Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 6 >> 

1(6-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin nyanyian, diiringi kecapi. Laguné kaya laguné kidung kang kawolu. (6-2) Dhuh Allah, mugi sampun ngantos maringi paukuman dhateng kawula karana duka, lan kawula mugi sampun ngantos Paduka ajar margi saking bentèring penggalih Paduka.

2(6-3) Dhuh Allah, mugi kersa melasi dhateng kawula, awit kawula ngantos mboten gadhah daya. Mugi kersa paring kekiyatan, dhuh Allah, sebab balung kawula sami gemeter.

3(6-4) Dhuh Allah, taksih pinten dangunipun enggèn Paduka rawuh; nyawa kawula giris sanget.

4(6-5) Dhuh Allah, mugi wangsul ngentas nyawa kawula, kawula mugi Paduka pitulungi margi saking sih-kamirahan Paduka.

5(6-6) Sebab tiyang ingkang sampun pejah mboten badhé ngémuti dhateng Paduka. Sinten ingkang badhé memuji dhateng Paduka wonten ing alamipun tiyang pejah?

6(6-7) Badan kawula lesu margi déning pangesah kawula; saben dalu patileman kawula ngantos teles kebes, margi déning luh ingkang nelesi bantal kawula.

7(6-8) Kawula mèh mboten saged ningali, mripat kawula dados lamur, semanten enggèn kawula nangis, margi saking pendamelipun para mengsah kawula.

8(6-9) Padha sumingkira saka aku, hé sakèhé wong kang gawé piala, merga Allah wis miyarsakaké tangisku.

9(6-10) Allah wis njurungi pandongaku, Allah wis nyembadani panyuwunku.

10(6-11) Sakèhé satruku padha kisinan lan padha wedi banget; nuli padha mundur sakal, padha kwirangan kabèh.



 <<  Mazmur 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel