Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 137 >> 

1Samasa kèlingan Sion, aku banjur padha ndhéprok karo nangis, ana ing pinggiring kali-kali ing Babil.

2Clempung-clempungku padha dakgantung ana ing wit arabah sing ana ing kono.

3Sebab ana ing kono aku padha dikon wong-wong sing nawan aku, supaya nglagokaké kekidungan; wong sing padha nyia-nyia aku padha akon aku bungah-bungah, pangucapé, "Aku padha kidungna kidungé Sion!"

4Kepriyé bisaku ngidungaké kidungé Allah ana ing tanah manca?

5Dhuh Yérusalèm, menawa aku lali marang kowé, tanganku tengen dadia apus!

6Ilatku kelèta karo cethakku, menawa aku lali karo kowé, yakuwi menawa Yérusalèm ora dakmulyakaké dadi pucaking kabungahanku.

7Dhuh Allah, Paduka mugi ènget dhateng bangsa Édom, ingkang nalika Yérusalèm karisak mungel, "Gempuren, gempuren sing tandhes, jugrugna nganti tekan pondhasiné pisan!"

8Hé Babil, kowé bakal digempur; begja wong sing males penggawému sing ala marang aku.

9Begja wong sing bakal nyekel bayi-bayimu, banjur dibantingi ing watu, nganti pecah sirahé.



 <<  Mazmur 137 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel