Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 106 >> 

1Haléluya! Padha saosa puji marang Allah, merga Panjenengané iku becik! Sih-kasetyané langgeng selawasé.

2Sapa sing bisa nyritakaké pangwasané Allah, lan memuji kaluhurané kabèh?

3Begja wong kang ngéstokaké dhawuhé, sarta tansah nindakaké kabeneran.

4Dhuh Allah, kawula mugi Paduka èngeti; menawi Paduka mitulungi umat Paduka, kawula mugi kakatutna.

5Supados kawula saged ningali kabegjanipun para umat pilihan Paduka, sarta tumuta bingah sesarengan kaliyan kabingahanipun umat Paduka, inggih tumuta ngluhuraken sesarengan kaliyan para kagungan Paduka.

6Kawula sami damel dosa, sami kados leluhur kawula, kawula sami nasar sarta nglampahi piawon.

7Para leluhur kawula nalika wonten ing Mesir sami mboten mangertos; dhateng pakaryan Paduka ingkang élok. Sami mboten ngèngeti dhateng kathahing sih-kamirahan, ingkang Paduka ketingalaken, malah sami mbrontak wonten ing pinggiripun Seganten Teberau.

8Éwasemanten sami Paduka wilujengaken krana saking asma Paduka piyambak, supados sami sumerepa dhateng agenging kasektèn Paduka.

9Segara Teberau didhawuhi, temah asat, para leluhur banjur dilakokaké ana ing dhasaré segara presasat ana ing ara-ara.

10Mengkono enggoné padha diluwari saka tangané satru, sarta diuwalaké saka tangané mungsuh.

11Nanging banyu mau nglelepaké mungsuhé, siji waé ora ana sing kari.

12Nalika semono para leluhur padha precaya sarta padha ngluhuraké asmané Allah.

13Nanging padha énggal lali marang pakaryané Allah, lan padha tumindak tanpa miterang marang kersané.

14Ana ing ara-ara samun wong-wong mau padha kedereng déning hawa-nepsuné, banjur padha nyoba marang Allah ana ing segara wedhi.

15Allah banjur maringi apa kang disuwun, nanging uga nekakaké lelara kang nggegirisi.

16Sawisé mengkono banjur padha mèri karo Musa, uga marang Harun, abdiné Allah kang suci.

17Bumi nuli mangap, nguntal Datan, sarta ngubur Abiram sabrayaté.

18Nuli ana geni teka ing tengahé wong-wong, sarta ngobong para wong duraka mau.

19Ana ing Gunung Horèb para leluhur padha gawé reca pedhèt, banjur padha sujud nyembah marang reca mau.

20Gusti Allah, pepujané, padha dilironi rerupan sapi sing mangan suket.

21Padha lali marang Allah, Juru Slamet, sing wis nindakaké kaélokan ana ing tanah Mesir.

22Sarta gawé mujijat ana ing tanah mau, apa menèh pakaryan ngédab-édabi ana ing Segara Teberau.

23Mulané Pangéran dhawuh arep numpes para leluhur, yèn ajaa Musa, wong pilihané, nengahi ing ngarsané Allah, nadhahi paukumané, supaya aja nganti padha ditumpes.

24Para leluhur padha nacad tanah sing becik, padha ora ngandel marang pangandikané Allah.

25Malah padha grundelan ana ing kémahé, lan ora nggugu marang dhawuhé Allah.

26Mulané Pangéran ngancam marang wong-wong mau, arep dipatèni ana ing ara-ara samun.

27Sarta turuné bakal dibuyaraké ana ing antarané bangsa-bangsa, lan disebar menyang tanah ing endi-endi.

28Wong-wong mau padha nyembah Baal-Péor, lan mangan sesajèn sing kanggo wong mati.

29Srana mengkono gawé dukané Allah, merga saka pratingkahé, mulané ketekan bebaya sing ampuh.

30Pinéhas banjur tumandang ngukum wong-wong sing padha salah, bebaya mau banjur sirna.

31Tindaké Pinéhas mau tansah diélingi, kaétung labet kang becik, wiwit kuwi lan saterusé turun-temurun.

32Ing sacedhaké sendhang ing Mériba, para leluhur iya padha njalari mulading paukumané Gusti Allah. Krana lelakon mau Musa nganti ketaman ing kasusahan.

33Merga para leluhur padha mbaléla marang Rohé Allah, nganti Musa ngucapaké tembung sing ora samesthiné diucapaké.

34Para leluhur ora numpes bangsa-bangsa sing didhawuhaké Allah supaya dipatèni.

35Malah padha awor karo wong kapir mau, ditiru kelakuané.

36Brahalané padha disembah, kuwi sing banjur dadi kala-jireté.

37Para leluhur padha ngurbanaké anak-anaké lanang, lan anak-anaké wadon marang para dhemit.

38Dadi ngwutahaké getihé wong ora salah, yakuwi getihé anak-anaké lanang lan wadon, kang disembelèh dadi sesajèn marang brahalané wong Kenaan, nganti tanahé dadi najis awit saka dosané ngwutahaké getih.

39Srana mengkono padha najisaké awaké dhéwé, lan srana penggawéné mau padha tumindak sèdhèng.

40Mulané bebenduné Allah mulad-mulad marang umaté, merga ora setya marang Panjenengané.

41Umaté banjur diulungaké marang tangané bangsa kapir, mula padha dijajah déning para mungsuhé.

42Mungsuh-mungsuhé padha gawé girising atiné, nganti banjur padha teluk pasrah bongkokan.

43Kerep Allah ngluwari umaté, nanging padha ndadra enggoné mbangkang marang Panjenengané, lan saya jero enggoné ambles ing dosané.

44Éwasemono Panjenengané nggatèkaké marang karubedané, sarta miyarsakaké marang pesambaté.

45Panjenengané ngèngeti marang prasetyané, supaya dadi beciké umaté, lan merga saka gedhéning sihé, umat mau ora ditégakaké.

46Padha diparingi piwelas saka sarupané wong sing nawan umaté.

47Dhuh Pangéran, Allah kawula, kawula mugi sami Paduka luwari, lan kawula sami kakempalna, uwal saking antawisipun bangsa-bangsa, supados kawula sami ngluhuraken asma Paduka ingkang suci, sarta memuji kaluhuran Paduka.

48Pinujia Pangéran, Allahé Israèl, langgeng ing selawasé, sarta umaté kabèh ngucapa: "Amin!" Haléluya!



 <<  Mazmur 106 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel