Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 19 >> 

1(19-1) Masmur anggitané Dawud, kanggo pemimpin penyanyi. (19-2) Langit nyritakaké kamulyané Allah lan akasa mratélakaké yasaning astané.

2(19-3) Ing wayah awan ngandhakaké bab pakaryané mau tekan dina candhaké, lan wayah wengi nyritakaké ganti-gumanti bab pakaryan mau.

3(19-4) Enggoné crita ora nganggo tembung, swarané ora keprungu.

4(19-5) Éwasemono kawentar ing salumahing bumi, nyrambahi sajagad wrata. Allah yasa kémah ing akasa kanggo srengéngé,

5(19-6) kang njedhul ing wayah ésuk kaya pengantèn lanang metu saka kamaré, gagah kaya satriya lelana.

6(19-7) Wetuné saka ing tepining langit, banjur nanjak nganti tekan sisih liyané; ora ana barang sing ngaling-alingi panasé.

7(19-8) Dhawuh-dhawuhé Allah iku sampurna, nyegeraké nyawa. Prenatané Gusti Allah kena diendelaké, minteraké wong sing ora pengalaman.

8(19-9) Dhawuhé Gusti Allah kuwi bener, gawé bungahé ati; dhawuhé Allah kuwi adil, madhangi nalar lan budi.

9(19-10) Pangabekti marang Allah, selawasé becik, putusané Allah mesthi bener, adil ing sekabèhé.

10(19-11) Dhawuhé Gusti Allah kuwi beciké ngungkuli emas, malah emas tuwa sing akèh pisan; leginé ngungkuli madu, sing tumètès saka talaning tawon.

11(19-12) Abdi Paduka sami angsal seserepan; kawula ingkang sami ngèstokaken sami angsal ganjaran.

12(19-13) Sinten ingkang saged nyumerepi kalepatan ingkang dipun lampahi? Mugi kersa nglebur kalepatan kawula ingkang mboten kawula jarag.

13(19-14) Kang abdi mugi Paduka tebihaken saking dosa ingkang dipun jarag, sampun ngantos dosa wau ngwaosi ingkang abdi. Mila kawula badhé tanpa cacad, sarta resik saking kalepatan ageng.

14(19-15) Mugi tembung ingkang kawula ucapaken, sarta pengangen-angening manah kawula damel renaning penggalih Paduka. Dhuh Allah, Paduka menika pangungsèn saha panebus kawula.



 <<  Mazmur 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel