Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 47 >> 

1(47-1) Masmur anggitané bani Korakh. Kanggo pemimpin penyanyi. (47-2) Hé para bangsa kabèh, padha keplok-keploka; Allah luhurna nganggo menyanyi sing sora!

2(47-3) Allah Kang Mahaluhur iku nggegirisi; Panjenengané Raja Kang Mahaagung, sing ngwasani bumi lan saisiné kabèh.

3(47-4) Para bangsa padha ditelukaké marang kita, nganti padha dadi rèh-rèhan kita.

4(47-5) Kita wis padha dipilihaké tanah sing kita enggoni, tanah pusakané Yakub, kekasihé.

5(47-6) Allah minggah ing dhamparé, surak kabungahan lan uniné slomprèt ngiringaké sumengkané.

6(47-7) Padha saosa puji sokur marang Allah, ngidungna kidung pamuji marang Raja kita!

7(47-8) Allah kuwi Rajané jagad; mulané padha saosana puji.

8(47-9) Allah ngratoni para umat, Panjenengané pinarak ing dhamparé kang suci.

9(47-10) Para penggedhéné bangsa-bangsa kabèh padha nglumpuk, padha dadi umaté Allahé Abraham. Para prejurit sajagad dadi kagungané Allah, pangwasané ngungkuli pangwasa apa waé.



 <<  Mazmur 47 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel