Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 118 >> 

1Padha saosa puji marang Allah, sebab Panjenengané saé, penggalihé lan sih-kasetyané langgeng selawasé.

2Umat Israèl padha ngucapa, "Sih-kasetyané iku langgeng selawasé!"

3Para imam padha ngucapa, "Sih-kasetyané iku langgeng selawasé!"

4Para wong kang ngabekti marang Allah padha ngucapa, "Sih-kasetyané iku langgeng selawasé!"

5Sajroning karubedan aku nyebut marang Allah, Allah nuli njurungi pesambat-Ku, lan aku iya banjur kaparingan luwar.

6Allah nunggil karo aku, aku bakal ora wedi, manungsa bisa gawé apa marang aku?

7Allah nunggil karo aku sarta paring pitulungan, mulané aku bakal nganggep rèmèh wong sing padha sengit marang aku.

8Luwih becik ngungsi marang Allah, ketimbang karo ngendelaké manungsa.

9Luwih becik ngungsi marang Allah, ketimbang karo njagakaké para penggedhé.

10Aku dikepung déning sakèhé mungsuhku, nanging kabèh padha dakgempur nganggo pangwasané Allah.

11Aku dikepung nganti rapet, nanging kabèh dakgempur nganggo pangwasané Allah.

12Anggoné ngepung aku kaya tawon, nanging kabèh padha kebrongot kaya eri kobong ing geni, kabèh dakgempur nganggo pangwasané Allah.

13Aku diserang sarosané nganti aku kalah, nanging Allah mitulungi aku.

14Aku digawé rosa lan sentosa, Panjenengané dakluhuraké nganggo masmur, merga Panjenengané mitulungi aku.

15Ing omahé wong kang ngabekti marang Allah, wong-wongé padha surak-surak saka bungahé, merga wis kaparingan kemenangan, pangucapé, "Kemenangan iki pendamelé Allah kang mahakwasa.

16Pangwasané sing paring kemenangan, pangwasané ana ing sajroning peprangan!"

17Aku bakal ora mati, aku tetep urip lan bakal nyritakaké pakaryané Allah.

18Allah banget anggoné ngajar marang aku, nanging aku ora nganti ditégakaké mati.

19Aku bukakna lawangé Pedalemané Allah, aku arep mlebu nyaosaké puji sokur marang Allah.

20Iki gapurané Allah, mung wong mursid kena mlebu mréné.

21Dhuh Allah, kawula memuji dhateng Paduka, margi Paduka sampun nyembadani panyuwun kawula, sarta Paduka paringi pitulungan.

22Watu kang ditampik déning ahli gawé omah, ketitik dadi watu sing penting dhéwé.

23Kuwi merga saka pendamelé Allah, sarta nggumunaké kanggoné kita.

24Iki dina kamenangan peparingé Allah, mulané ayo padha bungah-bungah lan seneng-seneng!

25Dhuh Allah, mugi mitulungi kawula, kawula mugi Paduka luwari. Kawula kaparingana kemenangan, dhuh Allah.

26Binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmanipun Allah! Aku mujèkaké berkah marang kowé kabèh saka Pedalemané Allah.

27Pangéran iku Allah, Panjenengané nindakaké kabecikan marang kita, kéwan sing arep kanggo kurban cancangen ana ing sunguné mesbèh, karo jèjèra ngubengi mesbèh kuwi.

28Paduka menika Allah kawula, mila kawula puji. Kawula badhé nyariyosaken kaluhuran Paduka.

29Padha saosa puji marang Allah, merga Panjenengané saé penggalihé, lan sih-kadarmané langgeng selawasé.



 <<  Mazmur 118 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel