Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 57 >> 

1(57-1) Miktam anggitané Dawud, nalikané ngungsi ana ing guwa saka ngarsané Saul, kanggo pemimpin penyanyi. Kaya laguné kidung: Aja ngrusak. (57-2) Kawula mugi Paduka welasi, dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, mergi namung Paduka ingkang dados pangungsèning nyawa kawula. Kawula badhé ngungsi ing sangandhaping swiwi Paduka, ngantos bebaya menika langkung.

2(57-3) Aku sesambat marang Allah, Kang Mahaluhur, marang Panjenengané sing mesthi ngrampungi prekaraku.

3(57-4) Panjenengané bakal paring wangsulan saka swarga, lan mitulungi aku. Wong-wong sing nguya-uya aku bakal ditumpes. Allah bakal nedhakaké sih-kadarman lan kasetyané.

4(57-5) Aku nglumpruk ana ing tengahé satru-satruku, sing mèmper karo singa memangsa. Sing untuné kaya tumbak lan panah, lan ilaté kaya pedhang landhep.

5(57-6) Dhuh Allah, Paduka mugi ngetingalaken kaluhuran Paduka ingkang ngungkuli sakathahing langit; saha kamulyan Paduka mugi nyrambahana ing salumahing bumi.

6(57-7) Mungsuhku padha masangi kala-jiret, nganti atiku semplah. Aku dipasangi luwangan, nanging mungsuhku mau dhéwé sing kecemplung.

7(57-8) Dhuh Allah, kawula sampun pitados saèstu; pramila kawula badhé memuji lan nglagokaken masmur.

8(57-9) Hé nyawaku, tangia! Hé slukat lan clempung tangia! Aku arep nggugah bambang-wétan supaya tangi!

9(57-10) Dhuh Pangéran, kawula badhé saos sokur dhateng Paduka ing tengahing para bangsa. Kawula badhé memuji, wonten ing tengahing para umat.

10(57-11) Awit sih-kadarman Paduka menika sundhul ing langit, lan keadilan Paduka menika sundhul ing méga.

11(57-12) Paduka mugi ngetingalaken kaluhuran Paduka ingkang ngungkuli sakathahing langit, lan kamulyan Paduka mugi nyrambahana salumahing bumi.



 <<  Mazmur 57 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel