Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 41 >> 

1(41-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. (41-2) Begja wong kang nggematèni wong sing kesrakat! Allah bakal mitulungi wong mau samasa nemu kasangsaran.

2(41-3) Wong kuwi bakal direksa lan dilestarèkaké uripé, mulané diarani begja ana ing bumi; Paduka mboten marengaken tiyang menika dipun sewenang-wenang déning satrunipun.

3(41-4) Samasa wong mau lara bakal dikuwataké déning Allah ana ing peturoné, sarta dipulihaké nganti waras babar-pisan.

4(41-5) Mungguh aku, aturku mengkéné, "Dhuh Allah, mugi kawula Paduka welasi, mugi Paduka sarasaken, sebab kawula sampun damel dosa dhateng Paduka!"

5(41-6) Satru kawula mujèkaken awon dhateng kawula, "Mbésuk kapan wong kuwi mati, sarta jenengé ora kocap menèh?"

6(41-7) Tiyang ingkang tuwi namung lelamisan, kajengipun namung ngempalaken pawartos awon, samasa medal lajeng dipun cariyosaken samergi-mergi.

7(41-8) Sedaya tiyang ingkang sengit dhateng kawula, sami ngraosi awon kalayan bisik-bisik, sarta ngenam-enam piawon tumrap kawula.

8(41-9) Pangucapipun, "Wong kuwi larané wis banget, lan ora bakal tangi saka peturoné menèh!"

9(41-10) Dalah mitra ingkang kawula pitados, ingkang tumut nedha sekul kawula, sampun ngungkuraken kawula.

10(41-11) Nanging dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, sarta kersaa mulihaken kesarasan kawula, tiyang-tiyang wau lajeng badhé kawula wales.

11(41-12) Srana mekaten kawula mangertos, bilih Paduka rena dhateng kawula, lan mboten marengaken satru kawula bingah ing ngatasipun kawula.

12(41-13) Tumrap kawula, Paduka kepareng ngekahaken kawula, margi tindak kawula leres. Paduka ngiyataken adeg kawula wonten ing ngarsa Paduka ing selaminipun.

13(41-14) Pinujia Pangéran, Allahé Israèl! Langgeng ing selawas-lawasé! Amin! Amin!



 <<  Mazmur 41 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel