Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 104 >> 

1Dhuh nyawaku, saosa puji marang Allah. Dhuh Allah kawula, iba agenging kaluhuran Paduka, Paduka ngagem kawibawan lan kamulyan.

2Paduka kinemulan ing pepadhang. Langit Paduka penthèng kados téndha,

3Paduka yasa dalem ing sanginggiling toya. Méga Paduka agem dados titihan, Paduka tindak ing swiwining angin.

4Angin Paduka agem minangka utusan, lan kilat minangka pelados.

5Bumi Paduka degaken ing pondhasi ingkang sentosa, temah mboten badhé moyag-mayig ing selaminipun.

6Bumi wau Paduka kemuli mawi samodra, lan toya minggah nglangkungi redi-redi.

7Menawi Paduka dukani, toya-toya lajeng sami mlajeng; sami késah kalayan gugup, menawi mireng gemuruhing pangandika Paduka.

8Lajeng sami minggah ing redi lan medhak ing jurang-jurang, ing papan ingkang sampun Paduka temtokaken.

9Wates ingkang sampun Paduka temtokaken mboten badhé dipun langkungi, lan mboten badhé wangsul ngelebi bumi malih.

10Paduka ingkang ngawontenaken tuk-tuk mili dhateng ledhokan, saha lèpèn-lèpèn mili ing antawisipun redi-redi,

11minangka pecawisan ngombénipun kéwan-kéwan wana, wonten ing ngriku kuldi sami ngombé ngantos tuwuk.

12Ing sacelakipun ngriku sato ing awang-awang sami nyusuh lan sami ngocèh wonten ing pangipun wit-witan.

13Saking langit Paduka kintun jawah dhateng redi-redi, lan bumi kebak berkahing pakaryan Paduka.

14Rumput Paduka thukulaken minangka tedhaning kéwan, menapa déné tanem-tuwuh minangka rejekinipun manungsa. Supados manungsa saged nanemi siti ingkang ngedalaken tetedhan,

15lan anggur ingkang mbingahaken manahipun. Tuwin lisah zaitun ingkang damel rai sumringah, sarta roti ingkang ngiyataken badanipun.

16Wit-witan tanemané Allah piyambak, yakuwi wit-witan èrès ing Libanon, padha ketutugan udan.

17Ing wit-witan kono panggonané manuk-manuk padha nusuh, manuk khasidah ngenggoni wit beros.

18Gunung-gunung sing dhuwur dadi panggonané wedhus alasan; watu padhas dadi panggonané kancil ndhelik.

19Pangéran kang nitahaké rembulan minangka penanggalan, srengéngé ngerti wayahé angslup.

20Paduka ndhatengaken pepeteng, lajeng dados dalu, menika wancinipun sato wana sami saba.

21Singa-singa nèm sami medal mawi gero-gero, pados memangsan saking peparingipun Allah.

22Menawi srengéngé mlethèk, lajeng sami nglempak sedaya, lan sami ndhekem wonten ing pandhelikanipun.

23Manungsa inggih lajeng medal nyambut-damel, ngolah siti ngantos dumugi wanci sonten.

24Dhuh Pangéran, iba kathahipun prekawis ingkang Paduka titahaken, sedaya sami katitahaken kalayan kawicaksanan, salumahing bumi kebak titah Paduka.

25Paduka nitahaken seganten, ageng lan jembar, panggènanipun ulam kemruyuk ageng lan alit tanpa wicalan.

26Ing seganten wau baita-baita lelayaran, menapa malih Léwiatan ingkang Paduka titahaken sami dolanan.

27Sedaya sami ngantos-antos dhateng Paduka, supados Paduka paringi nedha ing wekdalipun.

28Samasa Paduka paringi lajeng dipun caplok, menawi Paduka ngegaraken asta, sedaya sami tuwuk lan marem.

29Menawi Paduka mléngos piyambakipun sami ajrih, menawi Paduka ngèndeli ambekanipun, lajeng sami pejah, wangsul dados lebu malih.

30Menawi Paduka ngutus Roh Paduka lajeng sami maujud. Paduka paring gesang énggal dhateng bumi.

31Kaluhurané Allah langgenga ing selawasé. Pangéran rena marang pakaryané.

32Panjenengané mandeng marang bumi, temah gemeter, gunung-gunung diremuk, banjur ngetokaké kukus.

33Sajegku urip dakngidungaké kamulyané Allah, selawasé aku ana ing donya aku daknyaosaké kidung-kidung masmur marang Allahku.

34Pangidungku muga katrimah ing Panjenengané, aku bakal tansah bungah-bungah merga Panjenengané.

35Wong duraka bakal katumpes, sirna saka ing bumi, wong ala bakal ora ana menèh. Dhuh nyawaku, saosa puji marang Allah! Haléluya!



 <<  Mazmur 104 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel