Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 16 >> 

1Miktam anggitané Dawud. Dhuh Allah, kawula mugi Paduka reksa, awit Paduka menika pengayoman kawula.

2Unjukku marang Allah, "Paduka menika Allah kawula, kawula mboten gadhah kabegjan sanèsipun kejawi saking Paduka piyambak!"

3Para tiyang pitados menika tiyang mulya, menika tiyang ingkang kawula remeni.

4Tiyang ingkang nyembah dhateng allah sanès-sanèsipun badhé manggih kasisahan kathah. Kawula mboten badhé tumut saos kurban kaliyan piyambakipun; kawula mboten badhé nyembah dhateng allahipun, namanipun mboten badhé kawula ucapaken.

5"Dhuh Allah, sedaya gadhahan kawula namung wonten ing Paduka. Paduka maringi samukawis ingkang kawula betahaken, nasib kawula wonten ing asta Paduka.

6Iba élokipun peparing-peparing Paduka; iba saénipun sedaya menika!"

7Aku dakmemuji marang Allah merga saka pitedah-pitedah sing diparingaké marang aku. Ing wayah bengi aku tansah diélingaké déning batinku.

8Aku tansah éling yèn Allah ana ing ngarepku, Panjenengané celak, mulané aku ora sumelang.

9Atiku bungah lan nyawaku surak-surak, mula aku pasrah kalawan ayem-tentrem.

10"Margi Paduka mboten badhé masrahaken nyawa kawula dhateng teleng palimenganing pejah, lan mboten négakaken kekasih Paduka ngantosa ngalami sirna.

11Paduka nedahaken margining gesang dhateng kawula; wonten ing ngarsa Paduka kabingahan kawula ngantos lubèr, kabingahan peparing Paduka langgeng ing selaminipun."



 <<  Mazmur 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel