenengané kuwi sejatiné sapa.

13Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli minggah ing gunung karo wong sawetara sing dikersakaké ndhèrèk. Wong-wong mau banjur padha sowan.

14Saka wong-wong mau Gusti Yésus milih wong rolas, sing disebut rasul. Pangandikané Gusti Yésus marang wong rolas mau mengkéné: "Kowé wis Dakpilih supaya mèlu Aku. Aku uga bakal ngutus kowé martakaké Injiling Allah.

15Kowé bakal kaparingan pangwasa nundhungi dhemit-dhemit."

16Wong rolas sing dipilih déning Gusti Yésus mau yakuwi: Simon (sing diparabi Gusti Yésus: Pétrus),

17Yakobus lan Yohanes, seduluré. Wong loro kuwi padha anaké Zébedéus, sing déning Gusti Yésus padha diparabi: Boanèrgès, sing tegesé: "Anak Gludhug."

18Banjur Andréas, Filipus, Bartoloméus, Matius, Tomas, Yakobus anaké Alféus, Tadéus, Simon, sing diparabi: wong kendel,

19sarta Yudas Iskariot, sing ing tembé bakal ngulungaké Gusti Yésus.

20Gusti Yésus nuli kondur. Nanging wong akèh padha teka menèh, nganti Gusti Yésus lan para sekabaté ora kober dhahar.

21Bareng para seduluré Gusti Yésus padha krungu bab kuwi mau, banjur padha marani, arep njupuk Panjenengané, awit wong-wong ngarani yèn Gusti Yésus wis ora waras.

22Para ahli Torèt sing padha teka saka kutha Yérusalèm padha ngarani yèn Gusti Yésus wis klebon Iblis. Ana sing muni: "Enggoné bisa nundhungi dhemit kuwi merga olèh pangwasa saka penggedhéné dhemit."

23Gusti Yésus nuli nimbali wong akèh mau, sarta maringi pasemon sawetara. Pangandikané: "Rak mokal ta, yèn Iblis nundhung Iblis?

24Menawa ing sajroning negara ana pasulayan, lan para wargané padha memungsuhan siji karo sijiné, negara kuwi bakal ambruk.

25Mengkono uga menawa ing sajroning brayat ora ana kerukunan, lan wargané padha memungsuhan siji karo sijiné, brayat mau mesthi bakal bubrah.

26Mengkono uga menawa ing kratoné Iblis ana pembrontakan lan memungsuhan, kraton mau mesthi ora bisa lestari lan bakal sirna.

27Rak ora ana wong sing bisa mlebu ing omahé wong sing luwih rosa lan njarah rayah barang-darbèké wong mau? Bisané mung yèn duwé omah mau dibanda dhisik. Sawisé kuwi lagi barang-darbèké kena dirampog.

28Élinga! Sakèhing dosané manungsa lan sakèhing tembung ala sing diucapaké déning wong, bisa olèh pangapura.

29Nanging sapa sing nyenyamah Roh Suci, kuwi ora bakal olèh pangapura. Awit dosa kuwi dosa langgeng."

30(Gusti Yésus ngandika mengkono mau, merga ana wong singkandha yèn Panjenengané kuwi kadunungan roh reged.)

31Sawisé kuwi mau ibuné lan sedhèrèk-sedhèrèké Gusti Yésus padha teka. Wong-wong mau padha ngentèni ana ing njaba, lan padha kongkonan wong ngaturi Gusti Yésus supaya miyos.

32Nalika semono Gusti Yésus lagi dirubung wong akèh. Wong-wong mau nuli padha matur: "Guru, ibu tuwin sedhèrèk-sedhèrèk Panjenengan sami wonten ing njawi, badhé kepanggih Panjenengan."

33Pangandikané Gusti Yésus: "Ibu-Ku sapa? Lan sedulur-sedulur-Ku sapa?"

34Gusti Yésus nuli mirsani wong-wong sing padha lungguh ing sakubengé, banjur ngandika: "Iya iki ibu-Ku lan sedulur-sedulur-Ku!

35Awit sapa sing nglakoni kersané Gusti Allah, yakuwi sedulur-sedulur-Ku lanang lan sedulur-sedulur-Ku wadon, sarta ibu-Ku."



 <<  Markus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel