Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 33 >> 

1Hé wong mursid, padha surak-suraka krana Allah! Wong jujur atiné patut menawa memuji.

2Padha saosa puji marang Allah nganggo clempung, kidungna pujiné nganggo slukat kawat sepuluh.

3Saosa kidung pamuji anyar; sing apik anggonmu nindakaké, dibarengana swara kang sora.

4Sebab pangandikané Allah iku nyata, sarta sakèhé pendamelé adhedhasar kasetyan.

5Panjenengané remen marang kabeneran lan prenatan; kasetyané tinemu wrata ing salumahing bumi.

6Sakèhing langit katitahaké déning sabdané Allah, srengéngé, rembulan lan lintang-lintang déning Rohing lésané.

7Segara-segara diklumpukaké dadi siji, telenging samodra didadèkaké kamar simpenan.

8Salumahé bumi padha wedia marang Allah, wong saisiné jagad padha gemetera ana ing ngarsané.

9Sebab Panjenengané ngandika, kabèh banjur dumadi. Panjenengané dhawuh, kabèh banjur ana.

10Allah murungaké rancangané bangsa-bangsa; rancangané para umat dibuyaraké.

11Nanging rancangané Allah tetep ing selawasé, apa sing dikersakaké, lestari turun-temurun.

12Begja bangsa sing nganggep Panjenengané dadi Allahé, bangsa sing dipilih Panjenengané dadi umat kagungané.

13Allah mirsani saka swarga, mirsani umat, manungsa kabèh.

14Saka pedalemané mirsani marang sakèhé wong saisiné bumi.

15Panjenengané kang yasa atiné manungsa, sarta mirsani apa sapenggawéné kabèh.

16Raja enggoné menang perangé ora merga akèh tentarané, lan prejurit menang ora merga kekuwatané.

17Jaran, mokal yèn marakaké menang, sarta sepira gedhéning karosané ora ngolèhaké pangluwaran.

18Tingalé Allah ngawasaké wong sing mbangun-turut marang Panjenengané, sing padha ngarep-arep marang sih-kasetyané.

19Wong mau padha diuwalaké saka ing pati, sarta padha diuripi ing mangsané paceklik.

20Kita padha nganti-anti marang Allah, Panjenengané kuwi pitulungan kita lan tetamèng kita!

21Ati kita padha bungah krana saka Panjenengané, kita padha precaya marang asmané kang suci.

22Dhuh Allah, sih-kadarman Paduka mugi nunggila kaliyan kawula, awit kawula ngantos-antos Paduka.



 <<  Mazmur 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel