Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 26 >> 

1Anggitané Dawud. Dhuh Allah, Paduka mugi paring keadilan dhateng kawula, awit lampah kawula kalayan manah resik, pitados kawula dhateng Paduka, tanpa mangu-mangu.

2Dhuh Allah, mugi kawula Paduka cobi lan Paduka uji, Paduka kersaa nitipriksa batos lan manah kawula.

3Sebab mripat kawula nenga dhateng sih lan kasetyan Paduka, awit lampah kawula miturut ing kayektosan Paduka.

4Kawula mboten awor kaliyan tiyang ingkang remen goroh, lan mboten srawung kaliyan tiyang lamis.

5Kawula sengit dhateng pakempalanipun tiyang ingkang nindakaken piawon, lan mboten linggih ing pejagonganipun tiyang awon.

6Kawula wisuh tangan, mretandhani bilih kawula mboten gadhah kalepatan, lajeng mlampah ngubengi mesbèh Paduka, dhuh Allah.

7Kaliyan ngidung kanthi sora kekidungan minangka saos sokur, sarta nyariyosaken sakathahing pakaryan Paduka ingkang élok.

8Dhuh Allah, kawula remen dhateng Pedaleman Paduka, inggih papan pengasoaning kamulyan Paduka.

9Paduka mugi sampun ngantos mbéngkas nyawa kawula sesarengan kaliyan nyawanipun tiyang dosa, utawi mundhut gesang kawula sesarengan kaliyan nyawanipun tiyang ingkang ngwutahaken rah.

10Ingkang tanganipun tansah damel piawon, lan tanganipun tengen nampèni besel.

11Nanging lampah kawula kalayan manah resik; mila kawula kaluwarana, lan kaparingana sih-palimirma.

12Aku kalis saka sakèhé bebaya; aku arep memuji marang Allah ana ing pasamuwan.



 <<  Mazmur 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel