Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 119 >> 

1Begja wong sing resik uripé, sing uripé manut angger-anggeré Allah.

2Begja wong sing padha netepi marang pepèngeté Allah; sarta sing ngungsi marang Panjenengané kalawan gumolonging atiné.

3Lan ora nglakoni piala, nanging nglakoni pitedahé Allah.

4Paduka piyambak ingkang ndhawuhaken pepakèn-pepakèn menika, supados dipun tetepana kanthi temen-temen.

5Kados menapa kepéngin kawula netepi dhawuh Paduka kalayan setya.

6Menawi kawula nggatosaken dhawuh-dhawuh Paduka, temtu kawula mboten badhé kwirangan.

7Paduka badhé kawula puji kalayan trus ing manah, samasa kawula nyinau prenatan Paduka ingkang adil menika.

8Kawula badhé netepi prenatan Paduka, mugi Paduka sampun ngantos nilar kawula.

9Kadospundi caranipun tiyang nèm-nèman saged gesang kalayan jujur, kejawi namung menawi netepi pangandika Paduka?

10Paduka ingkang kawula padosi kalayan gumolonging manah, sampun ngantos kawula Paduka tégakaken nylèwèng nilar dhawuh Paduka.

11Dhawuh Paduka kawula simpen ing manah, supados kawula mboten damel dosa dhateng Paduka.

12Dhuh Allah, Paduka pinuji-pujia, kawula mugi Paduka wulang bab prenatan-prenatan Paduka.

13Kawula badhé gentos nyariyosaken kalayan swanten sora sakathahing dhawuh Paduka wau.

14Kawula èstokaken kalayan bingah dhawuh-dhawuh Paduka, ngungkuli menawi kawula gadhah sawernining raja-brana.

15Dhawuh Paduka kawula tliti, piwulang Paduka kawula uji.

16Kawula remen dhateng dhawuh Paduka. Dhawuh-dhawuh Paduka mboten badhé kawula supèkaken.

17Paduka mugi maringi kasaénan dhateng kawula, kang abdi; supados kawula gesang lan mbangun-turut dhateng dhawuh Paduka.

18Mripat kawula mugi Paduka elèkaken, supados kawula saged ningali kaleresan, kaleresan ingkang élok wonten ing dhawuh Paduka.

19Kawula namung sekedhap wonten ing donya ngriki, pramila dhawuh-dhawuh Paduka sampun ngantos Paduka dhelikaken tumrap kawula.

20Manah kawula ngantos-antos kepéngin mangertos dhawuh Paduka.

21Tiyang angkuh Paduka ukum, kénginga laknat tiyang ingkang nasar, nilar dhawuh Paduka.

22Kawula mugi kaluwarana saking pamoyok lan panyia-nyia margi kawula netepi dhawuh lan pepènget Paduka.

23Senajan para pengageng sami sarembag nglawan dhateng kawula, éwasemanten abdi Paduka inggih ngraos-ngraosaken dhawuh Paduka.

24Dhawuh pepènget Paduka menika sami dados kabingahan saha juru pirembag kawula.

25Kawula kasoran nggléthak wonten ing lebu, mugi kawula Paduka gesangaken malih miturut janji Paduka.

26Kawula nerangaken menapa ingkang kawula lampahi, ngantos Paduka lajeng paring wangsulan.

27Kawula mugi kawulanga bab dhawuh Paduka, supados kawula ngraosaken kaélokan Paduka.

28Manah kawula sedhih margi saking prihatos; mugi Paduka kiyataken miturut janji Paduka.

29Kawula mugi kasingkirna saking margi ingkang nasar, lan kasumerepna dhateng dhawuh Paduka, awit saking sih-palimirma Paduka.

30Kawula milih ngambah margi ingkang leres, sarta nggatosaken dhateng putusan-putusan Paduka.

31Kawula rumaket dhateng dhawuh-dhawuh Paduka, dhuh Allah, mugi sampun Paduka wirangaken.

32Kawula badhé netepi dhawuh Paduka, awit Paduka paring tambahing pangertosan dhateng kawula.

33Dhuh Allah, kawula kasumerepna suraosipun angger-angger Paduka, sarta badhé kawula turut ing selaminipun.

34Kawula kaparingana pangertosan dhateng dhawuh-dhawuh Paduka, sarta badhé kawula tetepi kalayan gumolonging manah.

35Kawula kasagedna mbangun-turut dhateng dhawuh Paduka, awit menika ingkang kawula remeni.

36Manah kawula kadamela kasengsem dhateng dhawuh pangandika Paduka, ketimbang remen dhateng prekawis ingkang nistha.

37Mripat kawula mugi Paduka cegah saking sumerep barang ingkang tanpa gina. Paduka mugi nandukaken kesaénan dhateng kawula miturut janji Paduka.

38Mugi kersa netepi janji ingkang Paduka paringaken dhateng kawula, abdi Paduka, inggih janji ingkang Paduka paringaken dhateng tiyang mursid.

39Kawula kaluwarana saking kanisthan ingkang damel geteré manah kawula; sebab prenatan Paduka menika sedaya saé.

40Kawula remen mbangun-turut dhateng dhawuh pangandika Paduka. Kawula kaparingana gesang énggal, ingkang remen dhateng kaleresan Paduka.

41Dhuh Allah, mugi ngetingalna sih-kawelasan Paduka dhateng kawula, kawula kapitulungana miturut janji Paduka.

42Supados kawula saged mangsuli dhateng tiyang ingkang ngawon-awon kawula, sebab kawula ngendelaken dhateng pangandika Paduka.

43Kawula kadamela tansah wicanten kalayan leres, sebab kawula suméndhé dhateng kaleresan Paduka.

44Mila kawula badhé tansah netepi dhawuh pangandika Paduka langgeng selaminipun.

45Kawula badhé gesang kalayan bébas, margi dhawuh Paduka ingkang kawula padosi.

46Senajan wonten ing ngarsanipun para raja pisan, kawula badhé medharaken dhawuh pangandika Paduka, sarta mboten badhé isin.

47Kawula badhé kesengsem dhateng dhawuh Paduka, ingkang kawula remeni.

48Dhawuh Paduka kawula urmati lan kawula senengi, piwulang Paduka badhé kawula raos-raosaken.

49Paduka mugi ngèngeti janji-janji, ingkang Paduka paringaken dhateng kawula, abdi Paduka, menika ingkang Paduka dadosaken pengajeng-ajeng kawula.

50Salebeting nandhang kasisahan kawula betah kalipur; kawula kagesangna malih déning janji Paduka.

51Tiyang-tiyang angkuh tansah moyoki kawula, éwasemanten kawula mboten naté nilar dhawuh pangandika Paduka.

52Dhuh Allah, kawula tansah kèngetan dhateng kaleresan Paduka saking kina mila, lajeng angsal panglipur.

53Kawula nepsu sanget dhateng tiyang awon, ingkang nerak angger-angger Paduka.

54Salebeting gesang kawula ing donya kados tiyang neneka menika, kawula ngrakit kekidungan bab angger-angger Paduka.

55Ing wanci dalu kawula ènget dhateng Paduka, sarta ngraos-ngraosaken dhawuh pangandika Paduka.

56Kawula rumaos begja salebeting ngraos-ngraosaken angger-angger Paduka.

57Dhuh Pangéran, namung Paduka ingkang dados idham-idhamaning manah kawula, kawula badhé ngèstokaken dhawuh Paduka sedaya.

58Adreng panyuwun kawula dhateng Paduka, supados melasi kawula, kados ingkang Paduka dhawuhaken piyambak.

59Kawula ngraos-ngraosaken lampah kawula, lan kawula janji badhé nglampahi pitedah Paduka.

60Kawula énggal-énggal, tanpa ngendhé-endhé ngèstokaken dhawuh Paduka.

61Tiyang duraka sami pasang kala-jiret kanggé kawula, nanging kawula mboten kesupèn dhateng dhawuh Paduka.

62Tengah ndalu kawula tangi memuji dhumateng Paduka, margi dhawuh-dhawuh Paduka menika ingkang leres.

63Kawula dados kancanipun sakathahing tiyang ingkang ngabekti dhateng Paduka, sarta ingkang netepi dhawuh Paduka.

64Dhuh Allah, salumahing bumi kalubèran sih-kadarman Paduka, kawula mugi Paduka wulang bab dhawuh Paduka.

65Dhuh Allah, Paduka sampun netepi janji Paduka, lan sampun maringaken kasaénan dhateng kawula, abdi Paduka.

66Kawula mugi Paduka paringi kawicaksanan lan pangertosan, sebab kawula pitados dhateng dhawuh Paduka.

67Sadèrèngipun kawula manggih sangsara, lampah kawula kesasar, nanging samenika kawula ngèstokaken pangandika Paduka.

68Paduka menika saé ing penggalih, sarta tansah maringi kasaénan; kawula mugi Paduka wulang netepi dhawuh-dhawuh Paduka sedaya.

69Tiyang angkuh sami goroh ing ngatasipun kawula, mangka kawula netepi pepakèn Paduka kalawan gumolonging manah.

70Tiyang-tiyang menika sami ndableg, nanging menggah kawula, dhawuh-dhawuh Paduka menika dados kabingahan kawula.

71Enggèn kawula sampun kasangsara menika maédahi, sebab ndadosaken kawula nyinau dhawuh Paduka.

72Dhawuh peparing Paduka menika maédahi dhateng kawula, ngungkuli sakathahing emas lan slaka ing bumi.

73Paduka ingkang nitahaken kawula lan yasa badan kawula, mugi paring kawicaksanan supados kawula mangertos dhateng dhawuh Paduka.

74Para tiyang ingkang ngabekti dhateng Paduka, sami ningali kawula kalayan bingah, margi kawula ngandel dhateng janji-janji Paduka.

75Kawula mangertos, dhuh Allah, bilih dhawuh Paduka menika leres, saha enggèn Paduka ngajar kawula menika margi saking sih-kaleresan Paduka.

76Kasetyan Paduka menika mugi dadosa panglipur kawula, kados janji Paduka dhateng kawula, kang abdi.

77Kawula kaparingana sih-rahmat Paduka, supados kawula gesang, margi namung Torèt Paduka menika ingkang dados kabingahan kawula.

78Tiyang angkuh ingkang damel pandakwa palsu dhateng kawula badhé sami kwirangan, nanging menggahing kawula, kawula badhé ngraos-ngraosaken piwulang Paduka.

79Para tiyang ingkang ngabekti dhateng Paduka saha mangertos dhateng dhawuh Paduka, sami ngguyubana kawula.

80Kawula kasagedna mbangun-turut dhateng dhawuh Paduka kalayan éklasing manah, sarta katebihna saking kwirangan.

81Kawula ngajeng-ajeng pangluwaran peparing Paduka, pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng,

82Mripat kawula pendul saking ngajeng-ajeng dhateng katetepaning janji Paduka, pangucap kawula, "Mbénjing menapa Paduka rawuh paring pitulungan dhateng kawula?"

83Senajan kawula sampun tanpa gina kados impes ingkang garing kisut, éwasemanten inggih mboten supé dhateng dhawuh Paduka.

84Kantun pinten umuripun abdi Paduka? Mbénjing menapa enggèn Paduka badhé ngadili tiyang-tiyang ingkang nyia-nyia kawula?

85Tiyang angkuh ingkang mboten miturut ing dhawuh-dhawuh Paduka, menika sami ndhudhuk jugangan kanggé kawula.

86Sakathahing dhawuh Paduka menika leres, kawula dipun oyak-oyak tanpa sebab, pramila mugi Paduka pitulungi.

87Mèh-mèh kémawon tiyang-tiyang wau badhé mejahi kawula, éwasemanten kawula mboten nilar dhateng dhawuh Paduka.

88Kawula mugi Paduka lestantunaken gesang, awit saking sih-katresnan Paduka, supados kawula saged netepi dhawuh Paduka.

89Dhuh Allah, sih-kadarman Paduka, menika langgeng kados wonten ing swarga.

90Kasetyan Paduka menika turun-temurun, bumi Paduka papanaken kalayan sentosa, mila lestantun selaminipun.

91Sedaya tumitah lestantun sepriki, margi saking prenatan Paduka; sawernining tumitah sami dados abdi Paduka.

92Menawi angger-angger Paduka mboten dados kabingahan kawula, mesthi kawula sampun sami tiwas déning karibedan.

93Kawula badhé mboten kesupèn dhateng dhawuh Paduka ing selami-laminipun, awit inggih menika marginipun Paduka nggesangaken kawula.

94Kawula menika kagungan Paduka, pramila mugi Paduka pitulungi, awit ingkang kawula angen-angen menika dhawuh Paduka.

95Tiyang duraka sami ndingkik kawula, badhé dipun tumpes, mangka ingkang kawula manah menika dhawuh Paduka.

96Kautamènipun manungsa menika wonten watesipun, nanging dhawuh Paduka menika sampurna, tanpa wangenan.

97Kawula remen sanget dhateng dhawuh-dhawuh Paduka, sadinten-dinten tansah kawula raos-raosaken.

98Dhawuh Paduka paring kawicaksanan dhateng kawula, ngantos ngungkuli satru-satru kawula, margi dhawuh Paduka dumunung wonten ing manah kawula ing selaminipun.

99Pangertosan kawula langkung kathah ketimbang kaliyan guru-guru kawula, margi kawula ngraos-ngraosaken piwulang Paduka.

100Kawula langkung wicaksana ketimbang kaliyan tiyang-tiyang sepuh, margi kawula netepi dhawuh Paduka.

101Kawula nyingkiri sawernining pendamel awon, awit kawula badhé ngèstokaken dhawuh Paduka.

102Kawula mboten nyimpang saking dhawuh Paduka, awit Paduka menika guru kawula.

103Iba manisipun raosing pangandika Paduka, ngungkuli legining madu wonten ing ilat kawula.

104Dhawuh Paduka paring kapinteran dhateng kawula, pramila kawula sengit dhateng pendamel nasar.

105Pangandika Paduka menika dados dilah ing ngajenging suku kawula, sarta dados pepadhang tumraping margi kawula.

106Kawula sampun supaos lan inggih badhé kawula tetepi, bilih kawula badhé ngèstokaken dhawuh Paduka ingkang sipat leres menika.

107Dhuh Allah, sanget-sanget enggèn kawula tinindhes, mugi kawula Paduka paringi gesang, laras kaliyan janji Paduka.

108Dhuh Allah, mugi kersa nampi pamuji sokur kawula, lan mugi kersa memulang dhateng kawula bab dhawuh Paduka.

109Gesang kawula tansah ngadhepi bebaya, nanging kawula mboten supé dhateng dhawuh Paduka.

110Tiyang duraka sami masangi kala dhateng kawula, éwadéné kawula mboten nylèwèng saking dhawuh Paduka.

111Dhawuh Paduka menika pusaka kawula ingkang langgeng; awit menika dados kabingahaning manah kawula.

112Kawula sampun mantep badhé ngèstokaken dhawuh Paduka, selami kawula gesang.

113Kawula éwa dhateng tiyang ingkang mboten setya dhateng Paduka, nanging kawula remen dhateng dhawuh Paduka.

114Paduka menika pengayoman lan tetamèng kawula, kawula ngantos-antos dhateng janji Paduka.

115Hé para wong kang seneng nylèwèng, padha sumingkira saka aku, aku arep netepi dhawuhé Allahku.

116Kawula mugi Paduka sentosakaken, laras kaliyan janji Paduka; supados kawula gesang sarta sampun ngantos kwirangan menggahing pengajeng-ajeng kawula.

117Kawula mugi Paduka cepengi supados wilujeng, sarta tansah kesengsem dhateng dhawuh Paduka.

118Sakathahing tiyang ingkang nylèwèng saking dhawuh Paduka, menika sami tanpa aji ing ngarsa Paduka; paékanipun menika tanpa gina.

119Sakathahipun tiyang duraka sami Paduka bucal kados larahan, mila kawula remen dhateng dhawuh Paduka.

120Badan kawula gemeter awit saking ajrihipun dhateng Paduka, kawula ajrih sanget dhateng paukuman Paduka.

121Kawula sampun ngèstokaken sakathahing dhawuh lan kaleresan Paduka, sampun ngantos kawula Paduka ulungaken ing tanganipun tiyang ingkang nganiaya.

122Paduka mugi kersa nanggel kawilujenganipun abdi Paduka, amrih saénipun. Tiyang angkuh sampun ngantos nganiaya dhateng kawula.

123Mripat kawula cecengklungen dhateng pitulungan ingkang Paduka janjèkaken, sarta ngantos-antos katetepaning janji Paduka ingkang adil.

124Abdi Paduka kaganjara ingkang laras kaliyan sih-kadarman Paduka, sarta mugi Paduka wulang dhawuh Paduka.

125Kawula menika abdi Paduka, mugi Paduka paringi pangertosan, murih kawula mangertos dhateng pepènget Paduka.

126Dhuh Allah, sampun wekdalipun Paduka tumindak, margi tiyang sami nerak dhawuh Paduka.

127Kawula remen dhateng dhawuh Paduka, ngungkuli emas ingkang saé piyambak.

128Sakathahing dhawuh Paduka menika kawula anggep leres, nanging sawernining panylèwèng saking dhawuh Paduka, kawula sengiti.

129Piwulang Paduka menika élok ngédab-édabi, mila kawula èstokaken kalawan gumolonging manah.

130Ketrangan bab pangandika Paduka menika paring pepadhang, lan kawicaksanan tumrap tiyang ingkang mboten gadhah pangertosan.

131Saking remen kawula dhateng pangandika Paduka, kawula ngantos megap-megap.

132Mugi kersa nolèh dhateng kawula kalayan sih-rahmat Paduka, kados enggèn Paduka mirsani dhateng sedaya tiyang ingkang asih dhateng Paduka.

133Kawula mugi Paduka jagi sampun ngantos dhawah, sampun ngantos kawula Paduka tégakaken, sampun ngantos dipun kwaosi déning piawon.

134Kawula mugi kaluwarana saking tiyang ingkang nindhes dhateng kawula, mila kawula badhé ngèstokaken dhawuh Paduka.

135Kawula mugi Paduka berkahi srana enggèn kawula nunggil Paduka, lan nampèni piwulang bab dhawuh Paduka.

136Kawula sedhih nangis crocosan, margi saking kathahipun tiyang ingkang mboten netepi dhawuh Paduka.

137Dhuh Allah, Paduka menika adil, lan dhawuh Paduka menika leres.

138Prenatan peparing Paduka, menika adil lan leres sedaya.

139Manah kawula bentèr kados urubing latu, margi satru kawula sami nglirwakaken dhawuh Paduka.

140Janji Paduka menika mantep sanget, mila kawula géndholi saèstu.

141Kawula tiyang alit sarta mboten kajèn, nanging mboten supé dhateng dhawuh Paduka.

142Pengadilan Paduka menika leres langgeng selaminipun, mekaten ugi dhawuh Paduka menika dhapur kayektosan.

143Kawula ngalami karibedan tuwin giris, nanging dhawuh Paduka sami dados kabingahan kawula.

144Pepènget-pepènget Paduka menika selaminipun leres, kawula kaparingana pangertosan, supados kawula tetep gesang.

145Kawula ndedonga kalawan gumolonging manah, dhuh Allah, mugi Paduka sembadani, sarta kawula badhé netepi dhawuh Paduka.

146Kawula sesambat dhateng Paduka, mugi kawula Paduka pitulungi, kawula badhé ngèstokaken dhawuh pepènget Paduka.

147Ing wanci énjing umun-umun kawula sampun tangi sesambat nyuwun pitulungan, kawula namung ngajeng-ajeng kelampahaning janji Paduka.

148Sedalu muput kawula mboten tilem, ngraos-ngraosaken pangandika Paduka.

149Dhuh Allah, mugi miyarsakaken pandonga kawula, awit saking sih-kadarman Paduka, sarta kawula mugi kalestantunaken gesang, miturut prenatan Paduka.

150Tiyang ingkang ngangkah damel awon dhateng kawula sampun sami nyelak, inggih tiyang-tiyang ingkang nylèwèng saking dhawuh Paduka.

151Nanging dhuh Allah, Paduka menika celak, lan dhawuh Paduka menika sedaya leres.

152Sampun lami kawula mangertos bilih dhawuh Paduka menika kanggé selami-laminipun.

153Paduka mugi mirsani dhateng kesrakatan kawula, sarta kawula kaluwarana, awit kawula mboten supé dhateng dhawuh-dhawuh Paduka.

154Paduka mbélanana prekawis kawula, saha kawula mugi Paduka luwari, menapa malih mugi Paduka lestantunaken gesang miturut janji Paduka.

155Tiyang awon mboten badhé Paduka pitulungi, margi sami mboten netepi dhawuh Paduka.

156Dhuh Allah, sih-piwelas Paduka menika kathah, kawula mugi Paduka lestantunaken gesang miturut janji Paduka.

157Kathah tiyang ingkang nguya-uya kawula, nanging kawula mboten nylèwèng saking pepènget Paduka.

158Kawula éwa dhateng tiyang ingkang sami seneng goroh, déné sami mboten ngèstokaken dhawuh Paduka.

159Paduka mugi mirsani, bilih kawula remen dhateng dhawuh Paduka! Dhuh Allah, mugi Paduka nglestantunaken kawula gesang, awit saking sih-kadarman Paduka.

160Isining pangandika Paduka menika kayektosan, lan dhawuh-dhawuh Paduka menika sedaya leres selami-laminipun.

161Kawula dipun kuya-kuya déning para pengageng tanpa sebab, nanging manah kawula namung ajrih dhateng pangandika Paduka.

162Kawula bingah awit saking janji Paduka, kados tiyang ingkang angsal jarahan kathah.

163Kawula sengit dhateng tembung goroh, nanging remen dhateng dhawuh-dhawuh Paduka.

164Kawula memuji Paduka sedinten kaping pitu, margi dhawuh-dhawuh Paduka menika leres.

165Tiyang ingkang remen dhateng dhawuh-dhawuh Paduka, menika sami ngalami katentreman, lan mboten wonten ingkang murugaken sami dhawah.

166Dhuh Allah, kawula ngajeng-ajeng pitulungan Paduka, sarta nglampahi dhawuh Paduka.

167Kawula mbangun-turut dhateng pepènget-pepènget Paduka, inggih menika ingkang kawula remeni.

168Pepènget lan dhawuh Paduka menika sami kawula tetepi. Paduka pirsa sedaya ingkang kawula lampahi.

169Dhuh Allah, pesambat kawula kaaturaken wonten ing ngarsa Paduka, kawula kaparingana pangertosan cocog kaliyan janji Paduka.

170Pesambat kawula mugi Paduka piyarsakaken, kawula mugi kaentasna miturut janji Paduka.

171Lambé kawula badhé memuji Paduka, margi Paduka sampun mulangaken dhawuh Paduka dhateng kawula.

172Kawula badhé ngidungaken dhawuh-dhawuh Paduka, awit dhawuh-dhawuh Paduka menika leres.

173Asta Paduka mugi cumepak mitulungi kawula, awit kawula remen dhateng dhawuh-dhawuh Paduka.

174Dhuh Allah, pitulungan Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng, saha dhawuh-dhawuh Paduka ndadosna kabingahan kawula.

175Kawula mugi kaparingana gesang, supados kawula memuji dhateng Paduka, saha dhawuh Paduka dadosa pitulungan kawula.

176Kawula menika kesasar kados ménda ingkang ketriwal. Paduka kersaa rawuh madosi kawula, abdi Paduka, margi kawula mboten nglirwakaken dhawuh Paduka.



 <<  Mazmur 119 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel