Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 31 >> 

1(31-1) Masmur anggitané Dawud, kanggo pemimpin penyanyi. (31-2) Dhuh Allah, kawula ngungsi dhateng Paduka, kawula mugi sampun ngantos kwirangan, ing selaminipun, mugi Paduka entasaken margi saking keadilan Paduka.

2(31-3) Paduka mugi miyarsakaken, mugi énggal paring pitulungan! Paduka mugi kersa dados pangungsèn, ingkang ngayomi saha mitulungi kawula.

3(31-4) Sebab Paduka menika parang saha bètèng kawula, ingkang ngirid saha nuntun kawula miturut janji Paduka.

4(31-5) Kawula badhé Paduka uwalaken saking kala ingkang dipun pasang tiyang kanggé kawula, sebab Paduka menika pangungsèn kawula.

5(31-6) Dhateng asta Paduka enggèn kawula mitadosaken nyawa kawula, dhuh Allah ingkang mahasetya, Paduka badhé ngluwari kawula.

6(31-7) Paduka sengit dhateng tiyang ingkang sami nyembah brahala, ingkang mboten wonten damelipun menika, nanging kawula pitados dhateng Allah.

7(31-8) Kawula badhé bingah lan giyak-giyak, margi saking sih-kasetyan Paduka, sebab Paduka pirsa kasangsaran kawula lan menggalih dhateng karibedaning manah kawula.

8(31-9) Paduka mboten ngulungaken kawula dhateng tanganipun mengsah, nanging badhé ngekahaken suku kawula, temah kawula merdika mlampah ing sapikajeng kawula.

9(31-10) Dhuh Allah, mugi melasi dhateng kawula, awit manah kawula rupek, mripat kawula mbrebes mili, nyawa lan badan kawula lemes déning prihatos.

10(31-11) Gesang kawula ngenes déning kasisahan saha umur kawula telas déning pangesah, kekiyatan kawula saya suda mergi saking kasangsaran, lan balung kawula dados pepes.

11(31-12) Kawula dipun siya-siya déning satru kawula, tangga-tepalih kawula sami giris, tiyang ingkang wanuh dhateng kawula sami éwa; menawi sumerep kawula sami mlajeng nyingkiri kawula.

12(31-13) Kawula sami dipun supèkaken presasat tiyang ingkang sampun pejah, inggih presasat prabot ingkang sampun mboten kanggé.

13(31-14) Kawula mireng tiyang kathah sami bisik-bisik, bilih kawula kinepang déning pagiris. Tiyang sami sarembag nglawan kawula, badhé njabel nyawa kawula.

14(31-15) Éwasemanten kawula pitados dhateng Paduka, dhuh Allah, awit Paduka menika Allah kawula.

15(31-16) Begja-tiwas kawula wonten ing asta Paduka, Paduka mugi ngluwari kawula saking tanganipun satru, ingkang ngoyak-oyak kawula.

16(31-17) Mirsanana abdi Paduka kalayan sih-kadarman, mugi kersa milujengaken awit saking sih-piwelas Paduka.

17(31-18) Dhuh Allah, kawula mugi sampun ngantos kwirangan, margi kawula sesambat dhateng Paduka. Tiyang jahat kadamela wirang, kajengipun pejah lan mingkem cangkemipun.

18(31-19) Sakathahing lambé ingkang goroh dadosa bisu, awit ngungel-ungelaken tiyang jujur mawi piangkuh lan panyenyamah.

19(31-20) Iba agenging kesaénan ingkang Paduka cawisaken, dhateng tiyang ingkang sami ngabekti dhateng Paduka, lan ingkang Paduka luntakaken dhateng tiyang ingkang sami ngungsi dhateng Paduka, wonten ing ngajenganing para manungsa.

20(31-21) Tiyang-tiyang wau sami Paduka ayomi wonten ing ngarsa Paduka saking pangrancangipun tiyang awon. Paduka umpetaken ing panggènan ingkang kalis ing tukar-paben.

21(31-22) Pinujia Allah, awit saka sih-kasetyané, kang dilairaké marang aku wujud kaélokan, ing wektu aku ketaman kasusahan.

22(31-23) Salebetipun gugup mergi kagèt, kawula nggagas bilih kawula sampun katundhung saking ngarsa Paduka. Nanging nyatanipun Paduka miyarsakaken atur kawula, nalika kawula sesambat dhateng paduka.

23(31-24) Hé sakèhé para kekasihé Pangéran, padha tresnaa marang Allah. Allah iku ngayomi marang wong sing setya, nanging wong angkuh diwales.

24(31-25) Hé sakèhing wong kang precaya marang Allah, padha disentosa lan ditatag atimu.



 <<  Mazmur 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel