Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 23 >> 

1Masmur anggitané Dawud. Gusti Allah kuwi Pangènku, aku ora kekurangan apa-apa.

2Aku diengon ing pangonan kang akèh suketé seger; aku digiring menyang papan kang banyuné anteng.

3Aku diparingi kekuwatan anyar, lan dituntun menyang dalan sing bener, kaya sing dijanjèkaké.

4Lakuku senajan ngambah dalan sing peteng dhedhet, aku ora wedi bebaya, margi Paduka celak kawula; gada lan teken ingkang Paduka asta, menika njagi kawula.

5Paduka nata pasegahan kanggé kawula, wonten ing ngajenging para mengsah kawula. Paduka ngurmati kawula srana netepaken mawi lisah ing sirah kawula; tuwung kawula Paduka isi ngantos mencep-mencep.

6Kasaénan lan sih Paduka tansah badhé ngiring lampah kawula salami kawula gesang, lan kawula badhé manggèn ing Pedaleman Paduka, selami-laminipun.



 <<  Mazmur 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel