Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 143 >> 

1Masmur anggitané Dawud. Dhuh Allah, mugi miyarsakaken pandonga kawula, mugi paring wangsulan awit saking sih-kasetyan saha kaleresan Paduka!

2Abdi Paduka mugi sampun Paduka tarik dhateng pengadilan, sebab ing antawisipun tiyang gesang mboten wonten setunggal kémawon ingkang resik wonten ing ngarsa Paduka.

3Kawula dipun oyak-oyak déning mengsah kawula, sarta dipun banting ing siti, kasèlèhaken ing pakunjaran ingkang peteng, presasat tiyang ingkang kaukum pejah.

4Mila pikiran kawula dados bibrah, lan manah kawula semplah sanget.

5Kawula ènget dhateng kawontenan ing jaman rumiyin, ngraos-ngraosaken sakathahing pendamel Paduka, sarta ngènget-ènget menapa ingkang Paduka tindakaken.

6Kawula lajeng ngegaraken tangan kawula ndedonga dhateng Paduka; nyawa kawula ngorong dhateng Paduka, kados siti ingkang garing.

7Dhuh Allah, kawula mugi énggal Paduka paringi wangsulan! Kawula sampun semplah! Mugi sampun ngaling-alingi wedana Paduka, menawi mboten, kawula temtu kados tiyang ingkang medhak dhateng kubur.

8Mugi saben énjing kawula Paduka èngetaken dhateng sih-kasetyan Paduka, margi kawula pitados dhateng Paduka. Mugi Paduka nyumerepaken margi ingkang kawula ambah, awit nyawa kawula ngangen-angen dhateng Paduka!

9Dhuh Allah, kawula mugi Paduka rebat saking tanganipun mengsah-mengsah kawula, awit kawula ngungsi dhateng Paduka!

10Kawula mugi Paduka wulang nglampahi sakersa Paduka, awit Paduka menika Allah kawula, Roh Paduka ingkang asih-setya mugi nuntun lampah kawula wonten ing margining katentreman.

11Dhuh Allah, kawula mugi Paduka luwari, miturut janji Paduka; kawula mugi Paduka entasaken saking karibedan krana keadilan Paduka.

12Satru-satru kawula mugi Paduka tumpes krana sih-kasetyan Paduka; saha sakathahipun tiyang ingkang ngrupeki kawula mugi Paduka sirnakaken, awit kawula menika abdi Paduka!



 <<  Mazmur 143 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel