Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 107 >> 

1"Padha saosa puji sokur marang Allah, awit Panjenengané iku mahaasih, sih-kasetyané langgeng selawasé."

2Kaya mengkono pangucapé wong-wong sing padha diluwari déning Allah, saka tangané mungsuhé.

3Lan diklumpukaké saka tanah-tanah ngamanca, saka Wétan lan saka Kulon, saka Lor lan saka Kidul.

4Ana wong-wong sing nglembara ana ing segara wedhi, lan ing ara-ara samun, ora bisa nemokaké dalan sing tekan kutha sing kena dienggoni.

5Wong-wong mau padha keluwèn lan kasatan, lan padha ora duwé pengarep-arep menèh.

6Nanging sajroning karubedané banjur padha sesambat marang Allah, nuli padha diluwari saka kasangsarané.

7Ditedahi dalan kang bener, sing tekan papan sing kena dienggoni.

8Wong-wong padha memujia marang Allah, awit saka sih-kasetyané, lan merga saka pakaryané kang élok tumrap para manungsa.

9Panjenengané wis kersa maregi wong sing keluwèn, lan wong kasatan dierobi ing kabecikané.

10Ana wong-wong sing manggon ing panggonan sing peteng dhedhet lelimengan, yakuwi wong-wong sing ditahan ana ing krangkèng karo diranté,

11merga wis padha mbaléla marang dhawuhé Allah, sarta nampik marang pangandikané Kang Mahaluhur.

12Mulané atiné diremuk déning Allah nganggo kasusahan; bareng padha kejlungup, ora ana sing nulungi.

13Wong-wong mau banjur padha sesambat marang Allah sajroning karibedané, nuli padha diluwari saka kasangsarané.

14Diluwari saka panggonan sing peteng dhedhet, sarta ranténé dicopoti.

15Wong-wong mengkono mau padha memujia marang Allah, merga saka sih-kasetyané, lan merga saka pendamelé kang élok tumrap manungsa.

16Sebab Panjenengané wis kersa njeboli lawang tembaga, lan mutungi palangé lawang-lawang wesi.

17Ana wong gemblung, sing lara merga nglakoni dosa, lan merga pialané.

18Wong mau ora doyan mangan apa-apa, lan mèh waé mati.

19Nanging sajroning karubedané sesambat marang Allah, banjur diluwari saka kasangsarané.

20Allah marasaké srana pangandikané, lan ngentas wong mau saka kubur.

21Wong mengkono padha memujia marang Allah, merga saka sih-kasetyané, lan merga saka pendamelé kang élok marang para manungsa.

22Wong mau padha nyaosna kurban pamuji sarta nyritakna, pakaryané Allah kalawan swara kang sora.

23Ana wong kang lelayaran nunggang prau, laku dagang ing samodra.

24Wong mau padha weruh pakaryané Allah, lan kaélokané ana ing tengahé segara.

25Atas dhawuhé Allah banjur ana prahara teka, kang ngumbulaké ombak.

26Prauné mau diumbulaké ing langit lan dibanting ana ing papan kang jero, bebaya gedhé mau gawé mirising atiné.

27Wong-wong padha mumet lan lakuné sempoyongan kaya wong mendem, sakèhing ketrampilané ora ana gunané.

28Nanging sajroning karubedané nuli padha sesambat marang Allah, banjur padha diluwari saka kasangsarané.

29Praharané disirep, mula ombaké segara meneng.

30Wong-wong mau nuli padha bungah, merga segarané wis anteng menèh, banjur padha diirid déning Pangéran menyang pelabuhan sing dikarepaké.

31Wong-wong mau padha nyaosaké puji sokur marang Allah, merga saka sih-kasetyané, merga pendamelé kang élok marang manungsa.

32Padha ngluhurna asmané ana ing pasamuwaning umaté, sarta mujia ana ing kumpulané para penggedhé.

33Pangéran ngéwahi kali-kali dadi lemah mati, sendhang didamel lemah cengkar.

34Lemah loh didadèkaké bumi asin, kang mengkono mau awit saka pialané sing ngenggoni.

35Segara wedhi didadèkaké blumbang, lemah garing didadèkaké bumi sugih tuk.

36Wong keluwèn padha dipapanaké ana ing kono, banjur padha ngedegaké kutha sing dienggoni.

37Lemahé banjur disebari lan ditanduri, lan padha gawé kebon anggur sing ngetokaké woh akèh.

38Wong-wong mau padha diberkahi, mula banget enggoné ngambra-ambra, sarta ingon-ingoné padha digawé manak-kumanak.

39Menawa umaté Allah kalah perang lan ditelukaké déning mungsuhé kang ambek siya.

40Pangéran banjur damel kwirangan marang para penggedhé, padha didadèkaké wong nglambrang ana ing ara-ara samun kang tanpa dalan.

41Nanging wong papa padha dijunjung saka kemlaratané, sarta anak-putuné padha ditangkar-tangkaraké kaya pepanthaning wedhus.

42Para wong mursid padha weruh lan padha bungah-bungah, nanging wong duraka kabèh padha meneng waé.

43Sapa wong sing wicaksana padha ngrasak-ngrasakna prekara mau, sarta nitènana marang sih-kasetyané Pangéran.



 <<  Mazmur 107 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel