Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 39 >> 

1(39-1) Kanggo pemimpin penyanyi. Masmur anggitané Dawud. Kanggo Yedhutun. (39-2) Aku wis ngucap mengkéné, "Pengarep-arepku, supaya aku ora gawé dosa srana ilatku. Cangkemku arep dakbrangus, sajroné isih ana wong ala ana ing ngarepku."

2(39-3) Aku nuli bungkem lan meneng, dalah sing becik dakenengaké waé; nanging sangsaraku malah saya banget.

3(39-4) Atiku saya kebak rasa sumelang. Saya akèh enggonku mikir, saya mundhak akèh karibedanku; aku ora betah, banjur munjuk mengkéné,

4(39-5) "Dhuh Allah, taksih pinten dangunipun gesang kawula? Mbénjing menapa kawula badhé kapundhut? Supados kawula mangertos cekaking gesang kawula.

5(39-6) Èstu, umur kawula sampun Paduka tetepaken namung sakilan, kagem Paduka gesang kawula namung saklébatan. Inggih, saben tiyang menika presasat namung abab kémawon.

6(39-7) Kesinggihan, gesangipun manungsa namung kados ayang-ayangan ingkang langkung. Namung sami usrek rebatan prekawis ingkang tanpa gina, sami nenandho, nanging mboten sumerep sinten ingkang mangkénipun badhé ndarbèni.

7(39-8) Lah, samenika menapa malih ingkang kawula antos-antos, dhuh Allah? Kawula namung ngajeng-ajeng dhateng Paduka piyambak!

8(39-9) Paduka mugi ngluwari kawula saking panerak kawula sedaya, kawula sampun ngantos dados poyokanipun tiyang gemblung.

9(39-10) Kawula mèndel mboten kumecap, sebab Paduka piyambak ingkang ndhatengaken kasangsaran kawula menika.

10(39-11) Kawula mugi sampun Paduka gebag malih! Awit kawula mèh pejah margi panggebaging asta Paduka.

11(39-12) Paduka melèhaken tiyang srana panyiksa margi piawonipun. Sedaya kaéndahanipun kalebur, kados déné katedha ing renget, saèstunipun saben tiyang menika namung presasat abab kémawon.

12(39-13) Dhuh Allah, mugi miyarsakaken pandonga kawula, mugi nilingaken dhateng pesambat kawula, sampun kèndel kémawon mirsani luh kawula! Awit kawula menika tiyang neneka kados para leluhur kawula, ingkang mertamu sawetawis wekdal dhateng Paduka.

13(39-14) Mugi kersa mindhah paningal Paduka saking kawula, temah kawula badhé bingah, saha saged lejar sadèrèngipun tilar-donya, lajeng sirna!"



 <<  Mazmur 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel