Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 46 >> 

1(46-1) Kidung anggitané bani Korakh kanggo pemimpin penyanyi; laguné kaya kidungé para putri. (46-2) Allah iku pangungsèn lan kekuwatan kita, ketitik saka bangeté enggoné mitulungi ing mangsa karibedan.

2(46-3) Mulané kita padha ora wedi, senajan bumi gonjing, lan gunung padha jugrug ing dhasaring segara;

3(46-4) senajan ombaké segara gemuruh, gawé horegé gunung-gunung.

4(46-5) Ana kali sing nekakaké kabungahan marang kuthané Allah, Pedalemané Kang Mahaluhur.

5(46-6) Allah ana ing kutha kono, mula kutha mau ora bakal tumpes; ngarepaké ésuk mesthi wis dipitulungi.

6(46-7) Para umat padha gègèr, kraton-kraton padha moyag-mayig, Allah nekakaké gludhug, nganti buminé lebur.

7(46-8) Allah Kang Mahakwasa nunggil karo kita, Allahé Yakub iku pangungsèn kita.

8(46-9) Padha delengen pakaryané Allah; waspadakna kaélokan sing katindakaké ana ing bumi.

9(46-10) Panjenengané nyirep peprangan ing salumahing bumi, gendhéwa-gendhéwa diputungi, tumbak-tumbak dicoklèki, lan tamèng-tamèng diobong ing geni.

10(46-11) Dhawuhé, "Menenga, lan padha weruha yèn Aku iki Allah! Kang luhur dhéwé ing antarané bangsa-bangsa iya luhur dhéwé ana ing bumi."

11(46-12) Allah Kang Mahakwasa nunggil karo kita, Allahé Yakub kuwi pangungsèn kita.



 <<  Mazmur 46 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel