Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 140 >> 

1(140-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. (140-2) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka uwalaken saking tiyang awon, sarta Paduka reksa sampun ngantos dhawah ing tanganipun tiyang ingkang remen nganiaya.

2(140-3) Ingkang sami ngenam-enam piawon wonten ing manah, lan saben dinten ngojok-ojoki ngawontenaken tukar-paben.

3(140-4) Ilatipun presasat ilaté sawer, tembungipun presasat wisané sawer mandi.

4(140-5) Dhuh Allah, Paduka mugi ngluwari kawula saking tanganipun tiyang duraka, saking tiyang ingkang remen nganiaya, ingkang ngangkah njégal kawula.

5(140-6) Tiyang angkuh sami masangi kala kanggé nyrimpung kawula, sami masang jeplakan lan jaring samergi-mergi kanggé njiret kawula.

6(140-7) Unjukku marang Allah mengkéné, "Paduka menika Allah kawula, dhuh Allah, mugi miyarsakaken dhateng pesambat kawula!"

7(140-8) Dhuh Allah, Pangéran pitulungan kawula ingkang sentosa. Paduka sampun ngreksa dhateng kawula ing salebeting peprangan.

8(140-9) Dhuh Allah, mugi sampun njurungi pikajengipun tiyang duraka, rancanganipun damel piawon mugi kagagalna.

9(140-10) Mengsah-mengsah kawula mugi sampun Paduka paringi kemenangan, pangancamipun dhateng kawula mugi kadhawahna dhateng piyambakipun piyambak.

10(140-11) Mugi kaesokna mawa murub! Sami kacemplungna ing sumur, ngantos mboten saged mentas selami-laminipun.

11(140-12) Tiyang ingkang remen mitenah mugi sampun ngantos lestantun manggèn ing negari. Tiyang ingkang remen nyia-nyia kabujenga déning piawonipun piyambak ngantos sirna babar-pisan.

12(140-13) Dhuh Allah, kawula sumerep bilih Paduka badhé paring keadilan dhateng tiyang ingkang kasiya-siya, sarta mbéla prekawisipun tiyang papa.

13(140-14) Saèstu para tiyang mursid badhé sami memuji dhateng asma Paduka, sarta tiyang mursid badhé lestantun manggèn wonten ing ngarsa Paduka.



 <<  Mazmur 140 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel