Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 52 >> 

1(52-1) Kidung isi piwulang, anggitané Dawud, kanggo marang pemimpin penyanyi, (52-2) nalika Doèg, wong Édom teka, ngaturi pirsa marang Saul, yèn Dawud ana ing omahé Akhimèlèkh. (52-3) Hé satriya, yagéné kowé kokgemunggung, ngumukaké pialamu, marang wong sing dikasihi Allah tanpa wangenan.

2(52-4) Hé wong sing ora jujur. Kowé mung ngenam-enam nindakaké pangrusak. Ilatmu presasat péso panyukuran sing landhep.

3(52-5) Kowé dhemen marang piala, ngluwihi marang kabecikan, kowé seneng ngucapaké goroh ketimbang karo prekara sing nyata.

4(52-6) Kowé seneng ngucapaké tembung pitenah, hé ilat kang cidra!

5(52-7) Nanging kowé bakal ora kendhat-kendhat digempur déning Allah, bakal dicekel lan dilarak saka omahmu, lan dibedhol saka donyané wong urip.

6(52-8) Wong mursid bakal padha weruh, mula gemeter, nuli padha digeguyu, pangucapé,

7(52-9) "Delengen, mengkono kedadéané wong sing ora precaya marang Allah, lan mung ngendelaké kasugihané, sarta marang kekuwatané ngrusak."

8(52-10) Nanging mungguh aku iki bakal ana ing pedalemané Allah, kaya wit zaitun sing ngrembuyung seger riyo-riyo. Aku ngendelaké marang sih-kasetyané Allah sing langgeng selawasé.

9(52-11) Kawula badhé saos puji sokur dhateng Paduka selami-laminipun, tumrap samukawis ingkang Paduka tindakaken. Wonten ing tengahipun umat kagungan Paduka kawula badhé nyariyosaken kesaénan Paduka.



 <<  Mazmur 52 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel