Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 17 >> 

1Pandongané Dawud. Dhuh Allah, mugi kersa miyarsakaken pandonga kawula, nyuwun keadilan, mugi kersa migatosaken pesambat kawula nyuwun pitulungan, medal manah ingkang tulus.

2Putusan ingkang Paduka dhawahaken badhé ngleresaken kawula, margi paningal Paduka mirsani menapa ingkang leres.

3Menawi Paduka nguji manah kawula, Paduka tliti ing wanci dalu, sarta mriksa kawontenan kawula, Paduka mboten badhé manggih prekawis ingkang awon.

4Kawula mboten naté ngraosi kados tiyang sanès, kawula mbangun-turut dhateng Paduka, lan mboten ngrodha-peksa.

5Selaminipun kawula ngambah margi Paduka lan mboten naté nilar pitedah Paduka.

6Dhuh Allah, kawula ndedonga dhateng Paduka, margi Paduka paring wangsulan dhateng kawula; pramila mugi kersa nilingaken kawula sarta midhangetaken atur kawula.

7Mugi kersa ngetingalaken sih-kasetyan Paduka ingkang élok, sarta mitulungi kawula; wonten ing pamengku Paduka kawula badhé luwar saking pendameling mengsah kawula.

8Kawula mugi Paduka reksa, kados maniking paningal Paduka piyambak; sarta Paduka kempit wonten ing swiwi Paduka,

9supados tiyang ingkang ngangkah risak kawula mboten saged manggihi kawula; mekaten ugi satru bebuyutan kawula ingkang sami ngrubung kawula.

10Tiyang menika sami mboten gadhah katresnan lan wicantenipun angkuh.

11Sami ngetutaken kawula ing sapurug kawula, kawula tansah dipun awasi, supados saged ngrebahaken kawula.

12Èmperipun kados singa ingkang badhé ndekep, kados singa nèm ingkang mendhak-mendhak badhé nyempal-nyempal kawula ing pandhelikan.

13Dhuh Allah, mugi kersa jumeneng, tiyang menika mugi Paduka lawan lan Paduka kawonaken. Dhuh Allah, kawula mugi Paduka luwari srana pedhang Paduka, saking tanganipun tiyang awon.

14Dhuh Allah, asta Paduka mugi ngluwari kawula saking tiyang dosa ingkang pandumanipun wonten ing donya ngriki; mugi Paduka ukum srana paukuman ingkang sampun Paduka cawisaken kanggé piyambakipun, kanggé anak-anakipun, lan tirahanipun kawarisna dhateng putu-putunipun.

15Nanging menggah kawula, ingkang Paduka luwari saking dosa lan paukuman, badhé nyawang wedana Paduka, lan mbénjing ing dintening petangèn badhé kalayan marem nyawang dhateng Paduka.



 <<  Mazmur 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel